Ki Demang - Situs Sutresna Jawa Isi Sejarah Hanacaraka Ki Demang - Situs Sutresna Jawa
Kaca Ngajeng 03 Sejarah Hanacaraka
sejarah_hanacaraka

01.  Sejarah Hånåcåråkå

Aksårå Hånåcåråkå.
Aksårå Hånåcåråkå ( utåwå ) iku sarupaníng aksårå síng kaanggo ing Tanah Jåwå lan saubêngé kåyå tå ing Madurå, Bali, Lómbók lan ugå Tatar Sundhå.
Aksårå Hånåcåråkå iku ugå diarani aksårå Jåwå nangíng sajatiné ukårå iki kurang srêg amargå aksårå Jåwå iku warnané akèh saliyané iku aksårå iki ora namúng diênggo nulís båså Jåwå waé.

 
02 Aksårå Jåwå Hånåcåråkå

Aksårå Hånåcåråkå iku babóné aksårå Brahmi síng asalé såkå Hindhústan.
Ing anak bawånå Indhia iku akèh rupa-rupaníng aksårå. Salah sijiníng aksårå síng wigati iku aksara Pallawa saka Indhia sisih kidúl.
Aksårå iki inaranan mêngkéné miturút jênêngé salah siji karatón ing Indhia kidúl yaiku Karajan Pallawa.

 
03 Aksårå Pallawa

Aksårå Pallawa iku asalé såkå India sisíh kidúl. Jênís aksårå iki digunakaké ing kiwå-têngêné abad kapíng 4 lan abad kapíng 5.
Búkti kapisan panganggonan jênís aksårå iki ing Nuswantårå ditêmókaké ing pulo Kalimantan sisíh wétan ing cêdhak tlatah síng saiki diarani Kutai.

 
04 Aksara Majapait

Ing sajarah Nuswantårå mångså antårå taún 1250 - 1450 iki ditandhani karo dhominasi Måjåpait ing Jåwå Wétan.
Aksårå Måjåpait iki ugå nudúhaké pangarúh såkå gaya panulisan ing róntal lan rupané éndhah. Gayané sêmu kaligrafis.

 
05 Muncule Aksara Anyar Hanacaraka

Sawisé jaman Måjåpait, muncúl jaman Islam lan uga jaman Kolonialismê Kulón ing Tanah Jawa. Ing jaman iki banjúr muncúl naskah-naskah manuskrip kapisan síng wís nganggo aksårå Hånåcåråkå Anyar.
Naskah-naskah iki ora namúng katulís ing gódhóng palêm (róntal utawa nipah) manèh, nangíng ugå ing dluwang utawa kêrtas lan awujúd buku utåwå codex ("kodhèks").

 
06 Komputerisasi Aksara Hanacaraka

Wiwít dåsåwårså 1980-an pungkasan lan purwané 1990-an, aksårå Hånåcåråkå ugå digawèkaké fónt ing kanggo panrapan ing kómputêr. Salah siji síng kapisan nggawé fónt aksårå Jåwå iku Willem van der Molen, dhosèn filologi lan sastrå Jåwå Kuna ing Univèrsitas Leiden.