| 08 Ing Ngalengka Apirembagan Bab Methukaken Rama |
|
Kacariyós Prabu Dåsåmukå, íngkang angratóni nagari íng Ngalêngkå, sampun amidhangêt pawartós, yên badhé kalurugan dhumatêng Råmå, såhå yèn Råmå sampún masanggrahan wóntên íng rêdi Maéndrå.Prabu Dåsåmukå miyós, sinébå íng pårå bupati såhå pårå |
| Ramayana - |
|
![]()
| Wangsul Manginggil |
























Kacariyós Prabu Dåsåmukå, íngkang angratóni nagari íng Ngalêngkå, sampun amidhangêt pawartós, yên badhé kalurugan dhumatêng Råmå, såhå yèn Råmå sampún masanggrahan wóntên íng rêdi Maéndrå.
Pårå punggåwå kadhawahan sami amirantós sadêdamêlipún íng pêrang.
Wibisånå bótên pisan katingal gêrah galíhipún amargi dipún dhupak såhå dipún uwús uwús dhumatêng íngkang råkå, malah taksíh sangêt íng panggêndólipún, amuríh karaharjaníng råkå sanagari santånå såhå têtiyangipún sadåyå.