044. Sang Pengarang
Pêngangêné wóng wadón tuwå síng rambuté wís mablúk kêbak uwan lan kulité garíng kuwi sabên-sabên tumlawúng adóh.
Mikiraké Púk, anak wadón siji-sijiné síng nganti dinané iki têtêp

 
Cêrita Cêkak -  

44. Sang Pengarang

Pêngangêné wóng wadón tuwå síng rambuté wís mablúk kêbak uwan lan kulité garíng kuwi sabên-sabên tumlawúng adóh.
Mikiraké Púk, anak wadón siji-sijiné síng nganti dinané iki têtêp durúng gêlêm rabi. Kamångkå simbóké wís ora kurang-kurang anggóné ngakón, nangíng panggah ora ånå asilé.
Mungguhíng Púk dhéwé, kåyå-kåyå pênjalúké simbóké síng tansah kawêtu lan dirungu sabên wêktu kuwi íng kanyatané ora naté digagas. Sênajan Púk dhéwé ngrumangsani, mênåwå umúr prawan kåyå dhèwèké wís pantês lamún tå kudu nglakóni rabi, omah-omah karo sawijiníng priyå. Nangíng anèhé, yèn sabên-sabên dikón utawa ditakóni ngênani bab kuwi, wangsulané mêsthi kêprungu èntèng: durúng wayahé!
“Pêrkårå rabi kuwi kanggoku gampang kók, Mbók. Saugêr aku gêlêm ómóng karo Cíp ngajak rabi, dhèwèké mêsthi cêpêt-cêpêt nglamar aku,” têmbungé Púk sawijiníng wêktu marang simbóké.
“Lha yèn ngono arêp ngêntèni åpå manèh, túr saiki Cíp yå wís nyambút gawé. Yèn ngono ndang rêmbugånå síng cêthå,” tumanggapé simbóké sajak sériús.
Krungu têmbungé simbóké síng kåyå ngono Púk malah mèsêm tipís. Kåyå síng uwís-uwís, Púk awèh wangsulan : durúng wayahé!
* * *
Têkan kono anggónku ngêtík daklèrèni. Amargå ora kuwat karo håwå sumúk íng ruang kêrjaku iki, aku banjúr jumangkah nyêdhaki prênahé cêndhélå. Dakbukak ngêblak. Saiki aku ngadêg íng ngarêp cêndhélå. Sumiliré angín nyêmpyóki awakku. Rasané kråså sêgêr. Rasané kråså sêgêr. Sawêtårå kuwi wêngi têrús mrambat kanthi ajêg. Aku banjúr bali mênyang kúrsi papan anggónku ngêtík sêkawít. Rókók síng ånå íng sacêdhaké mêsín kêtík kang múng kari patang lêr kuwi dakdudút siji. Daksumêt, bul, pêluké dakanggo dolanan.
”Mas, généyå wêngi ngéné cêndhélané kók dibukak? Kandhané bojoku sawisé mlêbu íng ruang kêrjaku.
”Åpå ora ngêrti, hawané sumúk bangêt ngéné, kók,” wangsulanku karo ngêmataké rókók síng mêntas waé daksumêt.
”Pancèn sumúk tênan kók hawané. Íng kamar aku yå ora bêtah. Wís rampúng åpå durúng síng gawé critå cêkak?”
“Durúng, lagi olèh sêmono kuwi. Cobå wacanên, kêpénak åpå durúng diwåcå?”
Bojoku síng wís biåså dakkóngkón ngorèksi tulisanku kuwi, tanpå kakèhan swårå banjúr njingglêngi tulisanku síng pancèné lagi olèh sêthithík kuwi.
“Mas, Mas, sabên nulís critå cêkak kók múng muthêg íng babagan katrêsnan waé. Åpå ora ånå têma liyané síng sêkirané luwih mênarík?” têmbungé bojoku sawisé rampúng måcå.
Aku ngglêgês. “Åpå salah yèn aku sabên-sabên ngrêmbúg pêrkårå katrêsnan? Kanggoku katrêsnan kuwi mujúdaké bab síng wigati tumrap uríp lan panguripané manungså. Manungså ora biså uríp tanpå trêsnå. Kanthi têmbungé liyå manungså bakal uríp kanthi laras lan kêpénak kalamún nyandhing síng jênêngé katrêsnan.”
”Nangíng åpå sampéyan ora isín karo pêngarang liyané, sabên-sabên kók múng nulís pêrkårå katrêsnan waé.”
”Généyå kudu isín? Pêngarang kuwi duwé kêbébasan kanggo nggarap téma åpå waé síng jumbúh karo angên-angêné.”
”Níng anu ki, Mas, manút pangrasaku íng wiwitané critå cêkak iki kók basané isíh katón kaku, túr isiné ènthêng lan cuwèr,” têmbungé bojoku ngrêmbúg bab liyå.
”Karomanèh, gawé jênêng tókóh kók múng Púk lan Cíp ki piyé, åpå ora ånå jênêng liya síng sêkirané luwih mênarík? Banjúr piyé critané Púk lan Cíp mêngko?”
