16. Tembung Entar A
01. abang kupingé = nêsu bangêt 02. (ng)abangké kuping = gawé nêsu03. abang abang lambé = ora têmênan, mung lêlamisan04. abang rainê = nandhang isin (wirang) 05. adol ayu = ngêndêlake ayuné06. adol bagús = ngêndêlaké bagusé07. adol gawé = ngatonake pênggawéyané08. adol kringêt = nyambut gawé09. adol kwanèn = ngêndêlake kwanèné10. adol krungon = golèk golèk warta/kabar11. adol séndhé = adol barang mênyang gadhèn12. adol umbag/umuk = akèh omongé, ning ora ana nyatané13. adus getíh = tatuné nêmên bangêt14. adus kringêt = nyambut gawé, abot bangêt15. adus luh = nêmên anggoné nangís16. akèh sandhungané = akèh alangané17. ålå jênêngé = kurang dipêrcåyå18. ålå kandhutané = ålå wataké19. ålå tembungé = têmbungé kasar/saru20. alus tembungé = kêpénak dirungokaké21. åmbå jangkahé = bisa ikhtiyar mrana-mrana22. apus kråmå = dibujuki/diapusi cara alus23. asor budiné = bêbudèné ålå24. asor yudané = kalah25. ati dhóndhóng = atiné ålå26. atiné ånå wuluné = atine ålå/dêngki
01. (m)balang liríng = nglirik mripat02. bau suku = abdi/batur03. bau têngên = wong kang dipercåyå04. bêning atine = sumèh05. (m)buang sangkal = ngilangi/mbuang apês06. (m)bukak wadi = ngandhakaké wêwadiné07. (m)buang tilas = nutupi tumindaké sing ålå
01. cagak lèk = camilan supaya bêtah mêlèk02. cagak urip = kanggo nyukupi kêbutuhan uripé03. cancut taliwåndå = tandang gawé04. cangkêm gatêl = sênêng ngrasani/nggunêm05. cêdhak umuré = gêlis mati06. cêpak jodhone = gêlis olèh jodho07. cêpak rêjêkiné = gampang olèh rêjêki08. cilik atiné = kuwatir/wêdi09. cupêt atiné = gampang nêsu10. cupêt budiné = ora bisa nggayúh kautaman11. cupêt jangkahé = ora biså golèk sarånå12. cupêt nalaré = ora biså mikirake wêrna-wêrnå13. cupêt pangandêlé = ora percåyå
01. dadi gawé = ngrépotaké02. dåwå-dåwå ujå = perkårå kang ora uwís uwís 03. dåwå tangane = sênêng nyólóng jupúk04. (n)dhêdhêr kautaman = nandur kêbêcikan05. dhuwúr atiné = gumêdhé06. dhuwúr pangkaté = dadi wóng pangkat/panguwasané
01. êmpuk rêmbugé = gunêmé énak dirungokaké02. êntèk atiné = kêwêdèn/kuwatir bangêt03. ènthèng sanggané = ora rêkåså04. ènthèng tangané = sênêng tandang gawé
01. (ng)gadho ati = gawé susah ati02. gantung kêpuh = sandhangané ora tau ganti 03. (ng)gantung untu = sêlak kêpingin mangan04. gêdhé atinée = tatag; ora kuwatir05. gêdhé êndasé = sómbóng (kêmlungkung)06. gêdhé ómónge = umúk ora ånå nyatané07. gêdhée tékadé = ora gampang pasrah08. (ng)gêdhèkaké pulúk = ora ånå prihatiné09. (ng)gêgêm tangan = kêsèd nyambut gawé10. gilig rêmbugé = rêmbugane pasti/mêsti11. gilig tekadé = tékadé ora bakal mundúr12. (ng)gilud kawrúh = golèk ilmu kanthi mêmpêng13. golèk slamêt = ati-ati supaya, ora cilåkå14. golèk uríp = nyambut gawé nggo nyukupi butuhé
01. idu gêni = omongan tansah kêlakon02. ilat mati = ora bisa ngrasakaké03. ilang klilipé = ilang mungsuhé
01. jåkålårå = rikålå nóm-é rêkåså02. jêmbar dhadhané = sugíh pangapurå; sabar bangêt03. jêmbar kawruhé = akèh ngilmuné04. jêmbar kuburé = mlêbu swarga05. jêmbar polatané = sumringah06. jêmbar sêgarané = sugih pangapura; sabar07. jêro kawruhé = akèh ngilmuné; pintêr
маил игры покер
nikas харьков
ооо полигон отзывы сотрудников