51. Tuladha Rerepen Dhandhanggula Kangge Nyarengi Jengkaring Suba Manggala
|

Sekar Dhandhanggula
1. Hanyarkara sinanggit memanis Hangrumpaka pahargyan prasaja Dahat edi sanyatane Sinten kang nembe mantu Hamiwaha atmajaneki Mahargya marang putra Ingkang sampun dhaup Bapak ___________ Sekalihan kang hanggung tulus marsudi Budayaning priyangga.
2. Wus manunggal keblat hanyawiji Amrih bisa lestari widada Sri penganten sakarone Jinangkung ing Hyang Agung Saniskara ingkang kaesthi Sembada kang sinedya Jumbuh kang ginayuh Guyub rukun ing bebrayan Runtut atut tumekeng kaki lan nini Manggiha bagya mulya.
Keterangan: Satelasing sekar Dhandhanggula kalih pada punika, manawi dereng cekap saget dipun sambung ayak - ayakan slendro 9.
Kapethik saking : Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara Rinakit dening : Soenarwan Hadi Poernomo, Latimin Winoto Adi |