Cêrita Cêkak -  

29. Angin Ketiga

Srêngéngé íng imbang kulón nyêbar cahyå jinggå sadurungé klêlêp diuntal bumi.
Langít katón abang måyå-måyå kåyå didilati gêni kobar.
Såkå pêgunungan gampíng íng sisíh kidúl, angín kêtigå tumiyúp bantêr. Gódhóng-gódhóng garíng cêblók såkå pang-pang kêkayón lan kabúr kumléyang kumitír-kitír. Déså Jatisêmpal kang mêncíl kéntír íng swasånå tidhêm.
Surtini jumangkah nêpusi dalan tlasahan tumuju tapêl watêsé déså. Sêdhélå-sêdhélå prawan lêncír kuwi nolèh mênyang mburi, sajak kuwatír yèn ånå síng nututi.
Têkan prótêlón tapêl watêsé déså kang nyigar pêsawahan jémbar ngilak-ilak, Surtini mèsém.
Katón íng panduluné, Warsitó sèndhèn wít trêmbêsi íng sisíh kånå.
‘'Sêjatiné ånå åpå, kók ndadak sêmayan ånå kéné?''
‘'Dhík Súr! Aku nyuwún pamít. Soré iki aku arêp lungå....''
‘'Lungå? Mênyang ngêndi, Mas. Aku mèlu, yå?''
‘'Lungaku ora kanggo sêlawasé. Sawijiníng dinå, aku mêsthi bali.''
Súrtini ambyúk íng dhadhané Warsitó. Êluhé ora biså dicandhêt.
Nangíng sadurúngé råså-pangråså lungít kuwi kêdlarúng-dlarúng, Warsitó agé-agé ngluwari pangrúkêté.
‘'Uwís, Dhík Súr! Åjå nangís. Pêpisahan iki mujúdaké cårå amríh awaké dhéwé íng têmbé biså nyawiji.''
‘'Åpå bênêr, Mas?''
‘'Åku prasêtyå bakal nêtêpi janji. Langít lan bumi kang nyêksèni.''
‘'Mas, généyå katrêsnan iki kudu ngalami kåyå mangkéné?''
‘'Sliramu kudu tawakal, Dhík Súr!''
‘'Abót, Mas. Abót bangêt pacoban iki.''
‘'Róng taún manèh, aku mêsthi mulíh. Wís yå, Dhík! Síng ngati-ati....''
Warsitó jumangkah mundúr.
Nalikå dhèwèké ngingêr awaké tumuju arah êlór, ngungkúraké Surtini, jangkahé sikilé katón abót.
Éwadéné pêmudhå kuwi têrús waé jumangkah. Såyå suwé såyå adóh, wêkasan ilang íng dalan pêngkólan sisíh kånå.
* * *
Mulíh ijèn ngliwati dalan kang pådhå, atiné Súrtini kråså sêmplah. Lêlakón iki babar pisan ora dinugå sadurungé.
Karo mlaku, pikírané nglambrang nlusuri dinå kawuri kang mujúdaké rêrangkèn dinå saiki.
Wiwít isíh cilík Súrtini wís têpúng Warsitó lan kêkaroné kêkancan rakêt. Élíng-élíng Súrtini lan Warsitó kåncå tunggal sêkolahan.
Warsitó nudúhaké kawigatèn mirunggan marang Súrtini.
Warsitó tansah mènèhi pangayóman nalikå Súrtini digodhå bocah-bocah lanang.
Ngancík rêmaja, Súrtini lan Warsitó pådhå déné nyadhari mênåwå kêkaroné wís kêrajút bênang-bênang asmårå.
Ora bédå karo unèn-unèn: trêsnå jalaran såkå kulinå.
Nalikå Warsitó kanthi jujúr nyuntak rasa-pangrasané, Súrtini ora bisa nolak.
‘'Mas, åpå bênêr sliramu trêsnå aku?''
Pitakón kuwi kawêtu såkå lambéné Surtini sawêtara taún candhaké.
Súrtini såyå diwåså, pangêrtèné ngênani maknané katrêsnan såyå tumåtå. Súrtini ora kêpéngín katrêsnan síng kadhúng ngrêmbåkå íng têmbé malíh dadi mêmålå.
‘'Dhík Súr, aku trêsnå sliramu. Kanggo sêlawasé.''
‘'Matúr nuwún, Mas. Nangíng, kuwi durúng cukúp. Aku kêpéngín búkti kang gumathók.''
‘'Åjå kuwatír, Dhík. Sliramu arêp dak lamar.''
Súrtini nyawang Warsitó kanthi mripat kåcå-kåcå. Dhèwèké trênyúh.
Nangíng, Súrtini dhéwé dadi mamang. Åpå gêgayuhané Warsitó kêpéngín biså kasêmbadan?
Pitakón kuwi njalari Súrtini klimpungan. Atiné tansah dhêg-dhêgan. Lunggúh ora jênak, mangan ora kråså énak, turu ora bisa anglêr.
Súrtini nglênggånå yèn Lurah Kamsadi, wóng tuwané, ora gampang ngulúngaké dhèwèké marang priyå síng diwawas ora sababag.
Warsitó ora duwé gawéyan matón. Wóng tuwané uríp cingkrang.
‘'Umúr sampéyan pirå, Mas Warsitó?'' pitakóné Lurah Kamsadi nalikå Warsitó lan Mak Sumi mêrdhayóh sapêrlu ngunggahaké lamaran.
‘'Wólulas taún, Pak,'' Warsitó nyawang Lurah Kamsadi.
‘'Sampéyan wís cêkêl gawé?''
‘'Nyambút damêl íngkang gumathók pancèn dèrèng. Sênaóså mêkatên, kula nggíh sampún sagêd padós asil kiyambak. Sênajan mbótên mingsrå.''
‘'Lho, nyambút gawé åpå?''
‘'Nggíh sak kêcêpêngé. Upaminipún dadós kuli bangunan.''
Lurah Kamsadi ngglêgês.
Têmbungé, ‘'Ngéné yå, Mas. Aku minångkå wóng tuwå ngucapaké panuwún kang tanpå upåmå déné sliramu nduwèni kawigatèn lan kêpéngín nrêsnani anakku tumuju marganíng bêbrayan. Nangíng, åjå kurang pangapurå yèn aku durúng bisa mènèhi wangsulan gumathók magêpókan karo niyatmu.''
Warsitó blangkêmên.
Munggúhé Mak Sumi, ujaré Lurah Kamsadi kang kêdåwå-dåwå mujúdaké panampík.
Nangíng mungguhé Warsitó, síng mêntas dirungu såkå Lurah Kamsadi kadidéné palu godham kang nggêndír sirahé.
Warsitó ora trimå. Warsitó mrêkitík atiné. Dhèwèké kêpéngín bróntak.
‘'Mak, aku duwé gêgayuhan lan aku pêrcaya íng têmbé bakal kêlakón,'' cêlathuné Warsitó sawisé mulíh såkå omahé Lurah Kamsadi.
‘'Nggèr, wís jamak lumrahé wóng uríp kuwi duwé gêgayuhan. Nangíng mbók uwís, dipupús têkan sêméné waé. Nyatané Lurah Kamsadi nolak panglamarmu,'' Mak Sumi mbrêbês-mili.
‘'Mak....''
‘'Dak kandhani ya, Nggèr. Kênå waé atimu gêlå. Nangíng åjå sók ngumbar suwårå. Yèn Lurah Kamsadi nganti krungu sumbarmu, mundhak ora bêcík. Wís tå, Nggèr, åjå kêsèrèt íng pangimpèn. Wanitå ayu rak ora múng Súrtini.''
‘'Mak, aku naté sêkolah lan aku duwé ijasah. Aku dudu gólóngané wóng kêsèt síng ora doyan gawé. Kabèh mau dak kirå biså kanggo sangu mujúdaké gêgayuhanku.''
‘'Karêpmu kêpriyé tå, Nggèr?''
‘'Aku arêp nglêmbårå, Mak. Jakarta kuwi gudhangé dhuwít. Mulå, aku nyuwún pangèstu, Mak. Jakarta bakal dak têlúkaké. Jakarta arêp dak kêdhúk dhuwité. Yèn wís kasíl, aku lagi mulíh. Satêrusé, aku arêp ngadhêp Lurah Kamsadi manèh sapêrlu nglamar Súrtini.''
Mak Sumi blangkêmên krungu pratélané Warsitó.
Agahan waé anak lanang kuwi dirangkúl kêncêng. Êluhé dródósan ora bisa dicêgah.
Mêntas waé Súrtini nåmpå layang såkå Jakarta.
Surasané layang ngandhakaké, Warsitó arêp mulíh súk tanggal siji wulan ngarêp.
Súrtini dijalúk kêsaguhanê mêthúk ånå prótêlón ngisór trêmbêsi tapêl watêsé déså.
Mbênêri wayah surúp nalikå srêngéngé mèh angslúp lan langít katón abang måyå-måyå.
Íng dinå síng wís ditêmtókaké, Súrtini nilapaké wóng tuwané.
Nylingkêr liwat mburi, têrus ngunclug ngliwati dalan tlasahan síng watu-watuné wís pådhå amblês kêtêrak truk-truk mómót kayu lan watu gampíng.
Têkan prótêlón tapêl watêsé déså síng nyigar pêsawahan jêmbar ngilak-ilak, Surtini mandhêg.
Sèndhèn wít trêmbêsi gêdhé kang gódhóngé wiwít ngróntógi.
Durúng suwé Súrtini ngadêg ånå kono, saka arah êlór kêprungu swårå gêrêngé mobíl.
Mobíl kuwi mandhêg pêrsis ånå ngarêpé Surtini.
‘'Mbak, kêparêng badhé nyuwún pírså. Dhusún Jatisêmpal mênåpå taksíh têbíh?''
‘'Mbótên, Mas. Ngidúl sêkêdhík sampún dumugi Jatisêmpal. Anu, Mas....''
Durúng tutúg Súrtini gunêman, dumadakan wóng lanang loro kuwi ngrukêt dhèwèké.
Súrtini kagèt. Babar pisan ora ngirå yèn wóng lanang kasêbút bakal tumindak ålå. Súrtini nyoba polah sak bisa-bisané karo jêrít-jêrít.
Súrtini gragapan. Mripaté pêndirangan. Síng katón íng panyawangé dudu mobíl wêrnå soklat. Dudu wóng lanang brangasan. Nangíng bapak lan ibuné.
Wóng tuwané saklórón kuwi lunggúh ånå lambé dhipan. Ngóyóg-óyóg awaké.
‘'Tangiyå, Ndhúk. Wayahé wís soré. Gèk ndang adús,'' cêlathuné ibuné.
‘'Surúp iki Warsitó mulih. Kowé rak dikóngkón mapag ånå tapêl watêsé déså? Súr, åjå kagèt. Bapak wís måcå layangé Warsitó sadurungé layang mau têkan tanganmu.''
Súrtini agé-agé gumrégah saka dhipan. Banjúr mênyang kolah lan adús gêbyar-gêbyur. Lurah Kamsadi wís nyiyapaké dhokar.
Wóng têlu budhal numpak dhokar, malah kóbêr ngampiri Mak Sumi. Praupané Lurah Kamsadi sumilak padhang kåyå sumilaké langít imbang kulón.
Angín kêtigå tumiyup såkå kidúl.
Gódhóng-gódhóng garing gógróg lan kabúr kumléyang kumitír-kitír. Wayah surúp wís kliwat lan kahanan saya tintrím.
Wóng papat kuwi isíh ngadêg ana ngisór wít trêmbêsi prótêlón tapêl-watêsé déså.


::Dening: Sugeng Wiyadi::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

 kds penutup
wangsul-manginggil

рейтинг интернет казиночугунные сковороды купитьоставить отзыв

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

1097284
  Hari ini     :  Hari ini :988
  Kemarin     :  Kemarin :1791
  Minggu ini   :  Minggu ini :481
  Bulan ini   :  Bulan ini :36075
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 22

Kontak Admin.

email-kidemang