10. Hamedhar Pangandikan Wonten Sangajenging Pemudha Lan Pelajar
edhar pangandikan wonten sangajenging pelajar ugi wonten tata kramanipun utawi sopan santunipun piyambak katandhingaken kaliyan medhar pangandikan wonten sangajengipun umum, kita kedah nglenggana bilih pemudha lan pelajar punika sawenehing pakempalaning piyantun ingkang intelektual. Piyamibakipun anggadhahi wawasan sarta pengalaman ingkang wiyar, pramila punika wonten salebeting ngaturaken materi utawi isi wedharing pangandikan kedah kajumbuhaken kaliyan piyambakipun. Prayogi kataliti punapa ingkang dipun kajengaken. Basa ingkang kaginakaken prayogi ngginakaken basa Indonesia / Jawi, langkung sae malih manawi dipun selingi kaliyan tembung - tembung ilmiah utawi tembung - tembung manca. Pokokipun ingkang gampil katampi dening pamyarsa. Saged dipun selani guyonan ingkang asipat remaja, utawi guyonan seks (nanging sampun ngantos lekoh sanget). Bab punika badhe nggiyataken supados piyambakipun nggatosaken wedharing pangandikan kita. Prayogi dipun singkiri pangandikan ingkang asipat mojokaken piyambakipun. Enget, umumipun pemudha utawi pelajar punika anggadhahi watak ingkang gampil kacocok raosipun engga kebrongot kanepsonipun. Kosok wangsulipun kita maringi pujian / pangalembana lan daya greged sahengga piyambakipun nggatosaken lan kasengsem ingkang kita wedharaken. Prayogi kabudidayá isi wedharing pangandikan ingkang kita andharaken mboten nyulayani pamanggihing piyambakipun utawi mrosotaken pribadinipun.
Kapethik saking : Tuladha Panatacara Lan Tanggap Wacana Basa Jawi, Karakit dening : Purwadi