16. Lésús


Róng minggu sadurungé sasí Surå, angín gêdhé nêmah kuthå Sêmarang. Puluhan wít-witan pådhå ambrúk.
Ånå pérangan omah, pagêr, trotoar, talúd lan liya-liyané pådhå rusak.

 
Puspåwarnå - ᭙

16. Lésús

Róng minggu sadurungé sasí Surå, angín gêdhé nêmah kuthå Sêmarang. Puluhan wít-witan pådhå ambrúk.
Ånå pérangan omah, pagêr, trotoar, talúd lan liya-liyané pådhå rusak.
Ora múng kuwi, pérangan dalan ing kuthå dadi rêgêd kêpalangan wit-witan sing ambrúk.
Instalasi tilpún lan listrík pådhå rusak ndadèkaké lampu bang-jo (trafíc light) mati.
Karånå iku nambahi macêt lan ruwêté lalu lintas.
Angín lan lésús ugå nrajang Nganjúk Jawa Timúr, Pêkalóngan, Pêmalang, Brêbês lan tlatah Jawa Têngah liyané.
Akèh wit síng rungkad, sól lan ambrúk ngalangi dalan.
Wêwangunan ing padésan akèh síng rusak kêtrajang angín lésús.
Lésús ugå diarani clèrèt tahún síng akèh kêdadèn ing mångså rêndhêng.
Dumadiné lésús såkå obahíng angín såkå cilík dadi gêdhé.
Obahíng lésús nuwúhaké swårå kêmrasak gawé girís lan mirís ing ati.
Prahårå alam såkå obahíng angín pancèn nggêgirisi lan ngédab-édabi.
Åpå manèh yèn dibarêngi karo gêbyaríng kilat lan gludhúg.
Ati dadi mirís awak dadi kèdhêr. Akèh korban jiwa, båndhå, dalan, wêwangunan lan pêmukiman síng rusak såkå ulahe lésús.
Prahårå lésús biså nrajang pêkêbónan, wit-witan, pêsawahan lan tanêman åpå waé.
Tanêman pari síng nyêdhaki mangsa panèn biså rusak kêtrajang lésús.
Pårå kåncå tani ing padésan pådhå sêdhih mênåwå ora panèn.
Kabèh pådhå susah mênåwå kêtaman musibah prahårå angín.
Kórban båndhå ora múng yutan malah bisa mílyaran rupiyah.
Ing pêsisír laút tlatah China pérangan kidúl ugå ånå prahårå angín síng sinêbút taifun.
Tai saka têmbúng china síng têgêsé gêdhé.
Fun såkå têmbúng Jêpang síng nduwèni têgês angín.
Taifun atêgês angín gêdhé, dumadi såkå siklón tropis ing tlatah Philipina, ajêg nrajang pérangan pêsisír China, Taiwan lan Jêpang tlatah kidúl.
Obahing angín síng diarani hurricane ugå ånå ing pérangan Amérika.
Hurricane dumadi såkå ciklón Indian ing pêsisir laút Pacific.
Lakuné mrèmbèt têkan tlatah têngah Amérika.
Munggah mudhuné grat håwå lan pêpanas laút nuwúhaké udan ing mångså rêndhêng, utåwå larang udan ing mångså kêtiga.
Obahíng angín síng arupa lésús, taifun, hurricane lan liyå-liyané kudu dijingglêngi lan disikêpi kanthi waspådå.
Kêjåbå såkå iku, ing laút Pacific tlatah wétan têkan Australia, ånå siklón síng biså dadi prahårå arupå “badai tropis”, Èl Nino lan La Nina.
Dåyå pêngaruhé biså têkan ing bumi Indonésia.
Manút katrangan Badan Météorologi lan Géofisika (BMG) ing wêktu iki pêrlu waspådå ngadhêpi iklím pancaroba.
Obahíng angín pêrlu digatèkaké, sanadyan kórban såkå polahíng angín luwíh ènthèng kêtimbang prahårå alam liyané.
Njingglêngi kahanan wêktu iki, prahårå alam síng arupa obah lan ubalíng gêni (agni), isíh ånå ing pérangan kuthå.
Gonjang ganjingé bumi (bantålå) arupå lindhu sing nuwúhaké obahíng banyu (hêr) tsunami durúng biså di “prédiksi”.
Kêjåbå såkå iku, rusaké kahanan amargå lindhu ing Acèh, Sumatra Lór, Nias, Padang, Bêngkulu, Alór, Nabiré, Sulawêsi têngah, Garút, Bali lan Lómbók akèh síng durúng rampúng didandani.
Sabanjuré isíh ånå prahårå angín (marutå) arupå lésús síng mèlu nambahi ngrusak kahanan.
Kabèh mau dadi têtêngêr sêjarah síng ora biså dilalèkaké.
Indonésia wêktu iki ngadhêpi prahårå alam síng lungå-têkå, matumpå-tumpå kåyå ora ånå pêdhóté.
