03 Lampahan Manik Maya (Jagad Ginelar) - 03 = 03 / 05 =
NG Rêpat kapanasan, pasébanipún pårå Déwå sadåyå sami ngrêmbag prayoginíng lampah. Sasampunipun samaptå sadåyå, lajêng bidhal gugúr gunúng ngråtå bumi pulo Jawi. Prang Ampyak, Prampógan Déwå ngicali mégå mêndhúng pêpêdhút ingkang ngalang alangi margi. Punikå ing pakêliran lajêng dadós Jêjêr Kapisan, gapuran, kadhatónan, paséban jawi, kapalan, lan prang ampyak. 4. Madêg ing Kahyangan Sonyaruri. Bathara Ismåyå sakaliyan garwå Dèwi Sênggani. Nalikå punika Bathårå Ismåyå kaliyan garwå Dèwi Sênggani sampún kagungan putra sêdåså cacahipún, 1. Bathårå Wungku’am inggíh Bathårå Bóngkókan. 2. Bathårå Wréhaspati, 3. Bathårå Yåmådipati, 4. Bathårå Súryå, 5. Bathårå Cåndrå, 6. Bathårå Kuwérå, 7. Bathårå Patút, inggíh Bathårå Patúk utawi Patúh, 8. Bathårå Tamburu, 9. Bathårå Kåmåjåyå, lan 10. Dèwi Sarmanasiti inggih Dèwi Darmanastiti. Bathårå Ismåyå dhawúh dhatêng pårå putrå, kapuríh tumút ambantu pårå Déwå, gugúr gunúng andhungkari rêdi Jamúrdipå kawaradinakên bumi pulo Jawi. Pårå putrå sami matúr sandikå, lajêng bidhal. 5. Kocap wóntên titahíng Hyang Kang Måhå Kawåså, nåmå Bathårå Cålåkuthå ing Kahyangan Wisåbawånå. Nuju lênggah wóntên ing kadhatónipún, dipún adhêp wadyåbalanipún bangsaning upas wiså mandi, Kålå Katónggèng, Kålå Jêngkíng, Kålå Abang lan sapanunggalanipún. Bathårå Calakuthå midhangêt wartå, manawi pårå Déwå sami gugúr gunúng andhungkari rêdi Jamúrdipå, nrajang ngrisak kadhatónipún. Mila sangêt ing dukanipún, lajêng bidhal nêdyå ngalàng-alangi tumindakipún pårå Déwa, kêbút sawådyå balanipún. Wóntên ing margi lampahipún kapapag kaliyan pårå Déwå. Sulayaníng rêmbag, dadós påncåkårå. Wadyanipún Bathårå Cålåkuthå sami kasóran, lajêng ngoncati. Pårå Déwå sami ngoyak palajêngipún Bathårå Cålåkuthå. Prang gagal. Palajêngipún Bathårå Cålåkuthå dumugi èrèng - èrèngíng rêdi Jamúrdipå, lajêng nyiptå sêndhang ingkang toyanipún sangêt wêníng nangíng måwå wiså mandi. Pårå Déwa anggènipún ngoyak dumugi laladan ngriku, sami sangêt ngóróngipún. Sumêrêp sêndhang ingkang toyanipún sangêt wêníng wóntên sangandhaping rêdi Mandårå, lajêng sami agahan ngunjuk sakatógipún, têmah pårå Déwå sami pêjah sadåyå.
 Bathara Patuk
|