Sêjarah Hånåcåråkå - 

05 Muncule Aksara Anyar Hanacaraka


Sawisé jaman Måjåpait, muncúl jaman Islam lan uga jaman Kolonialismê Kulón ing Tanah Jawa.
Ing jaman iki banjúr muncúl naskah-naskah manuskrip kapisan síng wís nganggo aksårå Hånåcåråkå Anyar.
Naskah-naskah iki ora namúng katulís ing gódhóng palêm (róntal utawa nipah) manèh, nangíng ugå ing dluwang utawa kêrtas lan awujúd buku utåwå codex ("kodhèks").
Naskah-naskah iki ditêmókaké ing tlatah pasisir lór Jåwå lan pådhå digawani mênyang Eropah ing abad kapíng 16 utåwå 17.

Bêntuké aksårå Hånåcåråkå Anyar iki wís bédå karo aksårå sadurungé kayåtå aksårå Måjåpaitan.
Prabédan utåmå iku anané serif tambahan ing aksara Hånåcåråkå Anyaran.

Aksårå-aksårå Hånåcåråkå awal iki bêntúké mèmpêr kabèh såkå Bantên ing sisíh kulón nganti têkan Bali.
Nangíng banjúr akiré pirang-pirang tlatah ora nganggo aksårå Hånåcåråkå lan pindhah nganggo Pégón lan aksårå Hånåcåråkå gaya Surakartan síng dadi baku.
Nangíng saka kabèh aksårå iku, aksara Bali síng bêntúké têtêp padha nganti ing abad kapíng 20.

 

Aksårå Hånåcåråkå ing médhia céthak


Aksårå Hånåcåråkå wiwít digunakaké kanggo nyithak buku ing púrwané abad kapíng 19.
Tèknik médhia cithak wiwít ditêpangi púrwané ing Eropah ing têngahé abad kapíng 15 ing kiwå-têngêné tahún 1450.
Síng kapisan ngriptå iku Johannes Gutenberg såkå Jêrman.
Måwå sistém Gutenberg iki, dadi sawijiníng tèks ora usah ditulís måwå tangan manèh déníng sawijiníng juru tulís nangíng bisa dicithak.
Akibaté buku-buku biså diprodhúksi massal lan éwadéné biså diêdól luwíh murah lan panyêbarané luwíh jêmbar.

Bångså Éropah wís pådhå nêkani Nuswantårå wiwít taun 1511, lan manyinaóni båså-båså pribumi ing tlatah kéné, nangíng gagasan kanggo nyithak buku-buku måwå aksårå pribumi lagi muncúl ing purwané abad kapíng 19.
Sadurungé ånå aksårå síng marêmi brayat umúm, ana sawêtårå gagasan-gagasan síng muncúl prêkårå aksårå Jåwå cithak síng apík såkå sumbêr síng séjé-séjé.
Ing kålå sêmono pangriptå aksårå Jåwå cithak iki dadi diprakarsani déníng kêlómpók síng séjé-séjé yaiku: Raffles, pamaréntah Hindhia-Walåndå, kaúm panyêbar agåmå Kristên (zending), lan pårå ngèlmuwan.

Kanggo aksårå Hånåcåråkå Jåwå, priyayi síng kapisan nggawé cithakan aksårå Hånåcåråkå iku Thomas Stamford Raffles ing bukuné síng misuwúr The History of Java (Raffles 1817).
Nangíng aksårå cithak Jåwå iki namúng kanggo ilustrasi ing bukuné waé, ora kanggo nyithak tèks síng akèh.

 

Van Vlissingen

Sawisé iku ing taún 1820, kêpala Algemeene Secretarie ing Batavia, J.C. Baud mutúsaké supåyå ånå mêsín cithak måwå aksårå Jåwå. Baud banjúr awèh paréntah marang sawijiníng pakar båså Jåwå Walanda síng nalika iku manggón ing Suråkårtå, P. van Vlissingen supåyå biså ngrancang sawijiníng aksårå cithak síng praktis tur apik. Van Vlissingen sarujúk lan nggawé sawijiníng modhèl aksarané. Nangíng dhèwèké ing taún 1821 mulíh mênyang Walåndå.
Sênadyan mêngkono pårå pênggêdhé ing Batavia sênêng marang rancangané lan Van Vlissingen síng wís ing Walåndå dikirim layang supåyå nêrusaké gayuhé.
Banjúr wusanané ing Juni 1825 aksårå cithak iki têkan ing Batavia. Wóng-wóng ing kånå pådhå sênêng amêrgå aksarané biså kanggo nyithak tulisan tênanan lan tuladhané yå aksårå síng kaanggêp apík dhéwé kålå iku: aksårå Hånåcåråkå gaya kêratónan Suråkårtå. Nangíng sênadyan mêngkono ugå ånå kritik marang aksårå cithak iki. Aksarané kêcilikên ukurané minångkå rélatif lan akèh pådå-pådå såhå sandhangan síng ora mèlu kacipta dadi aksårå iki ora bisa kanggo nyithak tèks-tèks kasusastran, namúng kanggo nyithak tèks-tèks biyåså waé ing koran.
Kamångkå rêncanané mbiyèn olèhé nggawé aksårå cithak iku supåyå bisa nyithak buku-buku kasusastran