Bumi Nuswantårå nandhang susah kêtaman musibah sing nggêgirisi lan ngédab-édabi.
Isíh sêsambungan karo prahårå mau, ånå ing pêwayangan dicritakaké mênåwå lakuné anasír angín (marutå, bayu) diwujúdaké nganggo gunungan utawa kayón síng obah.
Obah osikíng angín dikuwasani déníng Bêthårå Bayu minångkå déwaníng angín.
Karånå iku, ånå sêsêbutan sêdulúr tunggal bayu utåwå ajiwå bayu.
Ciri-ciriné nganggo sandhangan kampúh polèng bang bintulu síng rupané abang, irêng, kuning lan putíh.
Kampúh síng rupané wêrnå papat dadi lambang parågå (wayang) síng wis biså ngêndhalèni håwå nafsu amarah, aluwamah, supiyah lan mutmainah.
Wayang síng nganggo kampúh polèng bang bintulu yåkuwi Anóman, Wrêkudårå lan Déwå Ruci.
Dicritakaké mênåwå dharah bayu bisa mangrèh lakuníng angín.
Bêthårå Bayu nduwèni kuwåså ngrêsiki utåwå ngónclangaké isiníng alam nganggo pangaribåwå arupå angín síng gêdhé.
Njingglêngi wulangan ing pêwayangan, ånå babagan síng bisa dadi têtimbangan.
Gêgandhèngan karo anané prahårå alam síng kêdadèn nganti saiki, pêrlu laku lahír síng timbang karo laku batín.
Lahiré mêngku batín, batiné mêngku lahír.
Ånå ing sasi Surå iki, laku batín síng pêrlu dilakóni yåiku mawas diri lan mulat sarirå hangråså wani.
Pirantiné biså nganggo têmbúng níngrat.
Carané nganggo pikiran sing wêníng supåyå njingglêngi síng ånå ing sarirå (mikro kósmós).
Kêjåbå såkå iku ugå mulat obah osikíng alam lan isiné jagad, rat (makro kósmós).
Sabanjuré, mêthík såkå wayang síng nduwèni “jiwå bayu”, tinêmu ånå ing sandhangan rupå kampúh polèng bang bintulu.
Lêlambaran sandhangan síng rupané abang, irêng, kuníng lan putíh, mènèhi pitudúh supåyå biså ngêndhalèni håwå nafsu amarah, aluwamah, supiyah lan mutmainah.
Síng kaparingan kuwåså åjå kumawåså, síng lagi mimpín åjå adigang, adigúng lan adigunå.
Åjå murkå, drêmbå lan kêpilút gêbyaríng råjå brånå lan sakaliríng barang síng sipaté kadonyan.
Mênåwå ora élíng lan waspådå biså nuntún marang tumindak cidrå, culikå lan nisthå.
Sêsanti lan grêgêt mamayu hayuníng nuså lan bångså pêrlu dipêpundhi lan dicakaké ing bêbrayan.
Wujudé supåyå pådhå susilå anór rågå, tabêri lan nduwèni watak lan panggawé bêcík Têmbungé Arab diarani amar ma’ruf nahi mungkar.
Kêjåbå såkå iku, akèh wulangan Jåwå síng bisa diuri-uri lan dipêpêtri.
Kanggo têtimbangan, ånå wulangan síng biså nuntún dadi lantíp ing sasmitå måcå mobah mosikíng alam.
Pådhå gulangên ing kalbu ing sasmitå amríh lantíp.
Åjå pijêr mangan néndrå kaprawiran kang dèn èsthi.
Pêsunèn sariranirå, cêgah dhahar lawan gulíng.
Ålå watakíng wóng suka (asêsukan) nyudå prayítnaníng batín.
Sabanjuré, sipat éling, dzikír lang ngibadah kanthi bêcík marang Gusti Allah pêrlu dibarêngi karo sipat waspådå marang tåndhå-tåndhå alam (jaman).
Ngadhêpi prahårå alam síng sók ora kênyånå-nyånå, ånå babagan síng kudu disiapaké.
Piranti síng asipat batiniyah kudu dilêngkapi nganggo piranti lahiriyah, yåkuwi tèknologi canggíh síng biså ngawékani lan ngêrtèni bakal têkané prahårå.


Déníng : Ki Sutadi
Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

 kds penutup
wangsul-manginggil

mfx brokerмаленькая кастрюля для каши никас

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7369627
  Hari ini     :  Hari ini :631
  Kemarin     :  Kemarin :872
  Minggu ini   :  Minggu ini :4100
  Bulan ini   :  Bulan ini :18569
Kunjungan Tertinggi
08-21-2016 : 1963
Online : 22

Kontak Admin.

email-kidemang