25 Bathara Wisnu Krama 03 = 03 / 04 =
7. Madêg ing patapan Ékåwarnå, Éndhang Srisumêkar lan êmban. Katungkå rawuhipún ingkang råmå lan Bathårå Wisnu, ingkang lajêng dipún dhaupakên antúk Éndhang Srisumêkar, sartå kapasrahan sêkar Wijåyåkusumå ingkang nêmbé layu. Sasampunipún nutúg amóng asmårå, BathåråWisnu lajêng nyuwún pamít nêdyå nutugakên lampah dhatêng Kahyangan Ékåpratålå. Nuntên bidhal kaliyan pånåkawan. Ing sabidhalipún Bathårå Wisnu, Bagawan Késåwåsiddhi sangêt sumêlang ing panggalíh, tuwín tansah dipún gubêl ingkang putrå putri. Mila nuntên bidhal nusul lampahipún Bathårå Wisnu sartå nganthi Éndhang Srisumêkar. 8. Madêg ing pråjå Garbåpitu, Prabu Kålå Wisnudéwå miyós ing pandhapi kaliyan kalangênanipún Singåmurti, Patih Kålå Baudhêndå, Nyai Tumênggúng Kalimantragsi, lan punggåwå. Katungkå sowanipún Téjåmantri Såråhitå, ngaturi uningå, manawi punggåwå utusan sami pêjah sadåyå, prang mêngsah Bathårå Wisnu. Sartå ngaturi uningå, bilíh Bathari Pratiwi gadhah pêpanggíl, sintênå kémawón ingkang sagêd maringi sêkar Wijåyåkusumå, punika ingkang badhé dipún suwitani dadós guru lakinipún. Prabu Kålå Wisnudéwå radi padhang panggalihipún, margi sang prabu sampún kagungan dhangkèlíng sêkar Wijåyåkusumå, dumunúng wóntên têlakipún singåbaróng Singåmurti ingkang sagêd tåtåjanmi. Prabu Kålå Wisnudéwå nuntên ngutús Patíh Baudhêndhå lan wadyå ngatêrakên Singåmurti dhatêng Kahyangan Ékåpratålå. Bibaran paséwakan. 9. Madêg ing Kahyangan Ékåpratålå, Bathari Pratiwi kaliyan kalangênanipún banthèng wulúng sagêd tåtå janmi ingkang kanggènan cangkókíng sêkar Wijåyåkusumå, nåmå Handåkåmurti. Nampi rawuhipún sang Hyang Antabogå lan pårå Déwaníng bumi, sapêrlu anjagi lan têtulúng ing karépótanipún sang Bathari. Bótên watawís dangu katungkå rawuhipún Bathårå Indrå, Bathårå Bråmå, Bathåra Sambo, Bathårå Bayu lan pårå Déwå, ugi sapêrlu nêdyå têtulúng ing karêpótanipún sang Bathari, déné kathah pårå Nåtå pårå Déwå ingkang kapéngín angrabi dhatêng sang Bathari, lan wóntên sawatawis ingkang ngancam nêdyå ngrodå pari pakså. Bótên watawís dangu katungkå rawuhipún Bathårå Wisnu lan pånåkawan, ngaturakên sêkar Wijåyåkusumå, dipún tampèni sang Bathari, nangíng dhaupipún nyuwún ngêntósi jangkêpipún sêkar Wijåyåkusumå dalah cangkók lan dhangkèlipún. Bótên watawís dangu katungkå sowanipún Patíh Kålå Baudhêndhå lan wadyå, ngiríd Singåmurti. Sang Hyang Antabogå ngandikå, bótên sagêd nampi, margi punikå sanès rupi sêkar Wijåyåkusumå sajangkêpipun, nangíng rupi singåbaróng. Sulayaning rêmbag, dadós prang. Singåmúrti ngamúk punggúng, kathah pårå Déwa ingkang nandhang tatu lan sakit, kacakar kabrakót déning Singåmurti. Lajêng dipún tandhingi déning Håndåkåmúrti, campúh langkung ramé wêkasan sakalihipún pêjah sampyúh, kuwandå sírnå, babar dadós cangkók lan dhangkèlipún sêkar Wijåyåkusumå, kapêndhêt déníng Bathårå Wisnu. Patih Kålå Baudhêndhå ngamúk punggúng, pêjah déning Bathårå Wisnu. Wadyå yakså kasór sírnå larút mawút. Ing Kahyangan Ékåpråtålå, Bathari Pratiwi lan pårå Déwå. Bathara Wisnu maringakên jangkêpipún sêkar Wijåyåkusumå, lajêng kalampahan dhaúp dipún jurungi pårå Déwå sadayå. Sasampunipún punikå, Bathårå Indrå paríng dhawúh, awít sakíng dhawuhipún sang Hyang Guru, sasampunipún Bathari Pratiwi kalampahan dhaúp, kapuríh ambayangkaré dipún arak dhatêng Kahyangan Junggríng Salåkå. Sadayå sami ngèstókakên dhawúh, lajêng sami bidhal ngarak pangantèn.
 Handoko Murti
 Singa Murti
|