| 07 Anoman Kautus Rama Nuweni Dewi Sinta |
|
Sarêng sampún numpak mångså katigå, Prabu Sugriwå bótên dhatêng íng rêdi Maliawan. Råmå lajêng angutús Radèn Laksmånå, kakarsakakên animbali Prabu Sugriwå.Prabu Sugriwå énggal mangkat sabalanipún. Sadhatêngé íng ngarsanipún Råmå, lajêng anyuwún pangapuntên awít |
| Ramayana - |
|
![]()
| Wangsul Manginggil |






















Sarêng sampún numpak mångså katigå, Prabu Sugriwå bótên dhatêng íng rêdi Maliawan. Råmå lajêng angutús Radèn Laksmånå, kakarsakakên animbali Prabu Sugriwå.
Dèwi Sayêmpråbå wau putranipún ratuníng danåwå, anåmå Wisåkarmå, patutan sakíng Dèwi Mèru. Wóndéníng guwå íngkang dipún ênggèni íng Dèwi Sayêmpråbå, kålå waunipún kadatón, yasanipún Prabu Wisåkarmå wau, anåmå kadatón Upårênggå. Milå salín warni, awít Prabu Wisåkarmå kadukan dumatêng bathårå Éndrå, sabab déníng pasangrakít punåpå déné rêrêngganíng kadhatón íng Uparênggå wau, anyamèni kadhatón íng swargå. Sakíng sangêtíng dukanipún bathårå Éndrå, kadhatón íng Uparênggå kalêpasan jêmparíng barat, lajêng salin warni dadós guwå.
Sang nåtå angunús candråså, angajrih ajrihi dumatêng sang Dèwi, Anangíng Dèwi Sinta tatag. Anuntên sang nåtå kondúr, sartå andawahakên paréntah dhumatêng danåwå tigangatús, kapuríh anggêgiriså dhumatêng Dèwi Sinta.
Danåwå sakêthi wau sadhatêngipún íng patamanan, lajêng sami angangkah nyêpêng dhumatêng Anoman. Anangíng bótên kéngíng, malah danåwå kathah íngkang pêjah déníng Anoman.