|
BÊBUKA
Íngkang sagêd mastani utawi ngraósakên manawi sêrat: Råmå punika saé, punikå inggíh namúng tiyang íngkang sagêd maós sêrat wau, ngrêtós dhatêng basanipún utawi ngrêtós dhatêng sêkaripún.
Tumrap jaman samangké tiyang íngkang ngrêtós kadós makatên wau nåmå långkå, såyå malíh ngèngêti kirang sumêbaríng cariyós wau. Milå inggíh bótên anggumunakên manawi dèrèng badhé ambikak sêrat Råmå punikå kéngíng dipún wastani bótên wóntên.
|
|
|
1. LAÍRIPUN RÅMÅ SASÊDÈRÈK.
Íng nagari Ngayodyå wóntên íngkang jumênêng Ratu, ajêjulúk Dåsåråtå, sudibyå såhå mungkúl dhatêng íng agami, putús dhatêng íng sastrå, tuwín dhatêng sawarniníng kawrúh, asíh dhatêng pårå abdinipun, íngkang tan pêgat asríng kaganjar.
Wóndéníng íngkang kagalíh amúng isarat, íngkang kéngíng
andadósakên karaharjaníng nagarinipún.
|
|
|
2. RÅMÅ KASARÅYÅ ÍNG PANDHITÅ, NGANTÓS DAUP KALIYAN DÈWI SINTA.
Kacariyós wóntên êmpuníng pårå panditå, anåmå bagawan Yógiswårå, akaliyan bagawan Mitrå. Sami sówan anyuwún pitulúng dhumatêng Prabu Dåsåråtå, amargi pratapanipún karêsahan íng danåwå, balanipún Prabu Dåsåmukå íng Ngalêngkå. |
|
|
3. WANGSÚL DATÊNG NGAYODYÅ NGANTÓS KÉSAH
MALÍH DUMUGI ÍNG RÊDI DHANDHAKÅ.
Anuntên wóntên pandhitå agêng inggíl mêdal sakíng wånå anåmå bagawan Jamadagni utawi Råmåbargåwå, ambêktå gandéwa satunggíl, agêngipún sauwitíng tal, Amurugi dhumatêng Råmå, kapuríh amênthangå gandhéwanipún wau. Yèn Råmå kuwawi amênthang, bagawan Jåmådagni narimah yèn kawastanånå kawón déníng Råmå; bilíh bótên kuwawi amênthang, Råmå narimahå kawastanan kasóran déníng sang pandhitå. |
|
|
4. DÈWI SINTA KADUSTA ÍNG PRABU DASAMUKA.
Kacariyós wóntên danåwå èstri, sadhèrèkipún êném Prabu Dåsåmukå íng Ngalêngkå, awastå Sarpåkanåkå. Punikå kautús dhumatêng íngkang råkå wau, amariksani rêdi íng Dhandhåkå.
Sadumuginipún íng rêdi wau, aningali Råmå akaliyan íngkang garwå, punåpå déné Laksmånå. Sarpåkanåkå kasmaran dhatêng Laksmånå, lajêng amalíh warni èstri ayu, supadós karêmênånå.
|
|
|
5. RÅMÅ ANGSAL PAMBANTU RATUNÍNG KÊTHÈK, SUGRIWÅ.
Sasampuníng ambêsmi bathangíng pêksi wau, Råmå akaliyan
Laksmånå lumampah malíh, aningali danåwå tanganipún panjang, anåmå Dirgabau. Rajaputra kêkalíh lajêng angunús curigå, tanganíng danåwå tinigas tugêl.
Danåwå wau lajêng malíh warni bagús, cahyanipún kadós srêngéngé. Acariyós dhatêng Råmå, yèn waunipún déwå, anåmå batårå Sri. Mila warni danåwå, awít anglangkahi wêwayanganipún batårå Guru.
|
|
|
6. ANOMAN KAUTUS RÅMÅ NUWÈNI DÈWI SINTA DHATÊNG NGALÊNGKÅ
Sarêng sampún numpak mångså katigå, Prabu Sugriwå bótên dhatêng íng rêdi Maliawan. Råmå lajêng angutús Radèn Laksmånå, kakarsakakên animbali Prabu Sugriwå.
Prabu Sugriwå énggal mangkat sabalanipún. Sadhatêngé íng ngarsanipún Råmå, lajêng anyuwún pangapuntên awít kasupèn íng Ubangginipún, anuntên Råmå anyarah sapamrayoginipún Prabu Sugriwå, bab badhé panglúrúgipún dumatêng nagari íng Ngalêngkå. Prabu Sugriwå lajêng andhawahkên paréntah dhumatêng Anóman, kapuríh lumampåå dhumatêng nagari íng Ngalêngkå, anjêjêpå Dèwi Sinta, wóntên íng Ngalêngkå akaliyan bótênipún.
|
|
|
7. ÍNG NGALÊNGKÅ APIRÊMBAGAN BAB MÊTHUKAKÊN RÅMÅ.
