043. Kang Urip
Wênginé wís lingsír, pancèn. Nangíng lampu íng kamar ngarêp omah gaya Spanyólan kuwi katón isíh kêncar-kêncar. Sunaré nganti nróbós mêtu omah liwat róstêr.
 
Cêrita Cêkak -  

43. Kang Urip

Wênginé wís lingsír, pancèn. Nangíng lampu íng kamar ngarêp omah gaya Spanyólan kuwi katón isíh kêncar-kêncar. Sunaré nganti nróbós mêtu omah liwat róstêr.
Nandhakaké yèn íng omah kuwi isíh ånå tåndhå-tåndhå panguripan síng ditindakaké síng duwé omah. Yå, íng kamar kuwi katón wóng lanang sêtêngah tuwå lagi lunggúh ijèn. Tangané nyêkêli sawijiníng buku lawas síng wís ora wutúh manèh.
   Amênangi jaman édan
   Éwúh åyå íng pambudi
   Mèlu édan nora tahan
   Yên tan mèlu anglakóni
   Boyå kêduman mélík
   Kalirên wêkasanipún
   Ndilalah karså Allah
   Bêgja-bêgjanê kang lali
   Luwíh bêgjå kang élíng lawan waspådå
Sawijiníng têmbang karyané pujånggå Rånggåwarsitå síng wís ora asíng manèh íng satêngahé masyarakat Jåwå dumadakan kawêtu såkå lathiné. Sênajan kêprungu rådå bléro, nangíng têmbang kuwi wola-wali ditêmbangaké. Kåyå-kåyå wóng lanang kuwi kêpéngín njlumati sêjatining maknå íng têmbang kuwi.
“Sênajan têmbang iki diciptå íng wêktu kapungkúr, nangíng isiné isíh têtêp cócók nganti sêpréné,” wóng lanang kuwi ngudåråså dhéwé sawisé mandhêg nêmbang. Dhèwèké banjúr sèndhèn íng tangan kursi síng dilungguhi. Sêdhélå-sêdhélå unjal ambêgan landhúng. Nangíng ora suwé. Sawisé kuwi dhèwèké banjúr jumangkah nyêdhaki prênahé cêndhélå. Dibukak ngêbyak. Angín wêngi langsúng nyêmpyóki awaké, kråså sêgêr mêrgå bêngi kuwi hawané sumúk bangêt.
Sawisé nyawang sêpiníng wêngi liwat cêndhélå, wóng lanang kuwi banjúr bali lunggúh íng kursiné sêkawít. Karêpé kêpéngín mbalèni nêmbang. Nangíng durúng nganti kalêksanan, dumadakan ånå swårå gumêrité lawang síng dibukak.
“Kang Uríp, généyå wís têngah wêngi ngéné durúng turu?” kêprungu têmbungé wóng wadón sawisé njêdhúl såkå suwaliké lawang lan saiki ngadêg ing sandhingé wóng lanang sêtêngah tuwå kuwi.
“Iyå, kadingarèn bêngi iki aku ora ngrasakaké ngantúk,” wangsulané Kang Uríp, wóng lanang kuwi. Sing wadón mèsêm.
“Anggêr-anggêr ora bisa turu mêsthi têrús nyêkêl buku kuwi. Nêmbang lan nêmbang. Åpå ånå untungé?” kandhané sabanjuré karo nyêkêli pundhaké síng lanang.Kang Uríp unjal ambêgan.
“Aku dhéwé ya gumún. Anggêr nyêkêl lan nêmbang ngéné iki atiku kók rasané dadi kråså kêpénak, têntrêm. Urusan kantór síng durúng bisa karampúngaké sawêtårå biså dilalèkaké. Sêmono ugå sêsangganíng uríp íng sêdinå-dinå.”
Krungu têmbungé síng lanang ngono kuwi, síng wadón ora biså kumêcap manèh. Trimå mênêng.
“Karo manèh, isiné têmbang-têmbang iki kanyatané ora naté luntúr kêpangan jaman. Kåyå-kåyå têmbang mau nudúhaké mênåwå aku, kowé lan såpå waé kudu tansah ngati-ati lan waspådå ngadhêpi ganasé panguripan síng kêbak kamuskílan lan kadúrjanan,” têmbungé Kang Uríp manèh.
