| 07 Gatutkaca Methukaken Dipati Karna - Tiwas |
|
Énjíngipún têtêngêríng pêrang mungêl. Koråwå ambrubul andalidir, saking íng pasanggrahanipún piyambak piyambak, kadós banjiríng sagantên.Sang Prabu Yudistirå sampún mêdalakên bålå, gêlar taksíh kadós íngkang wau. Sarêng majêng, kadós têmpukíng |
| Bharatayuddha - |
|
![]()
| Wangsul Manginggil |
























Énjíngipún têtêngêríng pêrang mungêl. Koråwå ambrubul andalidir, saking íng pasanggrahanipún piyambak piyambak, kadós banjiríng sagantên.
Radèn Gatutkåcå nyêmbah : ”Sinuhún, inggíh sandikå. Yèn sakíng timbalan dalêm, sanajan dumugiå íng pêjah bótên mawi kumêdhèp. Sampún íngkang ndikakakên punikå, sanajan langkunga sakíng sêkti Adipati Karnå, amêsthi kawulå bótên wigíh. Sêmbah kawulå íngkang sayêkti katurå íng panjênêngan dalêm, dadós jimat kaidên dhumatêng íng pêjah, kang sartå dadóså jimat ambilaèni mêngsah. Yèn kawulå pêjah íng pêrang, íngkang mugi panjênêngan dalêm prênahênå kamulyaníng swargan. Kawulå bótên gadhah cíptå gêsang, amargi pún uwå íng Ngawånggå anglangkúngi sêkti.”