 

Brückner

Banjúr kurang luwíh ing mångså síng pådhå ånå sawijiníng juru dakwah Protèstan (Walanda zendeling) såkå Jêrman ajênêng Gottlob Brückner síng nduwé kapénginan nêrjêmahaké Alkitab ing båså Jåwå. Brückner wís manggón wiwít taún 1814 ing Sêmarang. Alíhbåså Alkitabé wís rampúng ing taún 1821, banjúr dhèwèké kêpéngín nyithak naskahé lan takón mênyang pamaréntah kolonial åpå bisa nggawé mêsín cithak aksårå Jåwå ora.
Nangíng suwé ora olèh réaksi wusanané dhèwèké nggawé aksara cithakan dhéwé síng rampúng ing taún 1831.
Aksarané iki saliyané kanggo nyithak pratélan Alkitabé, uga diênggo nyithak pamflèt-pamflèt Kristên síng diêdúmaké ing Sêmarang taún 1831.
Ing Sêmarang pårå pêdunúng pribumi tibaké sênêng bangêt marang tulisané nganti pamaréntah kolonial dadi wêdi lan mbêslah åpå síng turah.
Banjúr Brückner ugå olèh pèngêtan yèn Alkitab-Alkitabé ugå bakal dibêslah yèn diêdúmaké.
Wujúd aksårå Jåwå gaya Brückner iki ditliti déníng pårå pakar sastrå Jåwå kålå iku yaiku C.F. Winter lan J.F.C. Gericke.
Pårå pakar iki kúrang sênêng marang modhèl aksarané Brückner amêrga kaanggêp dudu cangkókan gaya Kêratón Suråkartan síng kålå iku kaanggêp apík dhéwé.

 

Roorda van Eysinga lan Radèn Saleh

Roorda van Eysinga, sawijiníng pakar sastrå Jåwå ing nêgårå Walåndå uga tau ditugasi nggawé aksara cithak.
Roorda van Eysinga banjúr ngrancang sawijiníng aksårå, rinéwangan déníng Radèn Salèh.
Aksårå riptan Roorda van Eysingan iki rampúng ing taún 1835. Nangíng kasilé dikritik amêrgå rupané isíh ålå lan wujúdé wujúd aksårå pêsisiran, dudu aksårå gaya Suråkartan.

 

Roorda

Taco Roorda iku síng kapisan biså nggawé aksårå Jåwå síng biså dianggêp suksès amêrgå aksarané ditampa déning pårå pakar sajaman lan têtêp diênggo nganti luwih saka 100 taún.
Aksårå Roorda iki rampúng ing taún 1838.

Taco Roorda iku sajatiné pakar båså Wétan Têngah kaya ta båså Ibrani, budaya Wétan Têngah, såhå tafsir Prajanjian Lawas.
Nangíng dhèwèké dadi profésor båså lan sastrå Jåwå wiwít taún 1842 ing Delftsche Academie, akadêmi studi ‘Hinda’ ing Delft. Sawisé lêmbaga iki dibubaraké ing taún 1864, dhèwèké dadi profésor ing lêmbaga pênêrusé ing Leiden síng diarani Rijksinstelling tot Opleiding van Indische Ambtenaren utåwå 'Lêmbaga Negårå bagi Pêndidikan Pêgawai Nêgêri Hindia'.

Roorda dhéwé miturút panuturé dhéwé biså nggawé aksårå síng apík mêrgå bisa niliki lan sinau såkå pêngalaman pårå pêndahulu-né. Saliyané iku dhèwèké biså nggambar måwå apík, mulané bisa nggambar konsèp cithakan aksarané.
Banjúr jênís aksårå sing diênggo déníng Roorda iku jênisé pancèn têpat, yaiku aksårå Jåwå gaya Karatón Suråkårtå síng kålå iku dianggêp apík dhéwé.


 kds penutup
wangsul-manginggil

mfx broker компаниянабор кастрюль с керамическим покрытиемофициальный никас сайт харьков

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9924800
  Hari ini     :  Hari ini :721
  Kemarin     :  Kemarin :1471
  Minggu ini   :  Minggu ini :4946
  Bulan ini   :  Bulan ini :24425
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 14

Kontak Admin.

email-kidemang