77 Ipat Ipat Setu Paing (1)
|
ADIPATEN Wirasaba. Esuk kang bening. Pedhut tipis kang nambahi hawa adhem mlebu ing pendhapa kadipaten ngliwati saka guruning pendhapa tanpa uluk salam. Swara kluruke ayam alas keprungu nganti telenging dalem kadipaten, bisa njalari tentreming ati lan nambahi kekuwatan lan kesarasaning awak. Kadipaten kang mapan sapinggiring Kali Serayu katon adhem, ayem lan raharja.
Adipati Wirasaba Kyai Raden Adipati Tumenggung Wargahutama ya Raden Bagus Suwarga, lagi eca lenggah ing kursi goyang, sinambi ngunjuk lan dhahar nyamikan. Dene sang garwa Rara Srini, putrine Adipati Pasirluhur Banyak Galeh, lagi sekeca lenggah ing jubin jero sinambi astane ibut mbathik ing wangkringan. Putra kakung kadipaten Wirasaba kang cacahe telu yaiku Raden Wirakusuma, Raden Wargawijaya dalah Raden Wirayuda, lan mantu kakung kadipaten siji Raden Jaka Kahiman, lagi gladhen keprajuritan, dikantheni para manggalaning kadipaten ing latar kang bawera. Ulahraga lan ulah yuda kang ditindakake saben esuk, banget migunani kagem kasarasaning dhiri lan sentosaning kadipaten. Merga wis ana unen-unen jroning raga kang sentosa dumunung jiwa kang sentosa. Jiwa lan raga kang sentosa bisa mahanani negara kang uga rosa. Ing pasar kadipaten kang reja, para bakul kang dodolan apadene para among tani kang teka ing pasar arep blanja padha katon padhang ulate. Iku tegese, rakyat ing kadipaten Wirasaba kecukupan kebutuhane sandhang lan pangan. Pancen, kadipaten Wirasaba kang ana ing sukuning Gunung Slamet kuwi, mujudake kadipaten kang subur makmur.Para among tani lan bakul, tansah bisa golek urip lan penguripan kanthi lumintu, kaya milining banyu ing Kali Serayu kang anteng lan anyes nuju ing gisiking segara. Nanging ing waliking tata raharjaning praja kadipaten, atine adipati Wargahutama ing dina-dina keri iki rada kurang jenjem. Marga putra wuragile Rara Sukartiyah kang dadi mantune Demang Toyareka tansah mopo lan ora gelem kumpul karo bojone. Alesan kang terus dikandhakake dening putrine, sepisan dheweke isih durung kepengin omah-omah. Kaping pindhone, bojone, ya putrane Ki Demang Toyareka kang jeneng Jaka Semangun utawa Mangun isih tunggal welat. Amarga demang Toyareka kuwi isih adhi tunggal weteng karo adipati Wargahutama. Padha-padha putrane Raden Jaka Tambangan ya Adipati Surahutama ing Wirasaba. “Putriku cah ayu Rara Sukartiyah” kandhane Adipati Wargahutama nalika weruh kumlebate sang putri. “Reneya sedhela ndhuk, rama arep takon marang sliramu”. “Nun inggih rama, menapa ingkang badhe kanjeng rama ngendikakaken dhateng pun Sukartiyah”, putrine sang adipati mara. “Ndhuk cah ayu, kenangapa kowe kok ndadak rewel dijodhokake karo kadangira Jaka Semangun ing Toyareka?”. “Inggih rama, sepindhah Sukartiyah panci mboten remen kaliyan putranipun paman Demang Toyareka. Kaping kalih, kanjeng rama kaliyan Paman Toyareka menika tesih sedherek tunggal rama-ibu. Menika ateges Sukartiyah kalian Jaka Semangun tesih sedherek wali. Lha kok kanjeng rama tega njodhokaken kula kaliyan Mangun. Mboten rama, senajan kadospundi Sukartiyah badhe mopo mboten saged nerasaken emah-emah punika”, kandhane Sukartiyah karo ngelapi eluhe sing terus tumetes saka pojok netrane. “Ya wis nek ngono, lerema sawetara ana ing gandhokmu. Mengko yen pamanmu Toyareka utawa bojomu Mangun teka rene, pun rama sing arep nemoni”, Kanjeng Adipati Wargahutama ngeneng-enengi putrine karo ngusap sirahe kanthi welas asih. *** Kademangan Toyareka. Demang Toyareka Raden Jaka Suwarga sakjane adhik tunggal rama-biyung karo Bagus Suwarga ya Jaka Suwarga utawa Kyai Warghutama