Pranåtå Cårå - ᭙

52. Tuladha Rumpaka
(Panyandra Temanten Kirab angka I)

us dumugi unggyan ingkang tinuju, ki suba manggala gya asung dhumateng putra temanten sarimbit nulya jengkar saking sasana rinengga, jengkaring putra temanten pindhane sri narendra lagya cangkrama kalihan ingkang garwa. (Lajeng mungel Ketawang Langen Gita Sri Narendra laras pelog pathet barang).
Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, padatan kirabing putra temanten punika dipun rumpaka, wondene rumpaka punika wonten kalih,
1. rumpaka panyandra;
2. rumpaka wedharan;
Kepareng kula ing mriki ngaturaken rumpaka wedharan, binarung swaraning gangsa kang hambabar ketawang Langen Gita Sri Narendra katingal putra temanten jengkar saking sasana rinengga keparenging sedya marak sowan wonten ngarsanipun para rawuh manjing ing panti busana arsa ngrucat busananing kanarendran badhe hangrasuk busana kasatriyan, sinten ta pinangka pangarsaning lampah inggih winastan suba manggala ingkang ateges suba punika sae, manggala punika dados pangarsa ingkang sae, mila mboten mokal lamun ta kadang ___________ piniji pinangka pangarsaning lampah ingkang mengku werdi asung pralampita dhateng para putra temanten sekalihan engeta dhumateng Gusti ingkang akarya loka, mila jejering manggala suba namung setunggal, sinambunging lampah ki suba manggala lah punika ta warnane ingkang sinebut pratiwa manggala, talang pati inggih satrya kembar pinilih taruna kang bagus warnane kembar busanane mengku pralampita dhumateng putra temanten tansaha kembar pakartine, kembar cipta, rasa lan karsane, menggah werdinipun satriya pralampita mugi Sri atmaja temanten sageta hanglenggahi jejering satriya tama ingkang winengku tri prakawis:
- Ora golek seneng nanging kudu bisa gawe senenging liyan.
- Ora golek marem nanging kudu bisa gawe mareming liyan.
- Ora golek jeneng nanging kudu bisa njunjung asmaning liyan.
Inggih tiyang ingkang sampun saget nindakaken tri prakawis punika saget pikantuk sesebatan satriya tama ingkang abudi luhur, punika pangajabing putra temanten.
Sinambunging wuri tindakira satriya kembar lah punika ta warnanira ingkang winastan patah sakembaran ingkang dumadi saking kenya alit - alit ingkang ayu - ayu warnane edi peni busanane, asung pralampita dhumateng putra temanten pinangka:
P anuntun
A mrih temanten sekalihan
T ansah bisoa
A sih, asah, asuh ingkang sarta
H ayu, hayom, hangayemi
Ingkang lumaksana sawingkingipun patah sakembaran lah punika ta pinangka punjering cinarita inggih sekaring pawiwahan, tindake putra temanten sekalihan ingkang kinanthi panjenenganipun Ibu ___________ saha Ibu ___________ anggenya lumaksana tansah kekanthen asta bebasan renggang gula kumepyur pulut datan genggang sarema, sapecak mangu satindak kendel ing sedya amung meminta nugrahaning Gusti ingkang sarta nyuwun dhumateng para rawuh mugi anggennya netebi darmaning gesang ngancik ing alam madya ingkang linantaran hanambut sih sutresna susila hakrami tansah pinaringan rahayu nir hing sambekala, ingkang lumaksana salajur sisih jajar kalih sawingkingipun putra temanten nun inggih pethanipun putri dhomas, menawi wonten ing Ngayogyakarta winastan pager hayu, menawi wonten Surakarta winastan Dhomas, dho punika kalih, emas punika kawan atus, jangkep wolung atus mengku pralampita dhumateng putra temanten bisoa hanetebi hasta karya hasta brata karyaning bebrayan agung, wekdal punika putri ingkang pindha dhomas namung nenem ingkang ateges nemtokaken jumbuh ing raos sejati kang tumanduk dhurnateng putra temanten ingkang ginebeng nem prekawis inggih punika:
- Wahyaning raos hasmara nadha inggih sengseming pangucap.
- Wahyaning raos hasmara nala inggih sengseming manah.
- Wahyaning raos hasmara tura inggih sengseming sih.
- Wahyaning raos hasmara turida inggih sengseming kaprihatosan.
- Wahyaning raos hasmara tantra inggih sengseming turun.
Sawingkingipun putri kang pindha dhomas, para kadang wredha ingkang sami sarimbit kalihan garwa esthining manah amung jurung puji hastuti puja hastawa mugi putra temanten anggenipun mangun bebrayan enggal tansah pinaringan karaharjan ing janaloka prapteng loka baka.
Ingkang lumaksana sawingkingipun sri temanten sekalihan ingkang rama saha ibu pinangka jejering pungkasaning lampah ingkang ing ngarsa asung tuladha ing madya mangun karsa ing wuri handayani rumaos bombong birawaning manah ingkang rama saha ibu ngawuningani putra temanten sekalihan ingkang ginarubyug para kadang wandawa saha sineksen sanggyaning para rawuh, mugi anggenya netebi wajibing gesang lantaran nambut sih sutresna susilaning akrami tansah manggiha raharja mulya. Wus ndungkap unggyan ingkang tinuju sang suba manggala gya sung sasmita dhateng putra temanten nulya manjing ing sasana busana ngrucat busana kanarendran hangrasuk busana kasatriyan.
Para rawuh saha para lenggah makaten menggah anggen kula ngaturaken rumpaka wedharan kirabing putra temanten, pangalembana miwah panyaruwe kasumanggakaken dhumateng para rawuh saha para lenggah.


Kapethik saking : Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara
Rinakit dening : Soenarwan Hadi Poernomo, Latimin Winoto Adi

 kds penutup
wangsul-manginggil

Полигонпокрытие сковородокникоса сайт

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

    Jumlah Pengunjung

1106102
  Hari ini     :  Hari ini :1619
  Kemarin     :  Kemarin :2880
  Minggu ini   :  Minggu ini :9373
  Bulan ini   :  Bulan ini :1619
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6906
Online : 118

Kontak Admin.

email-kidemang