11. Medhar Pangandikan Wonten Sangajenging Para Santri
amedhar pangandikan wonten sangajenging para santri utawi tiyang - tiyang ingkang umumipun kuwat agaminipun mila kedah kita gatosaken bab ingkang kados mekaten kacetha ing ngandhap punika:
1. Busana ingkang sopan. Kautamekaken ngagem pecis sampun ngantos pisan - pisan ngagem dhasi kupu - kupu, busana ingkang prasaja / biasa nanging sopan. 2. Kaginakaken basa (bahasa) Indonesia / Jawi ingkang biasa wonten ing pembikaan medhar pangandikan kita kedah ngajak piyambakipun ngucapaken puji syukur dhumateng Gusti Allah, utawi ngajak pamyarsa maos Basmallah. 3. Isining pangandikan kedah kajumbuhaken kaliyan paraga punapa ingkang nedheng kita ayahi wonten ing adicara ingkang dipun wontenaken. Upaminipun menawi kita minangka Ketua panitia mrengeti Isro' Mi'roj, mila kedahipun ingkang kita aturaken inggih punika : Ngucapaken atur panuwun awit panyengkuyung lan partisipasinipun para rawuh ing adicara kasebat. Lajeng kita kedah nyuwun pangapunten. 4. Kautamekaken sampun ngantos nuwuhaken panggalih ingkang kirang prayogi wonten salebeting golongan ingkang taksih nunggil Agami. Sampun ngantos ngaturaken pangandikan ingkang asipat khilafiah.
Kapethik saking : Tuladha Panatacara Lan Tanggap Wacana Basa Jawi, Karakit dening : Purwadi