Puspåwarnå - ᭙

11. Drêdah

Njingglêngi kahanan wêktu iki akèh prêkårå síng mrihatinakê yåkuwi drêdah ånå ing ngêndi-êndi.
Ånå ing Dêså ånå drêdah antaranê pêrangkat Dêså karo institusi Dêwan Pêrwakilan Dêsa.
Drêdah ugå kêdådèn ånå ing pilihan Kêpala Dêsa.
Amargå jagonê kalah, kadhêr-kadhêrê pådhå ora trima têrus ngrusak swasånå ing padêsan.
Kahanan arupå drêdåh disurúng kåro bab politik.
Politik ånå sambúng rakêtê karo pamríh (intêrèst) kanggo ngrêbút “kêkuasan” ing tataran ndhuwúr têkan tataran ngisór.
Cak-cakanê ora múng ngrêbút posisi ing pêmêrintahan, nangíng ånå ing partai wiwít pusat têkan rantíng.
Karånå iku mulå ånå drêdah ing ranah politik.
Undêranê kêpêngín dadi têtunggulíng partai amargå rumangsa palíng biså.
Drêdah antaranê kadhêr partai siji lan sijinê bisa kêdadèn amargå rêbút bênêr.
Drêdah biså kêdadèn ånå ing njåbå (lapangan), nangíng bisa ånå ing njêro gêdhúng.
Amargå ora cócók karo tatib kongrès têrús prótès.
Kahanan dadi ramê lan ruwêt. Amargå usulanê ora ditåmpå têrús mêtu såkå gêdhúng (walk out).
Ånå ing njåbå gêdhúng ugå ramê amargå pådhå nduwèni pêndhukúng.
Atusan pêndhukúng pådå adhêp-adhêpan arêp adu jótós.
Ånå manèh drêdah síng nêmah pårå ulama ånå ing múktamar.
Amargå kalah swårå ora kêpilíh dadi suhíng partai, ati dadi panas ora trimå karo kanyatan.
Drêdah uga nêmah ing institusi lêgíslatif, antaranê para wakíl rakyat amargå bêdå fraksi, pêrsèpsi lan bêdanê bab síng diyakini.
Rapat fraksi dadi ajang padudón têrús mlêmbar ånå ing rapat plêno.
Udan intêrúpsi dadi kahanan sing ånå ing rapat-rapat DPR.
Kahanan dadi panas malah akèh anggota síng maju (mlumpat) nyêdhaki mêjå pimpinan.
Ånå síng bêngók-bêngók nganggo têmbúng síng ora pantês lan pådhå jóróg-jórógan.
Kahanan såyå panas dadi kisrúh ora karu-karuhan.
Kêjåbå såkå iku, antaranê anggota lêgislatif karo èksêkutif biså nuwúhakê drêdah.
Amargå diarani “Ustadz ing kampúng malíng” kahanan dadi panas.
Síng siji rumångså bênêr, síng sijinê ugå rumångså bênêr.
Kawitanê amargå bêdå panêmu lan pênafsiran tumrap wêwatón síng diênggo landhêsan.
Ing jajaran èksêkutif, ånå kêdadêyan cèkèr-cèkèran amargå bêdå panêmu, rumångså bênêr lan rêbút bênêr.
Amargå ora cócók karo gaya kêpêmimpinanê, pådhå ramê-ramê mundúr såkå jabatan struktural.
Ånå manèh conto, amargå watak kêpalanê síng adigang, adigúng lan adiguna, ora nguwóngakê uwóng, lan liya-liyanê, anak buahê pådhå gawê layang budhêg.
Malah ånå síng dêmo lan ngumpúlakê tandha tangan milíh mundúr såkå jabatanê.
Kahanan lan swasånå kantór dadi ora sêhat.
Ing padêsan ånå kadadêyan sêpêlê dadi gêdhê.
Mulå ånå têtêmbungan kriwikan dadi grójógan.
Kêdadêyan mau kawitanê såkå udúr amargå rêbút bênêr utåwå rumångså bênêr.
Udúr dadi èyèl-èyèlan munggahê dadi padu.
Sabanjurê, padudón dadi kêrêngan utåwå adu karosan.
Kadhangkålå ånå síng mbêlani amargå ånå sêsambungan pasêduluran utåwå kêkancan.
Amargå kåncå tunggal dêsa têrús dibêlå.
Kahanan dadi ramê utåwå ruwêt. Krêngan utåwå “pêrang” antar kampúng dadi kanyatan.
Sabanjurê nuwúhakê drêdah síng ora bisa dirukúnakê.
Mênåwå ora ånå síng nêngahi kahanan dadi usrêg ora karuh-karuhan.
