Puspåwarnå - ᭙

12. Porno

Porno nduwé têgês síng ora sithík amårgå ånå têmbúng síng cêdak utåwå mèh pådå têgêsé, kayåtå: saru, lékóh, trócóh, wudó (blêjêt), nglêgênå, lan liyå-liyané.
Båså Indonésiané porno: cabúl lan wiwít ånå têmbúng utåwå istilah pornografi lan pornoaksi.
Pornografi ditêgêsi gêgambaran kêlakuané manungså síng érotis, biså ngundang lan nangèkaké syahwat (sèx) rupå gambar utåwå tulisan.
Kêjåbå såkå iku pornografi biså rupå barang (kasat måtå) síng disêjå lan digawé biså ngundang lan ngunggahaké nafsu syahwat.
Nóntónaké sarirå åpå manèh ngobahaké pérangan badan síng sêtêngah wudå utåwå wudå blêjêt sinêbút pornoaksi.
Pornografi lan pornoaksi bisa kêdadèn ånå ing ngêndi waé kayåtå ing télévisi, film (biru), vcd, dvd, majalah, koran, buku, foto, gambar, ånå ing panti pijêt, salón, púb, nite clúb lan liyå-liyané.
Wêktu iki ånå têngårå mênåwå pornografi lan pornoaksi ngrambah ngrêmbåkå ånå ngêndi-êndi ora pêrduli ånå kuthå utåwå déså.
Pókóké akèh bangêt.
Ånå síng têrang-têrangan, ånå síng dêdhêlikan, ånå síng nduwèni idzin (légal) lan ånå síng ilégal.
Ora saiki ora biyèn, bab síng disêbút barang wadi, saru, lékóh, trócóh, wudå, nglêgênå lan liyå-liyané, umuré pådhå karo umuré manungså.
Ånå ing buku Cênthini jilíd sångå nómêr pitúng pulúh ênêm, nyritakaké kêdadéyan síng nêmah anak-anaké Ki Nuripin síng jênêngé Banêm, Baniyêm lan Baniyah.
Anak têlu-têluné “digarap” karo Jayèngrågå.
Giliran sêpisan Si Banêm dicritakaké nganggo têmbúng: “yúng yúng adhúh biyúng déné sakít têmên.
Yayèngrågå astanyå ngukuhi, tinêtêp ancêpé, lír nyêlumbat klåpå....... lan satêrusé” Si Banêm síng prawan kasèp dadi ora prawan manèh.
Kêdadéyan síng nêmah Banêm, dirungókaké karo Banikêm lan Baniyah.
Dicritakaké mênåwå: “Ni rårå ro, si Banikêm lan Baniyah sasuwéné ngrungókaké suwarané tíng balêkúk myang krêngkité ambèn ngramêni, samyå ngilêr ngilu ngisór ndhuwúr.....lan satêrusé”.
Ringkêsé, têlu-têluné Banêm, Banikêm lan Baniyah bêngi iku wís ora prawan manèh.
Bab pêkêrja sèx kómêrsial (psk) ånå jaman wingi uni ugå akèh.
Lêlakóné para sindhèn, rónggèng lan tandhak ugå disêbút ånå ing buku Cênthini.
Dicritakaké mênåwå Ni Wulanjar, Ni Sangidah, Ni Tarijah lan Biyang Kacêr (síng ayu) njógèd lan pådhå ngibíng karo tamu-tamuné nganti lingsír wêngi.
Ånå pérangan liyå dicritakaké : “Kèh solahé wirågå ni Lanjar ngakèn pêrawan sunthi, anggúng nêkêm guthúl, èsmu ngungún gèngipún, såyå drèng asmaranipún ...... lan satêrusé.”
Ana ing sastrå Jåwå “modèrn” ugå ånå crita síng biså dianggêp porno.
Soebagijo IN ana ing tulisané síng sêsirah “Porno dalam Sastra Jawa” uga nyuplík mêngkéné : “Iyå. Saiki kowé gênah wuda ngono.
Wudamu luwíh apík tinimbang disandhangi apa baé. Sanadyan sutrå síng larang pisan. Ujaré Budi karo mak-mêk”.
Sabanjuré ugå nyuplík crita : “Sarêng malêbêt ing wísmå, manjíng sênthóng sarêng tiyang kalíh, nêlasakên sakayangipún.
Tan wrúh ing isín wirang, tan kélingan pringgå båyånirèng laku.
Wús kalap ing kaluputan, katarík dinadhúng iblís”.
Babagan critå sing sipat porno wiwít biyèn ånå, nangíng ora kåyå jaman saiki.
Crita porno gambar porno, ngrêmbåkå ånå ngêndi-êndi, ing pasar-pasar, têrminal, toko-toko buku, malah wís mlêbu ånå sêkolahan-sêkolahan.
Pornografi lan pornoaksi wís ngambah têkan ndéså-déså.
Têngårå krisís moral wêktu iki wís kêdadèn lan ngédab-édabi.
Adêgan síng sipat porno (grafi, aksi) ånå ing film, télévisi,vcd, dvd lan liya-liyané wís kåyå lumakuné banjír síng angèl ditanggulangi.
Èksès utåwå dhampak ålå såkå kabèh mau såyå tambah såyå mratah nyurúng anané kêdadéyan síng nisthå.
Tumindak jina, nêrak pagêr ayu, slingkúh, rudå pakså sèxual, sanggåmå pra nikah, nggugúraké kandhungan lan liya-liyané akèh kêdadèn.
Kahanané såyå nguwatiraké lan mrihatinaké.
Wís wêktuné undang-undang åpådéné pêraturan dhaérah ngênani pornografi lan pornoaksi dirêmbúg têrús di têtêpaké lan disahaké.


Déníng : Ki Sutadi
Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

 kds penutup
wangsul-manginggil

Логофет Вадим Геннадьевичвиола екатеринбург официальный сайтресторан nikas отзывы

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9897103
  Hari ini     :  Hari ini :587
  Kemarin     :  Kemarin :1497
  Minggu ini   :  Minggu ini :6186
  Bulan ini   :  Bulan ini :41884
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang