26 Bathara Wisnu Krama 04 = 04 / 04 =
10. Madêg ing pråjå Garbapitu, Prabu Kålå Wisnudéwå miyós ing pandhapi, dipún adhêp Nyai Tumênggúng Kalimantragsi lan pårå punggåwå. Ngêntósi utusanipún kaliyan gandrúng gandrúng. Bótên dangu Téjåmantri Såråhitå sowan, ngaturi uningå manawi Patíh Baudhêndhå pêjah madyaníng palagan, Singåmúrti sírnå lêbúr dalah pårå wadyå yakså sadåyå. Prabu Kålå Wisnudéwå sakalangkúng ing dukanipún. Ngêrigakên wadyåbålå kêbút dalah sagagamaníng prang. Nuntên bidhal. 11. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathara Guru, Bathårå Narådå, dipún sowani pårå Déwå ngarak pangantèn Bathårå Wisnu lan Bathari Pratiwi. Bótên dangu katungkå sowanipún Bagawan Késåwåsiddhi kaliyan ingkang putrå putri, Éndhang Srisumêkar, lan matúr, manawi Bathårå Wisnu sampún langkúng rumiyín kråmå antúk Éndhang Srisumêkar. Bathårå Guru mangayubagyå, Bathårå Wisnu têtêp anggarwå Éndhang Srisumêkar, ingkang ugi lajêng dipún sêbat Dèwi Sri, dadós jodhonipún ingkang pinasthi. Lan ugi Bathari Pratiwi têtêp dadós garwanipún, ingkang ing bénjing kawêcå badhé nurúnakên putrå putri, nåmå Bambang Siti-jå (Bomå nårå kåsurå), lan Dèwi Siti Sundari, garwanipún Radèn Abimanyu, putrå Radèn Arjunå. Sartå Bathårå Wisnu kadhawuhan têtêp angadhatón wóntên ing Kahyangan Utåråsagårå inggíh Kahyangan Utåråswargå utawi Swargå utårå, taman Sriwêdari kadhawuhan mutêr kapindhah dhatêng Kahyangan Utåråswargå. Bótên watawís dangu katungkå gêggríng njawi, pangamukipún Prabu Kålå Wisnudéwå sawadyå balanipún. Pårå Déwå sadåyå sami bidhal mêthúkakên prang. Ing madyaníng paprangan, wadyå yakså mêngsah pårå Déwå. Nangíng pårå Déwa sami kasóran sadåyå tandhíng kasaktèn kaliyan Prabu Kålå Wisnudéwå. Bathårå Wisnu ugi kasóran, lumajêng nyuwún tulúng dhatêng mårå sêpuhipún, Bagawan Késåwåsiddhi. Dipún sagahi, nanging Bathårå Wisnu kapuríh samadi ngêningakên ciptå, margi Prabu Kålå Wisnudéwå punikå satuhu sakalangkúng sakti bótên wóntên tandhingipún, kajawi namúng kaliyan Bagawan Késåwåsiddhi. Margi sadåyå punika badhé dadós trimúrti ingkang sajiwå kaliyan Bathårå Wisnu. Bagawan Késåwåsiddhi lajêng majêng prang mêngsah Prabu Kålå Wisnudwå, wêkasan sakalihipún sampyúh sírnå, jiwanipún manjíng dhatêng hangganipún Bathårå Wisnu. Wadyå yakså Garbåpitu ngamúk punggúng bélå sirnaníng gústi, dipun tadhahi pårå Déwå sadåyå. Nyai Tumênggúng Kalimantragsi sawadyå pêjah sírnå lêbúr dipún amúk Bathårå Bayu lan pårå Déwå, Tayungan. 12. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathara Guru, Bathårå Narådå, pangantèn lan pårå Déwå sadåyå sami sukå sukå, langên lénggót båwå.
Tancêp Kayón.
 Prabu Kålå Wisnudéwå
|