Ora múng tatu lan mêtunê gêtíh amargå “kónflík antar kampúng”, råjå pati bisa nêmah såpå waê.
Kabèh mau gumantúng gêdhê cilikê prêkårå síng dadi jalaran.
Ing padêsan, drêdah lan krêngan bisa kêdadèn amargå rêbutan banyu.
Banyu síng anyêp biså nuwuhakê panas kang njalari drêdah lan krêngan.
Ora múng kuwi, krêngan bisa nêmah anggota kórps antaranê têntara karo pulisi.
Amargå tabrakan lalu lintas lan rumangsa bênêr dhêwê, bisa dadi drêdah.
Kêjåbå såkå iku, ånå drêdah síng ndadèkakê cêcóngkrahan amargå rêbutan warisan.
Padudón, èyèl-èyèlan munggahê têkan krêngan bisa kêdadèn amargå rêbutan kikís pêkarangan.
Prêkårå rêbutan kikís (batas) pêkarangan ora múng kåncå utåwå tånggå, pasêduluran biså dadi bubrah.
Amargå rumangsa bênêr antaranê siji lan sijinê dadi prinsip síng dikukuhi.
Mênåwå mlêbu ing babagan palêmahan (bumi, siti, prêtiwi) têkan ngêndi waê dibêlani.
Mulå ånå têtêmbungan: sêdumúk bathúk sênyari bumi di tóhi pati.
Sêmono antêpíng têkad amargå ngrungkêbi bab síng wigati.
Wêktu iki, kahanan síng arupå drêdah biså nêmah såpå waê.
Ånå ing ing lêmbaga lêgislatif utåwå ånå ing èksêkutif.
Ånå ing alam transisi dêmokrasi wêktu iki akèh kahanan síng angèl disikêpi.
Prêkårå êkonomi gandhèng karo pêrkårå (pamríh) politik.
Prêkårå hukúm sók cêngkah karo prêkårå sosial kêmasyarakatan.
Manút landhêsan hukúm bênêr, nangíng wêwatón kahanan kurang pênêr.
Normatif bênêr nangíng sosiologis kurang pênêr.
Gêgandhèngan karo akèhíng drêdah mau ånå wulangan Jåwå síng biså digunakakê kanggo ngurangi ruwêtê kahanan.
Ånå ing tataran ndêså biså nggunakakê wulangan “ånå rêmbúg dirêmbúg”.
Kêjåbå såkå iku ånå ujaran “åjå watón muni, níng muniå síng nganggo watón”.
Ringkêsê supåyå tansah nggóndhèlan aturan utåwå paugêran (hukúm, undang-undang).
Ånå ing ajaran Islam ugå ånå piwêlíng supåyå pådhå tabayún, tasamúk lan islah supåyå drêdah biså dipungkasi.
Ånå ugå têmbúng lawas “dêsa måwå cårå nêgårå måwå tåtå”.
Wêwatón têmbúng iki suprêmasi hukúm kudu di cakakê ing sabên tataran, síng såpå salah sèlèh.
Ngadhêpi drêdah antaranê Malaysia karo Indonêsia prêkårå blók Ambalat, biså waê ngêcakakê ujar “sêdumúk bathúk sênyari bumi di tóhi pati”.
Sawijiníng cårå kanggo nggugah nasionalismê supåyå luwíh trêsnå marang bumi nuswantårå.
Kanggo nggugah sêmangat pårå mudhå bisa nganggo sêsumbar “iki dhadhaku, êndi dhadhamu”.
Sak gêndhíngmu tak ladèni utåwå nganggo têmbúng “rawê-rawê rantas malang-malang putúng”.
Akèh bangêt ajaran Jåwå síng biså dadi rêfêrènsi ngadhêpi drêdah síng laras karo kahanan.
Kêjåbå såkå iku ugå ånå wulangan síng angèl di cakakê, yakuwi: “nglurúg tanpå bålå, mênang tanpå ngasórakê”.
Utåwå nêmpúh cårå diplomasi síng landhêsan prinsip “win-win solution”.


Dêníng : Ki Sutadi
Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonêsia Kómisariat Jawa Têngah

 kds penutup
wangsul-manginggil

автомат bananas go bahamasчугунный пресс для гриляникас работа

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9936511
  Hari ini     :  Hari ini :250
  Kemarin     :  Kemarin :1686
  Minggu ini   :  Minggu ini :6010
  Bulan ini   :  Bulan ini :36136
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 8

Kontak Admin.

email-kidemang