18. Prahårå


Sawisé pêsisír Acèh kêtrajang tsunami síng ngédab-édabi, banjír nrajang pérangan Acèh liyané.
Kahanan Acèh såyå nrênyúhaké, mrihatinaké lan mêlas bangêt.

 
Puspåwarnå - ᭙

18. Prahårå

Sawisé pêsisír Acèh kêtrajang tsunami síng ngédab-édabi, banjír nrajang pérangan Acèh liyané.
Kahanan Acèh såyå nrênyúhaké, mrihatinaké lan mêlas bangêt.
Acèh dadi bosah basèh amargå tsunami, isíh kêtambahan karo banjír síng nrajang wilayah Acèh liyané.
Banjír bandhang ugå nrajang tlatah Sumatra lór lan kidúl, Lampúng, Kalimantan kulón lan têngah.
Banjír nêmah pérangan wilayah liyané, ngrusak dalan, krêtêg lan nrajang sawah, tambak, kêbón, pêkarangan ing padésan.
Pêkêbónan, tambak lan sawah dadi puso ora bisa panèn.
Kuthå métropolitan Jakarta ugå kêbanjiran.
Akèh bangêt pêndudúk ngungsi ånå papan síng aman.
Aula kantór, sêkolahan, balai RW, Masjid lan liyå-liyané dadi papan pêngungsèn.
Lagi iki Jakarta ngalami banjír síng palíng gêdhé.
Banjír nêmah papan síng cêndhèk, mlêbu pêkarangan lan omah, nyundhúl plafón síng dhuwuré têlúng mètêran.
Pérangan omah síng kêtrajang dadi rêgêd ora karu-karuwan.
Karpèt, mèbêlèr, lêmari, naskah, dókumèn, TV, radio, bantal, kasúr, sêpéda mótór lan pêrabótan omah liyané, kênå banjír kêcampuran lêmi lan rêgêdan liyané.
Omah ånå síng rusak lan ambrúk nambahi kahanan síng nyusahaké.
Akèh bangêt båndhå síng ilang ora bisa dislamêtaké.
Wargå síng ånå pangungsèn, tuwa-anóm, gêdhé-cilík, sugíh-mlarat, pådhå nandhang susah nåmpå kahanan mau.
Gêgandhèngan karo banjír (musiman, tahunan) mau, rélawan, tim SAR, LSM, satkórlak, aparat pêmêrintah lan liyå-liyané pådhå tandang mbiyantu ngènthèngaké kahanan.
Kanggo mbiyantu pårå kórban dibukak pósko, dapúr umúm, pós layanan kêséhatan lan liyå-liyané.
Bantuan pangan, sandhangan, obat-obatan lan kêbutuhan pêdinan liyané dikirím kanggo pårå kórban.
Kabèh pådhå mbudidaya supåyå bisa ngènthèngaké síng lagi susah amargå kêna musibah.
Badan Météorologi lan Géofisika (BMG) nêrangaké mênåwå sasi Januari tahún iki curah udan mundhak dadi dhuwúr.
Udan dêrês arêp nêmah akèhíng tlatah ing bumi nuswantårå. Gêgandhèngan karo praståwå iku, obahíng banyu ing sasi Januari lan Fébruari iki luwíh gêdhé karo padatan.
Obahíng banyu biså nrajang åpå waé lan såpå waé, ora mbédak mbédakaké drajat, pangkat lan kahanan.
Lakuné banyu, såkå cilík dadi gêdhé biså kêdadèn ånå ngêndi waé lan ora nóntón wêktu.
Wayah prak ésúk, awan, soré utåwå bêngi, banjír biså nêmah lan nrajang såpå waé.
Banyu udan síng tumibå ing tlatah pêgunungan biså njalari lakuníng banjír síng nggêgirisi.
Alas síng gundhúl, kahanan lingkungan síng rusak, pêmukiman lan wêwangunan síng ora têmåtå, bisa nuwúhaké banjír bandhang síng ngédab-édabi, ngrusak lan nrajang tlatah ngêndi waé.
Ora múng ing padésan, kuthå-kuthå ing pêsisír biså rusak bosah-basèh kêtrajang banjír bandhang.
Kórban arupå båndhå (donyå), wêwangunan, fasilitas umúm síng rusak lan liyå-liyané, yèn di kêrtå aji, ånå puluhan trilyún rupiah.
Kanggo mulihaké kahanan, mliginé ing Acèh dibutúhaké wêktu puluhan tahún.
Anggaran lan blånjå pêmêrintah dadi tambah lan kudu disisíhaké kanggo program rékónstruksi.
Bumi síng horêg utåwå lindhu síng nuwúhaké prahårå tsunami ing Acèh, prahårå banjír síng nrajang akèhing wilayah ing Indonésia, pantês sinêbút prahårå alam síng bangêt nggêgirisi.
Lagi iki bumi Nuswantårå kêtrajang bêncana alam síng palíng gêdhé lan ngédab-édabi.
Isíh sêsambungan karo prahårå alam, mliginé bab obahing banyu (hêr), ing jagad pêwayangan ånå lakón síng biså dadi têtimbangan.
Mêthík kawrúh såkå lakón Múrwakala ing upåcårå Ruwatan, ånå jinisé manungså síng nandhang sukêrtå. Mênawa sukêrtå ora diruwat bisa nêmóni bilahi (malapêtaka), amargå dipangan Bêthårå Kålå.
Sabanjuré ånå ing kitab Manikmåyå, dumadiné Bêthårå Kålå karånå anané kåmåsalah síng tumibå ing samodrå. Tumètèsing kåmåsalah nuwúhaké panas, banyu sêgårå umób lír linêbúr.
Obahíng banyu sêgårå sinurúng lésús pindhå pinusús nuwúhaké ombak gêdhé ngêlêbi dharatan kåyå-kåyå arêp ngêlêm jagad.
Kahyangan gègèr, pårå Déwa didhawuhi siyågå lan nggåwå gêgaman piranti pêrang.
Kabèh gêgaman ditamakaké ing samodra, síng akhiré salín rupå wujúd Bêthårå Kålå síng kudu nyírnakaké manungså kang nandhang sukêrtå.
Wêwatón wulangan Jåwå ing upåcåra ruwatan, ånå kapêrcayaan síng diugêmi yåkuwi såpå síng nandhang sukêrtå supåyå slamêt kudu diruwat.
Måntrå-måntrå arupå caråkå balík síng diwåcå ånå ing ruwatan, nduwèni sari pathi yåkuwi panyuwunan utåwå pandongå supåyå slamêt, rahayu, hayu-hayu niskålå.
Ngadhêpi prahårå alam ing bumi Indonésia, lakón wayang Múrwåkålå biså dadi wulangan (sinandi) supåyå pådhå tansah élíng, dhikír, dêdongå lan têrús ngibadah kanthi luwíh apík marang Gústi Allah.
Muga Allah SWT nulungi lan mêsakaké Indonésia síng lagi nandhang susah. Amin.


Déníng : Ki Sutadi
Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

 kds penutup
wangsul-manginggil

Вадим Логофеткрасные тени век макияжхарьков nikas

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7369621
  Hari ini     :  Hari ini :625
  Kemarin     :  Kemarin :872
  Minggu ini   :  Minggu ini :4094
  Bulan ini   :  Bulan ini :18563
Kunjungan Tertinggi
08-21-2016 : 1963
Online : 20

Kontak Admin.

email-kidemang