| 10 Suyudana Perang Kaliyan Werkodara |
|
Kacariyós Prabu Suyudånå, sabêdhahipún nagari íng Ngastinå, sakíng mirisipún asingidan wóntên sungapaníng sagantên, angêdhêm íng toyå. Anangíng katitík pasingidanipún déníng bålå Pandåwå. Lajêng kapratélakakên dhumatêng Prabu Yudístirå, såhå dhumatêng |
| Bharatayuddha - |
|
![]()
| Wangsul Manginggil |























Kacariyós Prabu Suyudånå, sabêdhahipún nagari íng Ngastinå, sakíng mirisipún asingidan wóntên sungapaníng sagantên, angêdhêm íng toyå. Anangíng katitík pasingidanipún déníng bålå Pandåwå. Lajêng kapratélakakên dhumatêng Prabu Yudístirå, såhå dhumatêng
Nuntên kasaru rawúhipún Prabu Bålådéwå íng Mandurå, sakíng tåpå sangandhapíng grójógan toyå agêng. Prabu Krêsnå kaliyan Prabu Yudhístirå sasêdhèrèkipún énggal sami amêthúk sartå ambagèkakên. Sartå apratélå, yèn Prabu Bålådéwå bótên amêningi pêrang Bråtåyudå, nangíng badhé amêningi pêrang tandhíngipún Wrêkodårå kaliyan Suyudånå. Prabu Bålådéwå kaaturan ngidinånå.
Sasampuníng Prabu Suyudånå angagêm busånå karajan, sartå angastå gådå agêng, lajêng wiwít perang tandhíng kaliyan Wrêkodårå. Arjuna maras íng galíh, bilíh íngkang råkå kasóran prangipún. Énggal matur pitakên dhatêng Prabu Krêsnå : sintên kang badhé kasóran pêrangipún.
Kacariyós wóntên putranipún jalêr pandhitå Drunå satunggíl, anåmå Aswåtåmå ; punikå kalanipún taksíh salêbêtíng pêrang Bråtåyudå, apadudón kaliyan Prabu Salyå, mèh dadós påncåkårå. Nangíng Prabu Suyudånå anglêrêsakên Prabu Salyå.
Anuntên sami kagèt íng rawúhipún Bagawan Abiyåså, íngkang éyang Prabu Judhístirå. Bótên wóntên íngkang sumêrêp íng sangkanipún, awít Bagawan Abiyåså wau sampún gêntúr íng tapanipún, sampún prasasat déwå. Íngkang sami muwún lajêng sirêp. Énggal sami ngabêkti dhatêng íngkang sawêg rawúh.
Anuntên wóntên bålå kang amratélakakên ing panggénanipún