003. Dúrjånå
Pak Sarmín katón gêtêm-gêtêm, ngrungókaké pawartå, yèn íng wêktu iki akèh wóng kang kélangan, akèh malíng kang pådhå bêropérasi. Sak liyané omah-omah biasa, papan kang kanggo
 
Cêrita Cêkak -  

03. Dúrjånå

Pak Sarmín katón gêtêm-gêtêm, ngrungókaké pawartå, yèn íng wêktu iki akèh wóng kang kélangan, akèh malíng kang pådhå bêropérasi. Sak liyané omah-omah biasa, papan kang kanggo jujugan malíng yå iku kantór-kantór pêmêrintahan.
Pak Sarmín katón anyêl amargå sêtêngah tahún kêpungkúr kantóré yå pêrnah disatróni malíng. Sanadyan bapak kêpala íng kantóré ora paríng dukå marang dhèwèké, nangíng Pak Sarmín rumångså isín. Åpå manèh dhèwèké kudu ngadhêpi pitakóné bapak-bapak såkå kêpulisian, síng sêmuné kåyå nudhúh marang dhèwèké.
Pak Sarmín anggóné jågå malêm íng salah sawijiné kantór pêmêrintahan wís sawêtårå suwé, kurang luwíh wís róng pulúh tahun. Mbók mênåwå umuré wís kêtuwan mênåwå ngajókaké dadi pêgawai nêgêri, mulå dhèwèké wís mupús. Jågå malêm kanggoné dhèwèké ora nggolèki lêmbaran rupiah, nangíng ngiras pantês kanggo tirakat, mêlèk wêngi, kanggo sêsiríh. Ora ånå liyå síng diprihatinaké, didongakké sabên dinå yaiku anak lanang siji-sijiné, Parjo. Anak lanang síng didåmå-dåmå, digadhang-gadhang lan digayúh mugå-mugå bisa mikúl dhuwúr mêndhêm jêro marang dhèwèké.
Parjo salah sawijiníng pêmudha kang gagah, dêdêg piadêgé éntúk, lan praupané ya ora pati nguciwani. Mulå ora maido yèn duwé pêpinginan dadi pulisi. Nanging Pak Sarmín sêmpat was-was, sawisé lulús SMA, Parjo wís nyobå ndhaftar dadi pulisi kapíng pindho, nangíng gagal têrús, lan ora mangêrtèni åpå síng nyêbabaké gagalé. Yèn ditakoni jaré kabèh ujiané yå biså nggarap, ujian fisik yå biså, mbók mênåwå nasibé waé sing durúng apík.
Róng ndinå iki Pak Sarmín ora doyan mangan, amargå mikír pênjaluké anaké lanang. Anak lanang siji-sijiné ora tau njalúk, njalúk pisan waé dhèwèké ora biså nuruti. Parjo pancèn arang nêmbúng njalúk marang wóng tuwané, wís kulinå såkå cilík, kêpingín klambi waé ora bakal nêmbúng marang wóng tuwané. Nèk ditukókné yå diênggo, nèk ora yå múng mênêng waé. Róng ndinå kêpungkúr Parjo sêmpat ngómóng marang bapaké,
"Pak, pripún nèk kulå pênjênêngan pundhútké mótór, krédit mawón, mêngké kula tak ngojèk, hasilé rak sagêd kanggé ngangsúr..., timbangané kulå nganggúr wóntên ndalêm, sak mênika padós pêdamêlan nggíh angèl?!".
"Jo..., Jo... åpå kowé ki ra ngêrti, dinggo nyukupi butúh sabên dinané waé kangèlan, la kók dinggo tuku móntór!, kowé kuwi nglindúr pó piyé?"
"Nggíh sampún....".
***
Têlúng sasi wís mlaku, rikålå wêktu ngasar Karmo, adiné lanang Pak Sarmín nyêdhaki lungguhé Pak Sarmín têrús ngómóng kanthi sora lan sêmangat makantar-kantar, "Mas... Mas Sarmín, ati-ati lho Mas... sakiki wis wiwít akèh pêncurian, malíng-malíng wís mêrajaléla manèh, kåyå têlúng sasi kêpungkúr, iki malah tambah nêmên."
"Mo... Mo! Ómóng kók pathing pêcóthót, mêrajaléla ki åpå cobå?"
"Hé... hé..., êmbúh Mas, wóng aku gúr mèlu-mèlu koran kaé kók! Níng tênan lho Mas, soalé síng diarah sakiki kantór-kantór manèh, biasané njikúk kónmutér, síng di jikúk åpå ya... anu, nèk ora salah jênêngé cé... pé... u."
"Mbók nèk ra mudhêng ki takón sík, dadi nèk ómóng ora ngisin-isini, kónmutêr ki bèn mumêt på?! Síng bênêr ki kómputêr....., cah nèk ra tau mangan sêkolahan yå kåyå kowé kuwi...."
Ngrungókké sindhirané kakangé, Karmo gúr njêgègès, malah têrús nêrangaké nganggo bahasa Indonésia.
"Coba bayangkan dalam satu bulan saja di sêkitar kita ini sudah têrjadi lima kali pêncurian dan anèhnya sêpêrti di jadwal. Hari ini sêbêlah barat, dua hari kêmudian timúr, têrús sêlatan, utara... wah uédan tênan. Apa polisi tidak bêrtindak yå Mas?! Wah..... sungguh têrlalu!" Karmo nirókaké gayané salah sawijiné pêran ing sinêtrón Êntóng.
"Iyå, aku ngêrti, têrús aku kón ngåpå?" sêmauré Pak Sarmín.
"Lho.... Sampéyan niku pripún tho Mas, lha wóng kêmarin kan kantóré Mas Sarmín baru dapat kiriman lima sèt kómputêr lêngkap, pasti mêréka sudah tahu. Saya yakin lima ratús pêrsèn kalau sêbêntar lagi pasti mênjadi TO-nya para pêncuri itu!".
"Kowé kuwi ómóngan nyêlót ra nggênah, lé mu sinau bahasa Indonésia ki nèngêndi to Mo, wóng yakin kók limangatús pêrsèn, éh.... Mo, TO kuwi åpå tó?"
"Wah Mas Sarmín ki kurang gaúl tênan, TO itu singkatan dari Targèt Opêrasi!! you know?!... yå opêrasinya pårå pêncuri itu," Sarmo njawab karo nyêngèngès.
"O... alah Mo... Mo, mbók nyêbút. Lha wóng kowé kuwi gúr lulusan kathók cêndhak waé kók kêmaki!"
Durúng suwé anggóné pådå rêmbugan, Parjo katón nyêdhaki bapaké karo nggawa bungkusan.
"Pún dangu, Lík? Niki kula tumbaské gorèngan, mumpúng taksíh angêt. Niki Pak kula tumbaské sês, rêmêné bapak!" Parjo ngulúngaké rókók marang bapaké. Karmo njawab pitakóné ponakané térús nyaút témpé gorèng lan lómbók rawít.
"Wah kowé kalêbu wóng síng untúng, Mas! Anak múng siji, gèk ngêrti marang wóngtuwå. Lha aku iki anak papat, jan blas ora ånå síng ngêrti siji-sijia. Åpå manèh nukókké rókók, isané ya nyêlêri rókóké bapaké! Parjo ki sakiki kêrja nènggêndi ta, Mas?"
"Ora kêrjå åpå-åpå, nèk tak takóni jaré yå múng bísnís kêmbang karo kancané, kuwi lho... síng jênêngé Jêmani karo Gêlómbang Cinta åpå piyé? Aku ra pati mudhêng."
***
Wiwít soré råså atiné Pak Sarmín ora kêpénak, tansah was-was ora ånå jalarané. Biså ugå yå amarga pêngarúh ngimpiné dhèk wingi bêngi. Ngimpi síng kanggoné wóng-wóng jaman ndhisik ånå sasmita síng ora bêcík. Miturút piwulang Jåwå, ngimpiné ånå pérangan wêngi kang diarani puspåtajêm, miturút pårå pinisêpúh biyasané bakal numusi. Pak Sarmín ngimpi yèn untu nduwúr pathal siji.
"Pak..., mbók rasah digagas, lha wóng ngimpi kuwi kêmbangé wóng turu...," ngono sêmauré bojoné rikålå dicêritani ngimpiné. Udåkårå jam wolu bêngi, Pak Sarmín mangkat mênyang kantór nindakaké pakaryané jågå malêm.
Kirå-kirå jam sêtêngah siji bêngi Pak Sarmín wêrúh klébaté wóng loro kang nuju marang ruang kómputêr, sajaké nyubriyani, têrús dhèwèké ndhêdhêpi. Nyumurupi ruang kómputêr kasíl dibukak, Pak Sarmín katón gêmêtêr, sikilé kåyå dipaku nèng njogan. Pak Sarmín gumún, malíng saiki pancèn pintêr-pintêr tênan, lha wóng ruangan ånå kunciné kók biså dibukak kanthi gampang. Diwanèk-wanèkké, Pak Sarmín nyaút kayu póthólan sikíl kursi, nyêdhaki wóng loro kang mbukak ruang kómputêr, émané praupané wóng loro mau ora katon, amargo ditutupi nganggo topèng. Sawisé cêdhak, Pak Sarmín nggêtak sak rosané, dadi kagèté wóng sakklórón mau.
"Arêp dhå ngåpå kuwi???"
Krungu suarané Pak Sarmín, pawóngan síng isíh ånå njåbå kagèt têrús mlayu sipat kupíng. Luwih kagèt pawóngan síng isíh ånå njêro, rikåla mlayu mêtu dhadhané diantêm nganggo kayu sikíl kursi, "blukk!!!" tanpa sambat sak nalikå klêngêr, lan njêbabah ånå têras. Nyumurupi síng digêbúg ambrúk, Pak Sarmín tambah gêmêtêr, katón ngós-ngósan, têrús ndhéprók ånå cêdhakké pawóngan mau. Sakwisé gêmêtêré rådå mêndha, topèngé pawongan mau dibukak.
"Lho... kók kowé, Parjo!"
Pak Sarmín sémapút.


::Dening: P Dasihanto FD::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

 kds penutup
wangsul-manginggil

mfx brokerблинная сковорода как выбратьотзовик

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7369621
  Hari ini     :  Hari ini :625
  Kemarin     :  Kemarin :872
  Minggu ini   :  Minggu ini :4094
  Bulan ini   :  Bulan ini :18563
Kunjungan Tertinggi
08-21-2016 : 1963
Online : 25

Kontak Admin.

email-kidemang