| 09 Karna Perang Kaliyan Arjuna |
|
Sarêng wanci lingsir kilèn Pandhåwå sami gègèr aningali mêngsah dhatêng, ratanipún Karnå sampún dumugi satêngahing paprangan, anglancangi balanipún. Bålå Koråwå sami anututi manêngah. |
| Bharatayuddha - |
|
![]()
| Wangsul Manginggil |























Sarêng wanci lingsir kilèn Pandhåwå sami gègèr aningali mêngsah dhatêng, ratanipún Karnå sampún dumugi satêngahing paprangan, anglancangi balanipún. Bålå Koråwå sami anututi manêngah.
Anuntên Radén Aswåtåmå dhatêng, lajêng wicantên saru, sartå amêlèhakên pratingkahipún Prabu Salyå, kalanipún angusiri pêrangipún Karnå.
Prabu Krêsnå lajêng dawah dhatêng Radén Nakulå, sartå Sadéwå, kapuríh sowan dhatêng íngkang uwå Prabu Salyå, sartå kawulang pratingkahipún yén sampún dumugi íng ngarsanipún Prabu Salyå.
Radên Nakula såhå Sadéwa sangsåyå sangêt anggênipún muwún, lajêng pamít mantúk. Samargi margi bótên kéndêl angusapi êlúh. Sadhatêngipún íng pasanggrahan, lajêng sowan íngkang råkå Prabu Yudhístirå, tuwín Prabu Krêsnå, Wrêkodårå, Janåkå. Radèn Nakulå saha Sadéwå lajêng matúr íng sawêwêlingipún Prabu Salyå.
Kacariyós malíh pasanggrahan íng Mandaråkå, garwanipún Prabu Salyå, anåmå Dèwi Sêtyawati, anglangkungi ayunipún. sartå pakarti, sagêd angladósi kakúng, sartå pantês íng salêléwanipún. Sampún patutan gangsal, íngkang jalêr kêkalíh, anåmå Radèn Burísråwå akaliyan Rukmåråtå, nangíng sampún sami pêjah íng pêrang Bråtåyudå. Putranipún èstri tigå, satunggil kagarwå dhatêng Prabu Suyudånå, satunggíl kagarwå íng Prabu Karnå, satunggílipún kagarwå íng Prabu Bålådéwå íng Mandurå.
Sarêng íng bangún énjíng íngkang garwå kapatós nggènipún saré, abantal astanipún íngkang råkå, sartå paningsêtipún dipún tindhihi íngkang sapalíh. Prabu Salyå alón andudút astanipún, paningsêtipún lajêng katigas íng dhuwúng. Nuntên tumêdhak liríh, íngkang garwå lajêng dipún apít íng gulíng, sartå payudaranipún kasêsêlan íng golèk kancånå, sartå kawicantênakên : ”Ibu, Si bapak lungå pêrang.”
Prabu Krêsnå anuntên angatag dhatêng Prabu Yudhístirå amêthúkna pêrangipún Salyå. Prabu Yudhístirå énggal anitíh råtå, majêng dhatêng íng paprangan. Prabu Salyå amatak aji Cåndhåbiråwå malíh, ambrubúl wêdalíng danåwå sakíng sariranipún. Agêng agêng sartå katah, angungkúli íngkang rumiyín. Sami amurúgi Prabú Yudhístirå.