Aku ngglêgês. Kabèh kandhané bojoku kuwi pancèn bênêr. Aku ngakóni mênåwå babagan pênókóhan íng critå cêkak iki isíh dakgarap sakgêlêmku. Jênêngé tókóh-tókóh múng dakgawé sêkêcêkêlé. “Wóng múng jênêng jroníng critå waé kók ndadak angèl-angèl anggóné mikír. Déné pêrkårå tókóh Púk lan Cíp íng critå kuwi mêngkoné sidå rabi åpå ora, aku ora bisa mangsuli saiki. Critané parågå loro kuwi gumantúng karo iliné imajinasiku mêngko,” kandhaku sabanjuré.
Bojoku mênêng, ora takón manèh. Sabanjuré jumangkah alón-alón ninggalaké aku tumuju mênyang kamaré, têrús mapan turu. Aku síng saiki kijènan íng ruang kêrjaku banjúr énggal-énggal nutugaké nggarap crita manèh.
* * *
Púk lan Cíp anggóné ngroncé taliníng katrêsnan satêmêné wís sawêtårå suwéné. Kêkaróné katón mésra bangêt. Ora bisa disélaki manèh, mênåwå Cíp bangêt gandrúng kapirangu marang Púk. Mulå wís makapíng-kapíng dhèwèké ngajak wanita síng ditrêsnani kuwi omah-omah. Nangíng émané Púk tansah wangsulan kanthi ènthèng. Jaréné saiki durúng wayahé. Wóng arêp omah-omah kuwi ora pêrlu kêsusu. Malah íng sawijiníng wêktu, Púk nêmóni Cíp sajak ngajak rêmbugan wigati.
“Cíp, luwih bêcík wurúngna waé kêkarêpanmu anggónmu bakal kêpéngín omah-omah karo aku,” kandhané Púk alón, nangíng cêthå.
“Åpå sêbabé kowé nganti kåndhå kåyå ngono?” wangsulané Cíp, kagèt, ora mudhêng karo kêkarêpané Púk.
“Åjå takón sêbabé. Pókóké wurúngna waé kêkarêpanmu kuwi!”
Cíp banjúr muríng-muríng sanalikå barêng krungu kandhané Púk síng kåyå ngono mau. Dhèwèké såyå ora trima yèn kudu pisah karo wanitå síng ditrêsnani kuwi tanpa alêsan síng cêthå.
“Rúl!”
Tanganku síng lagi dolanan tut-tut mêsín kêtík kapêksa mandhêg, nalikå dumadakan ånå swårå síng ngundang jênêngku, såkå arah cêndhéla íng sisíh kiwaku síng isíh bukakan. Aku nolèh. Íng sanjabané cêndhéla katón ana wóng lanang nyawang aku kanthi pandulu sêrêng sajak nêsu.
“Rúl, kowê åjå sawênang-wênang dupèh dadi pêngarang! Kowê banjúr sêngåjå gawé critå sakarêpmu dhéwé. Kowé åjå ngawúr!”
“Kowé såpå lan åpå karêpmu?”
“Aku Cíp, tókóh íng critamu. Kowé dadi pêngarang gênah ngawúr! Aku lan Púk síng sêjatiné pådhå-pådhå trêsnané lan sêdhélå manèh arêp rabi, kari ngêntèni wêktu waé, généyå dumadakan pisah tanpå alêsan síng gumathók. Dhasar pêngarang góblók, pêngarang ngawúr!”
“Pêrkårå kowé dakdadèkaké utåwå dakpisahaké karo Púk, kuwi urusanku. Íng kéné aku síng dadi pêngarang,” têmbúngku muntab jalaran panas atiku diunèni kaya ngono.
“Yén ngono åpå nasibé tókóh kåyå aku iki bisa kókgawé sakêpénakmu, manút émosi pribadimu?”
“Pancèn mêngkono. Tókóh-tókóh íng critaku kabèh kudu manút karo kêkarêpanku, minångkå pêngarang. Aku kuwåså nêmtókaké nasibé tókóh-tókóh jroníng critå síng dakgawé.”
“Yèn ngono aku ora trimå. Síng gawé nasíbku dadi ora karuwan iki kowé. Nasíbku kudu kókowahi, supåyå Púk sidå dadi sisihanku!”
“Ora biså. Aku pêngarang, ora biså didhékté déníng såpå waé. Apa manèh déníng parågå-parågå síng dakgawé.”
“O, bangsat, yèn ngono kowé prêlu diwènèhi pêlajaran. Supåyå ora sawênang-wênang ngatúr nasibé liyan.”
Bubar ómóng kåyå ngono Cíp banjúr mlumpat cêndhélå, kanthi kêbak kanêpsón. Sawisé adu arêp karo aku tangané langsúng kumlawé ngantêm raiku. Dibacútaké sikilê ndhupak dhadhaku sakayangé. Panyawangku dadi sumrêpêt, lan saya suwé saya pêtêng. Wêkasané aku ambrúk ora élíng.


::dening: Khoirul Soleh ::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos,  Edisi : 4/8/2010, Hal.C
http://www.solopos.co.id

 kds penutup
wangsul-manginggil

Вадим Логофет Сбербанккисточки для макияжа купить недорогосупермаркет класс

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7300072
  Hari ini     :  Hari ini :723
  Kemarin     :  Kemarin :1596
  Minggu ini   :  Minggu ini :6850
  Bulan ini   :  Bulan ini :27348
Kunjungan Tertinggi
08-22-2016 : 1963
Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang