| 05 Angkawijaya Pejah Dipun Krubut Korawa |
|
Íngkang pinanggíh rêmbagipún pårå Koråwå, Drunå kadamêl sénapati. Sadalu punika kithå íng Ngastinå jawah dêrês, rah mili dhatêng pasanggrahan. Pårå ratu pårå adipati tuwín pårå satriyå sami sukå bingah, awít punikå pratåndå badhé unggúl pêrangipún. Sadalu Koråwå bótên tilêm. |
| Bharatayuddha - |
***
Kacariyós Prabu Suyudånå akaliyan íngkang garwå Dèwi Banowati, sangêt íng prihatós sartå pamuwunipún, awít sakíng pêjahíng putrå íngkang nåmå Lêsmånåkumårå. Salêbêtíng kadatón ramé déníng tangís, nangíng Prabu Suyudånå wêkasan lêjar galihipún, kaèngêtan pratignyanipún radèn Dananjåyå, anggènipún badhé óbóng. Milå Sindurêjå dipún rêkså sampún ngantós manggíh tiwas. Anuntên Koråwå sami sukå sukå, anyiptå yèn radèn Dananjåyå badhé pêjah íng sadintên bênjíng énjíng.Prabu Yudístirå sasêntananipún sami prihatós sangêt. Íng sapêjahipún Abimanyu, Dèwi Sitisundari badhé óbóng tumuntên, ambélani íngkang råkå. Nangíng pårå santånå sami anggéndóli, awít pårå agêng agêng dèrèng gilíg íng rêmbag, nggènipún damêl upayaníng pêrang. Wóndéníng Dèwi Utari, putri íng Wiråtå, bótên kéngíng ambélani íngkang råkå, yèn dèrèng laír wawratanipún. Prabu Krêsnå angandikå dhatêng Radén Dananjåyå : “Hèh, adi, kapriyé saiki, Koråwå wís angrungu punaginirå, olèhirå arêp amaténi Si Sindurêjå. Si Sindurêjå amêsthi dirêkså, ora dililani mêtóni pêrang, supåyå kalakónå ubayanirå.” Dananjåyå matúr : ”Mångså bóróngå panjênêngan dalêm.” Prabu Krêsna angandikå : ”Munggúh saraté, adi, lêstariné kang sirå angkah, iyå namúng mêmujåå, supåyå wêruhå karsaníng déwå kang wêrít wêrít.” Dananjåyå matúr malíh : ”Kulå sandikå anglampahi pitêdah dalêm.” Prabu Krêsnå anyambungi : ”Bésúk yèn sirå pêrang, kagunganíngsún råtå sirå anggoå, råtå iku duwé pangguwåså, pangiridé jaran papat. Síng ngarêp aran Si Ciptåwélåhå lan Abråpúspå, síng buri Si Sukåntå lan Sénå. Déné panguwasané, sanupaníng gêgaman ora ånå angênani, lan sirå íngsún paringi góng, jênêngé si Påncåjannyå, iku íng bésúk ésúk åjå adóh karo kowé. Sirå anganggoå panah cåkrå. Panahirå Si Pasopati sirå tamaknå mênyang Si Sindurêjå. Kåyå iyå íng sadinå sésúk patiné, sanajan abót sanggané, awít bapakné kang aran bagawan Sêmpani lagi tinarimå sêmadiné íng déwå kang linuwíh, éwådéné atasnå kalawan pujanirå íng sawêngi iki síng abangêt. Suwunên íng patiné Si Sindurêjå, mbókmanåwå lupút pêthèkku, lah mårå nyataknå mujåå dèn mêsu.” Radèn Dananjåyå nyêmbah, késah sakíng ngarsanipún Prabu Krêsnå, lajêng sêmadi, angêningakên cíptå, ngicalakên angênangên gangsal prakawís, sampún prasasat pêjah salêbêtíng gêsang. Bótên antawís dangu Sang Hyang Jagatnåtå angatingali, namúng watês sangandhapíng jånggå kémawón, sapangandhap bótên katingal. Pangandikanipún Sang Hyang Jagatnåtå : “Hèh, Dananjåyå, racutên pujanirå, patiné Si Sindurêjå íngsún lilakaké, awít såkå íng panyuwúnirå. Panahira Si Pasopati sirå tamaknå, ratané Si Krêsna sésúk sirå anggoå. Karo déné góngé kang aran Si Påncåjannyå åjå adóh karo sirå.” *** Radén Dananjåyå sampún luwaran anggénipún sêmadi, anjujug panggénanipún prabu Krêsnå. Atúripún : “Bótên, wóntên íngkang sisíp pangandikå dalêm, tètès kaliyan wangsitipún sang Hyang Jagatnåtå, bótên sulåyå sarambút.” Prabu Krêsnå mésêm angandikå : “Ayo, adi, énggal pådhå angatêr marang Si Siti Sundari, kang arêp mati bélå.” Kacariyós Déwi Siti Sundari, sampún dandós angagêm busånånipún pêjah, badhé ambélani íngkang råkå, sadangunipún angimur Dèwi Utari, íngkang kilayu badhé tumút bélå pêjah. Sarèhníng rêmbulan sampún inggíl, Déwi Siti Sundari kasêså, pangandikanipún dhatêng Déwi Utari : “Kowé iku lagi mêtêng, ora kênå ambélani bojomu. Såpå síng nyatúr kowé angarani wêdi bélå, ora orané ånå wóng ngrasani. Kajåbå såkå íng iku, bélané wóng lagi mêtêng ora pakolíh, malah anêmu doså, têtélå yèn kowé lagi mêtêng wolúng sasi. Wís kariå, aku pamít bakal mênyang pancåkå pabélan.” Dèwi Utari amangsuli, pêgat pêgat pangandikanipún: “Tuturå mênyang Si Abimanyu, yén bangêt prihatínku, awít digéndhóli déníng pårå ratu, ora kalilan mèlu mati, bélå munggah íng pancåkå, sabab wêtênganaku durúng laír, ingaran nêmu dukané déwå kang linuwíh. Déné cíptaku, sakíng bangêt íng trêsnaku, múng bisåå milu mati, mugå mugå åjå ngantiå lawas. Pomå tutúrnå, yên bangêt íng pangêsahku, múng angajap énggalå runtúng runtúngå ånå íng Indrålokå karo Si Abimanyu. Yågéné têkå sarênti, aku ora biså ambarêngi lakumu.‘‘ Sarêng Dèwi Utari sampún lipúr, Dèwi Siti Sundari lajêng lumampah badhé pamít dhatêng råmå ibunipún. Sangêt andadosakên prihatosipún íngkang sami dipún pamiti, ngantos botên sagêd angandikå. Sarêng sampún, Dèwi Siti Sundari lumampah datêng pêpêrangan, panggénaníng layonipún íngkang råkå, lajêng kabêsmi sarêng kaliyan Dèwi Siti Sundari. Íngkang sami anjênêngi pambêsminipún sampún sami wangsúl. Rêmbúlan sampún andhap, sêmunipún kados asíh dhatêng íngkang sédå bélå. |
![]()
| Wangsul Manginggil |
























Íngkang pinanggíh rêmbagipún pårå Koråwå, Drunå kadamêl sénapati. Sadalu punika kithå íng Ngastinå jawah dêrês, rah mili dhatêng pasanggrahan. Pårå ratu pårå adipati tuwín pårå
Énjíng têngårå mungêl, amór kaliyan ungêlíng têtabuhan sanêsipún. Prabu Suyudånå abusånå, ngagêm makuthå murúb déníng sêsotyå. Wêdalipún sakíng kithå kadhèrèkakên íng pårå adipati. Swaraníng bålå kadós rêdi jugrúg, sadåyå sampún sami rumantós, angajêng ajêng dhatêngíng mêngsah.
Sindurêjå sarêng aningali yén putrå íng Ngastinå pêjah
Kacariyós radén Dananjåyå íngkang pêrang wóntên sukuníng rêdi, dipún êmóng íng Prabu Krêsnå, aramé anggénipún pêrang.
Dananjåyå lajêng jumênêng apratígnyå: ”Kawulå apunagi. bilíh pún Sindurêjå íng sadintên bénjíng énjíng bótên pêjah déníng kawulå, Sóntênipún kawulå óbóng.”
Kacariyós Prabu Suyudånå akaliyan íngkang garwå Dèwi Banowati, sangêt íng prihatós sartå pamuwunipún, awít sakíng pêjahíng putrå íngkang nåmå Lêsmånåkumårå. Salêbêtíng kadatón ramé déníng tangís, nangíng Prabu Suyudånå wêkasan lêjar galihipún, kaèngêtan pratignyanipún radèn Dananjåyå, anggènipún badhé óbóng. Milå Sindurêjå dipún rêkså sampún ngantós manggíh tiwas. Anuntên Koråwå sami sukå sukå, anyiptå yèn radèn Dananjåyå badhé pêjah íng sadintên bênjíng énjíng.