Síng wadón panggah mênêng. Puluhan taún omah-omah karo Kang Uríp, dhèwèké wís ngêrti atèn-atèné síng lanang. Krånå yèn síng lanang wís ngono kuwi ora gêlêm diganggu, síng wadón trimå nyêkarêp. Sabanjuré ninggalaké síng lanang, bali mlêbu kamaré. Mapan turu. Sawêtårå Kang Uríp isíh panggah nyêkêli buku lawas kuwi.
* * *
Têkan kono anggónku ngêtík dumadakan mandhêg. Ah, êmbúh, généyå ilinê imajinasi dumadakan macêt. Gêgambaran arêp mbacutaké aluré critå cêkak síng lagi takgarap sansåyå ora cêthå. Kanggo nglêrêmké ati síng rumångså éman généyå anggonku nggarap critå ora rampúng, komputêr banjúr daktinggal. Aku mêtu såkå kamar, nyêdhaki bojoku síng lagi nóntón TV.
“Åpå wís rampúng anggóné nggarap critå cêkak, Pak?” pitakóné bojoku sawisé aku lunggúh ånå cêdhaké.
“Durúng. Imajinasiku malah macêt, ora biså nutugaké gawé critå,” wangsulanku sawisé nyumêt rókók.
“Ngono waé ngåpå ndadak bingúng? Dadi pêngarang wís puluhan tahún suwéné mósók nganti kangèlan gawé critå,” têmbungé bojoku karo ngêmataké sinêtrón íng TV.
Aku ora énggal wangsulan. Yèn dakrasakaké têmbungé bojoku mau pancèn ånå bênêré. Mósók aku síng wís suwé ngrungkêbi donyané kêpêngarangan nganti kêntèkan idhé?
“Pak, kanggoné njênêngan gawé critå kuwi mêsthiné rak gampang. Muríh bêcík lan énak diwåcå wóng akèh, bab-bab síng nalar digawé ora nalar. Sêmono ugå síng ora nalar biså digawé crita síng nalar,” kawêtu manèh gunêmé bojoku.
Krungu têmbungé bojoku síng pungkasan kuwi, êmbúh généyå aku kåyå-kåyå bali nêmókaké imajinasi manèh kanggo nutúgaké critå cêkak síng lagi dakgarap bêngi iki. Tanpå kakèhan gunêm, aku banjúr mênyat ninggalaké bojoku síng isíh ngêmataké sinétrón. Aku bali mlêbu kamar, ngêdhêp komputêr.
* * *
Têngah wêngi candhaké Kang Uríp bali nglakóni kåyå bêngi-bêngi sadurungé. Dhèwèké bali ngêdhêp buku lawas isi têmbang-têmbangé Rånggåwarsitan. Lan pådå kapitu Sêrat Kålåtidhå wola-wali ditêmbangaké manèh. Kåyå-kåyå ora ana bosêné.
Sawisé rådå sawêtårå suwéné anggóné nêmbang, dhèwèké banjúr njupúk rókók íng ndhuwúr méjå ngarêpé. Dijupúk sak lêr, disumêt. Pêluké bal-bul dianggo dolanan. Nangíng ora suwé. Rókók íng tangané síng pancèn isíh rådå dåwå dumadakan banjúr dicêcêg ing asbak.
Saiki, karo lèyèh-lèyèh suméndhé tangan kúrsi, pêngangêné Kang Uríp mlayu têkan ngêndi-êndi. Mikír lan mikír jaman édan síng kåyå-kåyå têrús lumaku. Jaman síng ditêpusi manungså nganti ngórbanaké jatidhiri. Lali tatanan, aturan lan norma síng mêsthiné kudu digóndhèli. Ora pêjabat, óra wóng cilík akèh síng wís mingêr kêblaté, lali panêmbahé. Åpå waé dilakóni saugêr biså mburu kasênêngané ati. Ah, mikír têkan sêmono pikirané Kang Uríp sansåyå dadi ora karuwan. Atiné nggrantês ngrasakaké jaman síng dilakóni saiki.
Íng satêngahé-têngahé mikír jaman síng sansåyå ngutawatiri kuwi, dumadakan Kang Uríp digawé kagèt. Kagèt kêpati mêrgå ngêrti-ngêrti kupingé krungu ånå swårå têmbang ngayút-ayút. Têmbang kasênêngané kuwi saiki kåyå-kåyå lagi ditêmbangaké wóng liyå síng arahé såkå njaban kamar.
Kagåwå kagèté síng kêpati-pati kuwi Kang Urip nyobå nggolèki asalé swårå. Lan saébå tambah kagèté, ngêrti-ngêrti såkå njåbå cêndhélå síng kawít mau sêngåjå dibukak katón pawóngan ngadêg, sênajan múng katón pérangan wêtêng mêndhuwúr. Pawóngan mau nganggo súrjan lurík lan ikêt wulúng.
“Kowé såpå?” kawêtu têmbungé Kang Uríp, rådå gróyók, sawisé mripaté tumancêp marang pawongan síng ngadêg ånå njåbå cêndhélå.
Síng ditakóni múng mèsêm. “Aku síng nganggít têmbang-têmbang kasênênganmu kuwi,” têmbungé sabanjuré, kêprungu liríh.
“Hahh......”
“Åjå kagèt! Aku bisa njêdhúl kapan lan íng ngêndi waé. Saugêr isíh ånå wóng kang gêlêm mêrdèni têmbang-têmbang kuwi íng satêngahé panguripan síng poyang-payingan, jiwaku têrús bakal uríp. Kåyådéné Uríp, jênêngmu kuwi.”
Kang Uríp ora biså kumêcap manèh. Blangkêmên. Pawóngan síng dumadakan njêdhúl lan saiki ngadêg ånå njåbå cêndhélå kuwi têrús dipandêngi.
* * *
“Rúl!”
Tanganku síng lagi asyik dolanan tut-tut komputêr dumadakan mandhêg. Sawisé ngêrti-ngêrti ånå swårå síng ngundhang jênêngku. Swårå tanpå rupå kuwi kêprungu cêthå íng kupíngku.
“Såpå kowé?” pitakonku sênajan rada gragapan, ora pêrcåyå karo anané swårå kuwi.
“Aku jiwå. Jiwå síng ana njêroné critå síng lagi kokgawé.”
Aku mênêng, íng batín têtêp ora pêrcåyå karo swårå kuwi.
“Généyå playuné imajinasimu dadi kåyå ngono?” swårå tanpå rupa kuwi kêprungu manèh.
“Åpå salah aku gawé critå kåyå ngono? Kabèh mau rak múng nuruti ilinê imajinasi waé.”
“Kênå-kênå waé gawé critå kåyå ngono. Nangíng kowé kudu ngêrti, sêjatiné Kang Uríp, parågå íng critamu kuwi sêjatiné mujúdaké gêgambaran atimu síng lagi mbókrasakaké saiki. Sêpisan manèh ora åpå-åpå kowé gawé critå kåyå ngono. Bêcík kuwi. Yå ngono kuwi dadi pêngarang. Kudu wani nggarap críta sing nyèntrik. Síng ora nalar digawé nalar utåwå suwaliké. Pêrkårå wóng maca arêp alók piyé, kuwi urusan mburi.”
Bubar krungu swårå kåyå ngono, dumadakan komputêr mati pêt. Anèhé manèh, lístrík uga banjúr mati. Saiki sêsawangan dadi pêtêng lêlimêngan. Såkå papan liyå, capêt-capêt kêprungu swarané bojoku síng grundhêlan mêrga ora tutúg anggóné nóntón sinétrón.


::dening: Khoirul Soleh ::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos Edisi : 12/3/2009, Hal.C
http://www.solopos.co.id

 kds penutup
wangsul-manginggil

happy jungle игровой автоматкупить посуду для стеклокерамической плитыtopodin отзывы

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7301392
  Hari ini     :  Hari ini :818
  Kemarin     :  Kemarin :1225
  Minggu ini   :  Minggu ini :8170
  Bulan ini   :  Bulan ini :28668
Kunjungan Tertinggi
08-22-2016 : 1963
Online : 41

Kontak Admin.

email-kidemang