Kacariyós Prabu Dåsåmukå, íngkang angratóni nagari íng Ngalêngkå, sampun amidhangêt pawartós, yên badhé kalurugan dhumatêng Råmå, såhå yèn Råmå sampún masanggrahan wóntên íng rêdi Maéndrå.
Prabu Dåsåmukå miyós, sinébå íng pårå bupati såhå pårå abdi danåwå, Patihipún sang nåtå anåmå Prahastå. Punggåwå tuwín bupatinipún anåmå Prajånggå, Pragåså, Mintragnå, Wilohitakså, Dumrakså, Maundårå, Gatodårå, Kampånå, Wirupakså, Putadaksi, Panaksi, Jambumangli, Båjråmústi, Sokåsarånå,
|
|
|
8. RÅMÅ AKÈN DAMÊL TAMBAK ÍNG SAGANTÊN, KALAMPAHAN DADÓS.
Kacariyós Råmå íngkang masanggrahan wóntên íng rêdi Maéndrå; sakalangkúng prihatós íng galíh, angèngêt èngêt íngkang garwå. Bótên antawís dangu bålå kêthèk sami kagèt aningali pêtêng íng awang awang, danåwå kathah íngkang katingal, inggíh punikå balanipún Wibisånå. Bålå kêthèk sami gègèr, anarkå yèn Prabu Dåsåmukå rawúh badhé anukúp Råmå. Lajêng sami angaturi uningå dhumatêng Råmå. |
|
|
9. PRABU DÅSÅMUKÅ DAMÊL PAÉKÅ.
Prabu Dåsåmukå sarêng midhangêt pawartós, yèn sagantên sampún katambak dhumatêng Råmå, sartå balanipún sampún sami nyabrang, kèndêl wóntên íng rêdi Suwélå, sangêt prihatósing galíh.
Sarèhníng Dèwi Sintå bótên animbangi sihipún Prabu Dåsåmukå, sang nåtå lajêng damêl paékan, amuríh kasêmbadaníng karsanipún dhumatêng Dèwi Sintå, Mênggah paékanipún makatên : Prabu Dåsåmukå kagungan abdi bêbóyóngan jalêr kêkalíh kakang adhi, sami bagús warninipún. |
|
|
10. TÊLUKIPÚN PRABU DÅSÅMUKÅ KADÊNGANGAN. DÅSÅMUKÅ DIPÚN ANTÊP.
Kacariyós Prabu Dåsåmukå, andawahakên paréntah dhumatêng pårå punggawanipún, amanjêr daludag saurutíng radinan, sartå íng ngajêng griyanipún pårå bupati, punåpå déné angêríg sawarniníng bålå danåwå, kakarsakakên sami pacak barís.
Sang nåtå lajêng animbali bålå danåwå satunggíl, anåmå Sukåsrånå, punikå andêl andêlipún Prabu Dåsåmukå íng bab lampah sandi, kadawahan anêlík dhumatêng rêdi Suwélå, anacahakên bupati tuwin balanipún Råmå.
|
|
|
11. CAMPÚH PÊRANG NGANTÓS DUMUGI PÊJAHIPÚN PRABU DÅSÅMUKÅ.
Råmå lajêng andhawahakên parêntah, angêríg bålå kêthèk kakarsakakên sami apradandósan badhé pêrang.
Íng saunduripún Anggådå sakíng ngarsanipún Prabu Dåsåmukå, sang nåtå inggíh andhawahakên paréntah amêpak bålå danåwå, amirantósa sadêdamêlíng pêrang.
Bålå íng Ngalêngkå sampún sami pacak barís wóntên sajawiníng kithå. Råmå sabalanipún lajêng bidhal sakíng rêdi Suwélå, badhé anglurugi nagari íng Ngalêngkå. Sawarniníng kêthék sami ambêdhóli wít wítan, sawênèh mêndêt sélå, tuwín ambêdóli rêdi; punikå sadåyå badhé minångkå dêdamêlipún.
|
|
|
12. WIBISÅNÅ GUMANTÓS DADÓS RATU WÓNTÊNÍNG NGALÊNGKÅ, DUMUGI KAPANGGÍHIPÚN RÅMÅ KALIYAN SINTÅ, TUWÍN WANGSULIPÚN RÅMÅ DHATÊNG NAGARI NGAYODYÅ.
Sasampunipún ambêsmi layónipún íngkang råkå sakaliyan, Råmå angandikå dumatêng Wibisånå kapuríh jumênênga ratu wóntên nagari íng Ngalêngkå, anggêntósana Prabu Dåsåmukå. Wibisånå ngêstókakên karsanipun Råmå, lajêng amulang pratikêlipún íng ratu, tuwin wajibipún dhumatêng pårå abdi, punåpå déné dhumatêng pårå santånå. Sarêng sampún têlas wulangipún anuntên sawarniníng kêthèk íngkang pêjah íng paprangan, sami kagêsangakên malíh dhumatêng Råmå, isarat gódhóng Sandilåtå. |
|
|
|
|
|
|
|