Pranåtå Cårå - ᭙

 

30. Tuladha Aturipun Panatacara
nDungkap Paripurnaning Gati

andungkap titi mangsa kala paripurnaning sedya, karana urut reroncening tata adicara sampun kaleksanakaken dening para kulawarga. Para tamu kakung putri ingkang satuhu bagya mulya, saderengipun purnaning gati panjenenganipun Bp ___________ sekalihan (mengku gati) raos syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung kaleksananing sedya kanthi pinaringan wilujeng nir ing sambekala, mboten kekilapan ngaturaken panuwun dhumateng para duta saraya sumrambah para tamu samudayanipun, ingkang punika Bp ___________ sekalihan (mengku gati) tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, hambok bilih anggenipun nampi kerawuhan panjenengan wonten kiranging tangguh, gupuh miwah suguh saha anggenipun ngaturi palenggahan panjenengan sadaya kirang hanuju prana kalihan andhap inggiling kalenggahan panjenengan sadaya, kagerba kiranging boja miwah krama, mugi diagung pangaksama panjenengan.
Kula minangka pambiwara, ugi hanglenggana karana kirang ing seserepan hanjalari kuthunging pamanggih miwah kirang pana dhumateng wewarah wewangsoning para winasis ing reh basa tuwin sastra, ingkang punika hambok bilih wonten kalepatan kula, mugi para tamu sadaya ngluberna pangaksama ingkang agung, calon temanten kekalih badhe kajengkaraken panjenenganipun Ibu ___________ miwah Ibu___________ tumuju wiwara ngajeng pratandha yekti purnaning gati.
Hamung semanten pahargyan lamaran ingkang kaIeksanakaken para kulawarga, sesantining Bp ___________ sekalihan (mengku gati) mugi tansah rahayu, rahayu ingkang sarwi tinemu, konduripun ndherekaken sugeng.
Wabillahi taufiq wal hidayah Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Katerangan:
Saderengipun paripurna mbok bilih wonten atur pamitan saking duta saraya, atur tanggapan saking ingkang mengku gati menawi saged kaaturaken dening panatacara (kangge ngringkes wekdal).


Kapethik saking : Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara
Rinakit dening : Soenarwan Hadi Poernomo, Latimin Winoto Adi

 kds penutup
wangsul-manginggil

Вадим Логофет Sberbankсковорода какая лучшекласс отзывы сотрудников

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

1097294
  Hari ini     :  Hari ini :1083
  Kemarin     :  Kemarin :1791
  Minggu ini   :  Minggu ini :576
  Bulan ini   :  Bulan ini :36170
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang