26. Tuladha Aturipun Panatacara Badhe Kaleksanakaken Liru Kalpika (menawi wonten)
|
ara lenggah kakung putri ingkang sinuba ing pakurmatan jumbuh kalian pamintanipun saking calon kadang besan, ing mriki keparengipun Bp ___________ ingkang mengku gati kaleksanakaken wontenipun liru kalpika dening para kulawarga ingkang piniji mratitisaken. Wondene para kulawarga ingkang piniji nun inggih panjenenganipun Ibu ___________ ingkang hanganthi calon penganten putri panjenenganipun Ibu ___________ dalasan Ibu ___________ , calon temanten kakung ugi kakanthi panjenenganipun Bp ___________ dalah Bp ___________ Kados samudayanipun sampun samekta dhumateng para kulawangsa ingkang piniji wekdal kasumanggakaken. Wahyaning mangsa kala tumapaking liru kalpika katindakaken dening calon penganten, sinubagya ungeling Ketawang Wigaringtyas / Langgam Ali - ali laras Sl. Pathet Manyura.
Kapethik saking : Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara Rinakit dening : Soenarwan Hadi Poernomo, Latimin Winoto Adi |