Puspåwarnå - ᭙

03. Laku Utåmå

Andarané Råmå Sudi Yatmånå bab laku ndudút ati lan kêpéngín ngganêpi.
Laku tumrap wóng Jåwå síng (isíh) njåwå pancèn pêntíng.
Wulangan Jåwå akèh kang nuntún supåyå pådhå nindakaké laku (bråtå) síng apík, bêcík, utåmå síng béda karo “lakuné” kéwan.
Amargå manungså kuwi tinitah supåyå drajaté luwíh dhuwúr-luhúr katimbang kéwan.
Wêlingé, åjå nganti drajaté pådhå karo kéwan.
Manungså diwêlíng supåyå duwé laku síng utåmå, såkå têmbúng Sanskêrta uttama.
Wulangan, pitudúh, pitutúr ngênani laku utåmå ånå ing budåyå lan sastrå Jåwå akèh bangêt.
Sêrat-sêrat anggitané Sri Mangkunagårå IV ngêmót wulang warnå-warnå supåyå nduwèni tumindak utåwå laku kang utåmå.
Ånå laku síng kudu dilakóni déníng para santånå, pårå punggåwå åpå déné pårå kawulå marang gustiné.
Kêjåbå såkå iku ånå laku tumrap muríd marang guruné, pårå putrå marang wóng tuwané.
Ånå ing Sêrat Warayagnyå mènèhi pitutúr tumrap putrå síng arêp pålåkråmå supåyå duwé nalar síng wêníng lan landhêsan hukúm.
Yèn hukúm ditinggal têmah dadi nisthå. Supåyå ora kêduwúng nganggo nalar kang wêníng: kang dhingín bóbót, pindho bêbêt, katri bibít. Wulangan bab laku utåmå tumrap anak tinulís ing Sêrat Paliatmå.
Pali pådhå karo papali/awisan, atmå putrå.
Paliatmå papali tumrap putrå síng isiné ånå 15 (limå las) bab, utamané bab njågå baléwísmå, sukúr marang Hyang Widhi, ngrêkså lan ngaubi pårå kadang, kuwajiban marang sasåmå, njågå kaluhuran, karukunan, khalal-kharam, åjå ånå ålå-ingalanan, lan sapituruté.
Ånå ing Sêrat Yogatåmå ugå ånå wulangan tumrap pårå putrå supåyå tansah nindakaké ulah yogå, pujå, bråtå lan tåpå.
Kabèh isiné apík-apík, ora gampang di cakaké nangíng nuntún marang tumindak utåmå.
Ånå ugå laku síng kudu di tuladhani déníng pårå punggåwå, nayåkå pangêmbatíng pråjå ånå ing Sêrat Nayåkåwårå. Bab-bab síng magêpókan karo kawiryan lan kawicaksanan ing olah kaprajan supåyå diudi.
Têmbang Dhandhanggulå pupúh 6, muni:
“Wardiníng kang wasitå jinarwi, wrúh ing hukúm iku watêkirå, adóh marang kanisthané, pamicårå punikå, wèh rêsèpé ingkang miyarså, tåtåkråmå punikå, ngêdóhkên panyêndhu, kagunan iku kinaryå, ngupabogå déné kalakuwan bêcík, wèh rahayuníng rågå”.
Mêthík såkå wulangan iki, pårå nayåkå pråjå “wajíb” ngêrtèni lan ngêcakaké hukúm utåwå undhang-undhang. Mênåwå hukúm dilanggar bisa mlêbu ing jurang kanisthan. Kêjåbå såkå iku pårå nayåkå pråjå supåyå biså njågå bab “ilat, ulat lan ulah”.
Ånå ing babagan ilat (wicårå) síng ngati-ati, åjå méncla-ménclé, “ésúk dhêlé soré témpé”.
Ajiníng dhiri såkå lathi, ajiníng awak såkå tumindak.
Bab ulat lan ulah kudu dijågå supåyå bisa nuwúhaké kêrahayón tutús tutúg ngabdi ånå ing pråjå.
Laku utåwå watak bêcík tumrap pårå prajurít uga diwulangaké ånå ing Sêrat Tripåmå.
Tri têlu, påmå pami, upami têtuladhan, tuladhan síng cacahé têlu.
Tulådhå tumrap pårå prajurít supåyå niru wataké Patíh Suwåndå, kang ginêlung tri prakårå yakuwi:
- gunå,
- kåyå,
- purún.
Wataké sang Kumbåkarnå satriyå Ngalêngkå ugå biså dadi tulådhå amargå ngrungkêbi pråjå labúh nagårå.
Wataké Suryåputrå narpati Ngawånggå, amårgå suwitå lan dadi agul-agul Ngastinå (têtêp) mbélani Kuråwå prang lawan Arjunå.
Laku utåmå kang katindakaké pårå parågå têlu mau kalêbu ing babagan lêlabuhan tumrap pråjå.
Ånå manèh tulådhå liyané síng bisa dibundhêli lan dipundhi-pundhi.
Radèn Ngabèhi Rånggåwarsitå kadhawuhan déníng Pakubuwånå X supåyå nyalin Sêrat Nitisruti anggitané Panêmbahan Sénópati, dadi têmbang síng éndah lan nyênêngaké.
Ånå ing Sêrat Nitisruti digambaraké kåyå déné (watak) pêndhitå utåmå lan sêmpurnå.
Sabiså-biså manungså iku diibarataké kåyå wít cêndhånå. Sanadyan wís ambrúk lan dadi cilík-cilík têtêp nduwèni gåndå arúm kang ngambar têkan ngêndi-êndi.
Kabèh mau amargå duwé ati síng apík, jêmbar kåyå langít síng ora ånå mégané.
Krêntêgíng ati kudu tansah apík marang sasåmå.
Sabanjuré laku utåmå utåwå utamaníng bråtå sinêbut ing Wédhåtåmå :
“nulådhå laku utåmå, tumrapé ing tanah Jawi, wóng agúng ing Ngèksigåndå, Panêmbahan Sénópati, kapati amarsudi, sudaníng håwå lan nafsu, pinêsu tåpå bråtå, tanapi ing siyang ratri, amêmangún karyénak tyasíng sasåmå”.
Ånå bab pêntíng síng pêrlu dijingglêngi, yåkuwi kapati amarsudi, sudané håwå lan nafsu.
Håwå nafsuné dipèpèr dipêrsudi supåyå sudå. Håwå nafsuné dirèh åjå malah dirèh karo håwå nafsu.
Ånå ing uripé bisaå ngêrèh håwå nafsu, åjå malah dadi kawulané håwå nafsu. “Pêngêndalian diri” dadi punjêríng tumindak ånå ing ngêndi baé.
Sênadyan akèh bangêt wulangan ånå ing susastrå Jåwå, pêrlu dingêrtèni lan diyakini mênåwå wulangan laku utåmå tinêmu ing agåmå-agåmå: Islam, Kristên, Katholik, Hindhu, Budå lan Khóng Hu Chu.


Déníng : Ki Sutadi
Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah

 kds penutup
wangsul-manginggil

Вадим Логофет Сбербанккупить крышку для кастрюлилобановский супермаркет класс

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9897121
  Hari ini     :  Hari ini :605
  Kemarin     :  Kemarin :1497
  Minggu ini   :  Minggu ini :6204
  Bulan ini   :  Bulan ini :41902
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang