Cêrita Cêkak -  

04. Gêlå

asih unjal ambêgan barêng kumbahan síng pungkasan rampúng diucêk. Sabún buthêk tilas kumbahan disuntak, diganti banyu rêsík kanggo mbilasi. Nêngah-nêngahi mbilasi, Asíh kèlingan wêlingé ragilé mau ésok, sadurungé mangkat sêkolah.
"Aku gawèkna kolak yå, Mak," mêngkono panjaluké.
"Iyå," wangsulané Asíh cêkak.
Kèlingan panjaluké anaké kuwi, Asíh ora nêrúsaké anggóné mbilasi. Mumpúng isíh ésok gagé ngadêg saprêlu blånjå kanggo gawé kolak. Ranti, ragilé kuwi, wiwít cilík angèl mangan. Awaké cilík. Tujuné kók isíh gêlêm módót, dadi ora kalah dhuwúr karo sabarakané. Mulå Asíh kêrêp nuruti yèn Ranti njalúk digawèkaké panganan.
"Arêp nyang êndi, Dhík?" Warsi, tangga pas kidulé, arúh-arúh.
"Têng nggéné Supi, Dhé War, blånjå," sauré Asíh tanpå mandhêg.
Wayah ngéné iki lagi sêpi-sêpiné swasånå. Mêrgå síng sêkolah lan kêrjå wís pådhå mangkat, síng ånå ngomah iwut nandhangi pêgawéan omah. Asíh nyabrang. Dhèwèké kulinå nyidat dalan liwat kêbóné Mbah Tiah sabên arêp blånjå nèng pracangané Supi. Lagi waé têkan sabrang dalan, Asíh diawé Sutar, dudå tanggané síng taún-taún pungkasan iki wís katón ora sigrak. Jaréné kêna gêjala strok.
"Mandhêgå dhisík Yu Síh."
"Èntên nåpå, Mbah?" takóné Asíh.
"Nuning kayané arêp babaran, Tulúng sampéyan ingúk..."
Tanpå takón-takón manèh, Asíh mlaku rikat mlêbu omah. Tansåyå rikat barêng krungu tangisé bayi. Íng salah sijiné kamar, Nuníng, ontang-antingé Sutar kuwi nggléthak ånå ambèn kanthi dlèwèran kringêt lan êlúh. Íng sêlané sikíl ånå bayi abang gupak gêtíh síng nangís kêjêr.
"Gústi," sambaté Asíh mêruhi kahanan iku. Pådhå-pådhå wóng wadón síng wís ngrasakaké babaran, Asíh bangêt trênyúh ndulu kahanan síng ånå ngarêpé. Bayi síng isíh jangkêp karo ari-ariné énggal diupåkårå sabisa-bisané.
Asíh nolèh nalikå ånå wóng liya mlêbu kamar iku. Mbah Tiah.
"Andúm gawé nggíh, Mbah," ujaré Asíh. Wóng wadón tuwa iku tumandhang tanpå kakèhan ómóng. Ora suwé såkå têkané Mbah Tiah, Munah lan Lastri têrús mårå, njúr iwut nggódhóg banyu. Lastri kåndhå yèn wís kóngkónan ipéné supåyå ngaturi bidhan ugå njujuli Kandar, bojoné Nuníng. Asíh ngopèni síng bubar babaran. Awaké Nuníng disékå banyu angêt nganti rêsík.
"Yu Síh ki lho olèhé dhókóh. Kåyå nyang anaké waé," kandhané Lastri síng ngréwangi Asíh, ngringkêsi jarít-jarít rêgêt.
"Bèn ndang rêsík," múng kuwi síng mêtu såkå lambéné Asíh sinambi masang stagèn ing wêtêngé Nuníng.
Kamångkå sêjatiné sênajan múng saklêpasan, nalika ngrêsiki gêtíh babaran iku Asíh kèlingan lêlakón síng wís mungkúr. Wêktu Nuníng isíh duwé anak siji lan panguripané durúng rêkåså kåyå saiki. Kajåbå omah síng wís tumåtå, Nuníng isíh duwé tinggalan dhuwít lan anggón-anggón cukúp såkå swargi ibuné. Nuníng njúr bribík-bribík gawé pracangan.
Asíh isíh élíng nalikå dhèwèké mlaku rikat mênyang pracangané Nuníng saprêlu utang puyêr sakbungkús síng diajab bisa nyudå lårå untu síng disandhang bojoné.
"Têlas, Dhé Síh puyêré," kandhané Nuníng.
Asíh têrús kóngkónan anaké tanggané supåyå nukókaké puyêr. Bocah síng dikóngkón kêlakón nggåwå puyêr lan ómóng yèn tukuné nèng nggóné Nuníng. Asíh ora biså ngampêt nêsuné.
"Kók apík kowé, Mbak, diutangi puyêr siji aé muni êntèk barêng tuku kók têrus ånå. Urípmu kuwi durúng suwé, durúng kêsandhúng rêkasané!" Asíh ngundhåmånå. Síng diundhåmåné ora mangsuli.
"Wís, Pak, ora usah diombé. Mugå-mugå tanpå ngombé puyêr iki untumu biså mari," nêsuné Asíh durúng sudå wêktu têkan omah. Puyêr siji kuwi ora sidå diombé bojoné. Dadi tumbal gêni pawón síng mramóng. Bojoné Asíh múng trimå kêmu godhógan banyu surúh síng ditambahi uyah sithík. Nganti saiki untuné malah wís ora kumat manèh.
Duwé anak loro, Yónó lan Titin, uripé Nuníng tansåyå mulúr malah rêkåså. Bojoné síng nalikå mantèn anyar bral-bról akèh dhuwít, ora ngêrti mêrgå åpå, ujug-ujug lèrèn såkå pêgawéané ånå kuthå. Kandar pungkasané múng biså dadi mantri pasar. Pêgawéan síng dilakóni múng sêtêngah dinå kuwi ora bisa nyukupi butúh sabên dinå. Kandar dhéwé ora mbudidya golèk tambahan pamêtu liyané malah sók kèli ombyaké togêl. Prancangané Nuníng kukút. Anggón-anggóné nganti bêkakas njêro omah kadól diijólaké butúh.
Awaké Nuníng tansåyå kuru. Katón luwíh tuwå tinimbang umuré. Jèngkèl síng dirasakaké Asíh nyang Nuníng wis sudå. Mula Nuníng wani nêmbúng utang dhuwit. Anggêr ditagíh pijêr sêmåyå. Wêrúh kahanan síng kåyå ngånå, Asíh malih ora ngarêp-arêp dhuwité. Apamanéh mèh sabên uwóng ngêrti yèn utangé Nuníng nganti têkan ngêndi-êndi.
Asíh babar pisan ora ngira yèn bobotané Nuníng wis tuwå. Awaké síng bangêt kuru nyêbabaké wêtêngé ora katón gêdhi. Barêng wís ora isi bayi, wêtêng iku kaya kêlèt gêgêr. Tujuné Gústi Kang Maha Kuwasa isíh paring wêlas. Sênajan lair såkå ibu kang ora kêrumat awaké, bayiné Nuníng lair kanthi ora kurang sawiji åpå.
Isíh ånå síng mårå nèng omahé Sutar. Patmi têkå bêbarêngan karo Bu Wulan, bidhan déså. Bidan iku njúr ngêthók pusêré bayi. Déníng bidhan têrús didusi sisan. Mêrgå ora ånå pasêdiyan wêdak bayi åpådéné lêngå têlón, bayi anaké Nuníng kêpêkså langsúng digêdhóng. Suwé sawisé ibu lan bayiné diupåkårå, bapaké bayi mêksa durúng têkå. Mångkå pasar iku ora adóh. Umpåmå mlaku waé kuduné wís têkan. Ånå síng budal nyusúl manèh.
"Orané tå, Mbak Nuníng, nalikå mbóbót síng kèri iki sampéyan åpå ora disênêngi Kandar?" takóné Asíh ati-ati.
Sing ditakóni bali dlèwèran luhé.
"Mas Kandar mbotên purún ngakèni nèk niki yogané kók, Dhé Síh..." Nuníng kêråntå-råntå. "Kandhané Bapaké Yono, wóng mêsthi ditókakên wontên njawi kók sagêd ngandhút."
"Lha nèk ora ngakoni kuwi rumangsané Kandar iki anaké såpå?" gênti Mbah Tiah síng ndhêdês karo srêngên.
"Têrosé yogané Bapak... kulå ngantós sumpah-sumpah yèn pancèn iki yogané Bapak kêrså né mbótên sisah lair." Síng krungu nganti sawêtårå ora biså ngucap.
"Sawangên tå, Dhúk, gèk anakmu iki nggåwå rupané såpå? Wóng jênah jèblês Kandar ngånå lho!" Mbah Tiah mbukani ómóng, mêcah sêpiné kamar. "Karomanèh åpå Bapakmu wís mingêr yèn tumindak ngono nèng kowé."
Sawisé ngêrti yèn mangkono kêlakuané Kandar, Asíh lan Mbah Tiah tumandang nggêntèni tanggúng jawabé bapaké bayi, ngrêsiki ari-ari.
"Sampéyan sêbút Mbah, mêngké yèn èntên napa-napané kêrsané bapaké bayi niki síng nanggúng," ujaré Asíh gêtêm-gêtêm.
Nganti síng nusúl wís ngayahi pêgawéané manèh, Kandar mêkså durúng ngatónaké irungé. Pisan iki wóng-wóng síng ånå kånå njalúk tulúng RT supåyå marani Kandar. Síng pådhå réwang isíh durúng bali. Nêrúsaké nggawé jênang abang jênang sêngkålå. Kabèh wís biså nglênggånå yèn bayi kang nêmbé lair iku ora dibrókóhi kåyå adat ing déså kånå.
"Nyuwún pangapuntên sadèrèngipún nggíh, Bu, kulå badhé matúr," kandhané Asíh nèng Bu bidhan.
"Nggih, Dhé, wóntén nåpå?"
"Mbók bilih mangké Mbak Nuníng badhé suntík KB lan mbótên gadhah dhuwít, njênêngan suntik mawón nggih, Bu. Wóng kawóntênané nggíh kadós ngatên. Mêsakakên mênawi gadhah mómóngan malíh," têmbungé Asíh nglancangi.
"Nggíh, Dhé Sih, kulå mbótên kawratan," wangsulané bidhan ayu iku, nglêgakaké.
"Mênawi ngêrsakakên suntík mangga mawón, Mbak Nuníng, tindhak griya kulå."
"Matur nuwún, Bu," kandhané Nuning.
Nyatané RT kuwagang nggåwå mulíh Kandar. Lagi mathúk lawang wís dipapag Asíh.
"Mas Kandar, tulúng sampéyan tumbasakên wêdhak bayi lan minyak têlón," pakóné Asíh kanthi sarèh. Ora ngatónaké rasané.
Rampúng kabèh síng kudu ditandangi ånå omahé Nuníng, Asíh mulih bêbarêngan karo tånggå liyané. Ora sidå blånjå mêrgå wis kawanên. Têkan ngarêp omahé Warsi, Asíh wêrúh síng duwé omah lagi dóndóm cêdhak lawang. Kêbênêran wóngé nolèh barêng ngêrti klébaté.
"Dhé War, kulå wau sampéyan takèni mungêl badhé blanja. Tibané mbótên sidå. Mbak Nuníng babaran," ora nganggo ditakoni, Asíh sêngaja muni.
"Aku ora krungu é Dhik," wangsulané Warsi, måråtuwané Nuníng.
"Putu sampéyan síng nêmbé lair niki èstri. Ayu blóngór. Jan jêblès bapaké," Asíh njúr bablas mulíh. Ora ngêntèni tanggêpané Warsi. Múng mbatín yèn simbók karo anak kók pådhå waé, ora ånå síng kêna dipilíh. Mokal mênåwå Warsi nganti ora ngêrti yèn Nuníng babaran. Omahé Nuníng isíh biså disawang cêthå såkå omahé Warsi. Gèk tånggå síng mårå ugå akèh. Pancèn wís sawêtårå suwé måråtuwå lan mantu iku anggoné ora cócók. Asíh ora ngêrti sêbab síng sabênêré. Asíh uga éthók-éthók ora ngêrti bab ora cócóké Nuníng lan Warsi.
Durúng nganti sêpasar, Asíh krungu yèn bayi wadón anaké Nuníng iku arêp diwènèhaké uwóng. Síng ngêpèk sêduluré Sari síng wís suwé omah-omah níng durúng duwé mómóngan lan manggón ånå kuthå.
"Kandar dhéwé kók, Yu Síh, biyèn síng tåwå-tåwå mbókmênåwå ånå wóng síng gêlêm ngêpèk anaké. Sadurungé babaran kaé. Aku krungu têrus crita nyang sêduluré bojoku síng tau rasan-rasan arêp golèk anak pupón. Golèké síng cêthå wóng tuwané sakêlórón. Mulå yå têrús digêlêmi déníng sêduluré bojoku," kandhané Sari dåwå nèng Asíh sing nlêsíh kabar mau.
Bubar sêpasar anaké Nuníng digåwå wóng síng ngadopsi.
Ora nganti sêwulan, nalika anggóné mélu lårå ati mêrga wêrúh pokalé Kandar isíh dirasakaké, Asíh wêrúh Nuníng lan Kandar gojèg nèng iringan omah. Wóng loro katón rukún sajak wís nglalèkaké kêdadéyan-kêdadéyan sadurungé. Asíh malah gêlå. Åpåmanèh sawisé ngêrti ing sasi-sasi sabanjuré Nuning ora mårå suntik KB nèng Bidan Wulan.


::Dening: Dhiana Andriyani::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

 kds penutup
wangsul-manginggil

скачать игры вулкан бесплатнонабор кисти для макияжаполигон

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9921687
  Hari ini     :  Hari ini :606
  Kemarin     :  Kemarin :1546
  Minggu ini   :  Minggu ini :1833
  Bulan ini   :  Bulan ini :21312
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 17

Kontak Admin.

email-kidemang