| 08 Durna Kening Apus, Dursasana Pejah |
|
Ènjingipún lajêng sami nabúh têngaraníng pêrang, sami anåtå barísipún piyambak piyambak. Íngkang dadós sénapatiníng Koråwå taksíh pandhitå Dúrnå. Wóndéníng sénapatiníng Pandåwå, Radèn Druståjumênå, lajêng sami ngabani bålå mangsah íng pêrang. |
| Bharatayuddha - |
|
![]()
| Wangsul Manginggil |

























Ènjingipún lajêng sami nabúh têngaraníng pêrang, sami anåtå barísipún piyambak piyambak. Íngkang dadós sénapatiníng Koråwå taksíh pandhitå Dúrnå. Wóndéníng sénapatiníng Pandåwå, Radèn Druståjumênå, lajêng sami ngabani bålå mangsah íng pêrang.
Prabu Suyudånå dipún jêmparíng dhatêng Wrêkodårå dhawah kalumah, nangíng bótên pasah, lajêng andhêlík wóntên wingkíngipún íng barís. Radén Wrêsåsénå, putranipún prabu Karnå, pêjah déníng Radèn Sêtyaki. Prabu Suyudånå kapanggíh kaliyan Wrêkodårå, lajêng dipún jêmparíng datêng Wrêkodårå, kéngíng kêndhêngipún pêdhót, anuntên lumajêng. Radèn Dursåsånå, íngkang rayi Prabu Suyudånå, énggal angalingi íngkang råkå, amêthúkakên Wrêkodårå, sartå nitíh gajah, anglêpasi jêmparíng anåma Barlå. Wrêkodårå kéngíng jajanipun, dhawah kabantíng, nangíng bótên pasah. Nuntên tangi anyandhak gådå sartå angêsúk. Gajahipun Dursåsånå dipún gådå sirahipún ajur. Dursåsånå énggal lumumpat dhatêng siti. Nuntên sami gådå ginådå. Dursåsånå rumaós kuwalahan, badhé lumajêng, lajêng dipún jambak rambutipún sartå kasêndhal dhatêng Wrêkodårå dhawah kalumah, rambutipún taksíh kacêpêng datêng Wrêkodårå sartå dipún gadani.
Kacariyós, milå Dèwi Drupadi gadhah kaúl makatên, kålå sadèrèngipún pêrang Bråtåyudå, Prabu Yudhístirå sasêdhèrêkipún pinuju sami késah tåpå. Dèwi Drupadi lajêng kabóyóng dhatêng nagari íng Ngastinå. Wóntên íng ngriku dipún pisakít såhå kadamêl sawênang wênang dhatêng Radèn Drusåsånå.