adipati Wirasaba. Padha-padha putrane Adipati Wirasaba Tumenggung Surahutama. Merga manggon lan dadi demang ing kademangan Toyareka, mula banjur kasebut demang Toyareka. Kadipaten Wirasaba karo Kademangan Toyareka, padha-padha mapan sisih lore kali Serayu. Ning antarane kademangan karo kadipaten dipisahake dening anake Kali Serayu, yaiku Kali Klawing. Putrane Demang Toyareka, Jaka Semangun kang wektu semana durung diwasa, dijodhokake karo putra putrine Adipati Wirasaba Rara Sukartiyah. Marga isih padha-padha durung diwasa, mula sipate isih kawin gantung. Bareng wis padha-padha diwasane, Rara Sukartiyah malah mopo ora gelem nerusake anggone jejodhowan. Saliyane pancen ora dhemen merga nikah karo adhi, ana alesan liya sing kanjeng rama lan ibune ya Adipati Wargahutama ora ngerti. Sidane rara Sukartiyah dadi randha kembang, wis dadi randha nanging durung tau kesenggol lan kagepok dening lananganing bojo. “Bapa, kados pundi menika, Sukartiyah enjing wau ical saking kamaripun, mbok menawi wangsul dhateng Wirasaba”, ujare Jaka Semangun marang kanjeng ramane Demang Toyareka. “Sakjane mono kepriye Mangun? Apa sliramu ora bisa momong adhimu Sukartiyah apa ana sebab liyane. Pun bapa arep takon marang sliramu, apa kowe wis kumpul kaya dene wong bebojowan? Apa Sukartiyah gelem ngladeni apa sing kok karepake?” takone Demang Toyareka marang Mangun. “Waleh-waleh menapa kanjeng bapa, kula dereng nate saresmi kaliyan Sukartiyah. Menapa malih kok saresmi, tilem setunggal ranjang kemawon dereng nate. Menawi kula njejeri tilem ing ranjang, Sukartiyah lajeng mandhap tilem ing njubin. Mekaten ugi kosok wangsulipun, menawi kawula nusul tilem ing njubin, Sukartiyah tilem ing ranjang. Mekaten ugi menawi kula kapinujon sowan dhateng dalem kadipaten, Sukartiyah tansah ngglendhot kemawon kaliyan ibunipun utawi dhateng mbakyunipun Rara Kartimah ingkang sakjatosipun sampun dados garwanipun kakang Jaka Kahiman”, ujare Mangun. “Ya srantekna sawetara, mengko nek wis ana dina sing becik aku arep sowan marang wakmu ing Kademangan Wirasaba, perlu nakyinake marang kakang Wirasaba lan bojomu Sukartiyah”, ngendikane Demang Toyareka karo mesem. ***
Sawise Sultan Trenggana ing Kasultanan Demak tilar donya, mas Karebet alias Jaka Tingkir kang dadi mantu Sultan Trenggana, jinunjung ngganteni mara sepuhe dadi Sultan Demak. Nanging Mas Karebet ora suwe jumeneng ratu ing Demak Bintara. Karebet utawa Jaka Tingkir kang banjur silih nama dadi Sultan Hadiwijaya sawise disengkakake dadi ngaluhur, mindhah kutharaja saka Demak Bintara menyang Pajang. Saka dhaerah pesisir menyang dhaerah tetanen ing tengah-tengah wilayah pareden. Akeh alasan yagene nganti Sultan Hadiwijaya mindhah kraton saka Demak menyang Pajang. Salah sijine yaiku akeh sedulur-sedulur, putra mantu lan krabat kasultanan Demak Bintara kang ora cocog karo Jaka Tingkir. Salah sijine yaiku Adipati Jipang Panolah Harya Penangsang, kang nurut panemune pribadi, nduweni hak dadi Sultan Demak ngganteni Sultan Trenggana kang puput yuswa. Saliyane cengkiling lan gampang nesu, Jaka Tingkir uga sinebut dadi lelananging jagad, wong kang thukmis. Yaiku seneng nggonjak wanita ayu, senajan wanita iku wis dadi bojoning liyan. Nanging wong-wong kang bojone direbut utawa dipundhut garwa dening Jaka Tingkir ora nana sing wani nduwa, amarga Jaka Tingkir pancen sinebut dadi wong kang sekti mandraguna. Gandheng dadi ratu kang anyar, Sultan Hadiwijaya kepengin wawuh karo para adipati andhahane sing sinebar ing Nusajawa. Nanging akeh adipati sing sowan lan atur bulubekti, mung Adipati Wirasaba Wargahutama