| 13 Wibisana Gumantos Dados Ratu Ngalengka |
|
Sasampunipún ambêsmi layónipún íngkang råkå sakaliyan, Råmå angandikå dumatêng Wibisånå kapuríh jumênênga ratu wóntên nagari íng Ngalêngkå, anggêntósana Prabu Dåsåmukå. Wibisånå ngêstókakên karsanipun Råmå, lajêng amulang pratikêlipún íng ratu, tuwin wajibipún dhumatêng |
| Ramayana - |
|
![]()
| Wangsul Manginggil |























Sasampunipún ambêsmi layónipún íngkang råkå sakaliyan, Råmå angandikå dumatêng Wibisånå kapuríh jumênênga ratu wóntên nagari íng Ngalêngkå, anggêntósana Prabu Dåsåmukå. Wibisånå ngêstókakên karsanipun Råmå, lajêng amulang pratikêlipún íng ratu, tuwin wajibipún dhumatêng
Anoman énggal lumampah, dumugi íng Tamansokå kapanggíh akaliyan Dèwi Sintå, såhå andawahakên timbalanipún Råmå. Dèwi Sintå sakalangkúng sukå pirênaning galíh. Anoman kapuríh maturå dumatêng Råmå, yèn sang Dèwi kålå rumiyin apunagi, bilíh Råmå unggúl íng pêrang, badhé angabêkti dhumatêng íngkang råkå wóntên íng paprangan. Íng mangké karsanipún badhé angluwari punagi wau.
Anuntên Bathårå Bråmå angandika dhumatêng Råmå, yèn Dèwi Sintå saèstu taksíh suci. Pårå déwå anyambungi pangandikanipún Bathårå Bråmå, sami anêtêpakên kasucianipún Dèwi Sintå.
Prabu Baråtå sakalangkúng sukå pirênaning galíh, lajêng amêthuk rawuhipún Råmå akanthi íngkang ibu tuwin Dèwi Sukåsaiyå, punåpå déné Dèwi Sumitrå såhå radén Satrugnå. Sasampuníng kapanggíh akaliyan Råmå, lajêng sami kondúr angadatón. Sarêng sampún sami anêntrêmakên sarirå, Råmå kagungan karså akasukan. Dalasan kêthèk tuwín danåwå alít alít kakarsakakên bingah bingah.