kang durung nate katon sowan ing Pajang. Mula kanthi ati kang rada panas, Sultan Hadiwijaya prentah marang tetungguling prajurit supaya marani lan nyowanake Adipati Wargahutama menyang Pajang. Sultan Hadiwijaya uga paring dawuh marang adipati Wirasaba kinen nganthi prawan ayu kang mengkone arep didadekake penari bedhaya ing kraton Pajang. “Kakang Tumenggung Surapati, ndika wis wanuh karo Adipati Wirasaba Wargahutama. Dina iki tak jaluk gawemu, paranana Adipati Wirasaba Kyai Wargahutama kon sowan ing ngarsaningsun sacepete. Lan aja lali supaya nganthi utawa nyowanake prawan sunthi kanggo melu dadi penari bedhaya ing Kasultanan Pajang. Aja bali yen ora bareng karo Adipati Wirasaba” dhawuhe Sultan Pajang marang tetungguling prajurit kang kadhawuhan methuk Adipati Wargahutama ing Wirasaba. “Nun inggih sendika Sinuhun, dinten menika ugi kawula dalah prajurit pilihan ingkang sampun dipun siagakaken badhe bidhal dhateng Wirasaba. Nyuwun donga lan pangestunipun kanjeng Sinuwun”, ujare Tumenggung Surapati kang dadi tetungguling prajurit karo nyembah manuhara. “Mangkata saiki uga,” dhawuhe Sultan Hadiwijaya sereng. *** Adipati Wirasaba Tumenggung Wargahutama kang diadhep para putra mantu lagi judheg lan sedhih. Mikir putra-putrine kang wuragil marga terus rewel lan mopo emoh diterake menyang omahe maratuwane ing Toyareka. “Menawi mboten kersa dipun teraken mbokmenawi ugi mboten perlu dipun peksa kyai, amargi menawi jejodhowan dipun peksa, wusananipun ugi kirang sae. Menapa malih antawisipun gendhuk Sukartiyah kalian putra panjenengan pun Mangun sampun wanuh wiwit alit. Samenika mangga dipun rembag kanthi sae, dos pundi mergi ingkang prayogi supados kekalihipun saged pulih kados wingi uni. Kadidene kakang lan adhi ingkang setunggal eyang,” pamrayogane nyai Adipati Wargahutama. “Lha kowe kabeh putra-putraku, kepriye panemumu tumrap adhimu Rara Sukartiyah”, Adipati Wirasaba nyoba njajagi atine para putra lan mantu. “Kawula sarujuk kaliyan pemanggihipun kanjeng ibu. Leremna sawetawis ruwet rentengipun rayi kula pun Rara Sukartiyah”, ujare Jaka Kahiman makili para putra lan mantu. “Yen ngono mula becik, ayo saiki bantu pun rama angeningake cipta, muga - muga ruwet rentenging kadipaten lan kulawarga bisa rampung kanthi kalis ing sambekala”, Kyai Adipati Wargahutama ngajak anak lan mantu nenuwun marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Srengengene munggah ing pucuking janur klapa, manuk-manuk kang golek pangan,wispadha ilang saka susuhe, mlayu lan peplayon ana ing sela-selaning wit-witan karo ngetokake swarane kang rame. Pasar kang cedhak karo pendhapa kabupaten kang kebeneran dina pasaran “Setu Paing” wis wiwit temawon. Senajan mengkono, Rara Sukartiah isih durung gelem tangi saka petunggone. Atine terus klisikan, kepriye carane supaya bisa luwar saka tangane Jaka Semangun sing pancen adhi tunggal kaki-nini. Senajan dheweke ora nikah karo Mangun, nanging ana ing ilining getih ambune isih padha, merga bapakne Mangun ya Demang Toyareka adhi tunggal bapa-biyung karo ramane ya Adipati Wargahutama. Mula senajan kaya apa bae, Rara Sukartiah isih nganggep lan mesakake karo Mangun. Ning gandheng ora tresna, tetep dheweke arep nulak yen nganti Mangun utawa Demang Toyareka arep marani menyang Wirasaba. “Dhuh gusti, paringana kekiyatan kagem ngentas reruwet menika,” grenenge Rara Sukartiah, kang banjur keturon, senajan srengenge wiskumleyang mlebu kamare liwat jendhela.
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Posted by admin on August 11, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |