| 03 Perang Bratayuda Wiwit |
|
Lampahipún Prabu Krêsnå akaliyan Sêtyaki ngajêngakên dumugi ing nagari Wiråtå. Samargi margi sang nåtå angrêntahakên waspå. Anuntên balanipún Pandhåwå sami amêthúk rawuhipún Prabu Krêsnå. Sarêng sampún dumugi ing kadatón Wiråtå, pårå ratu sami ambagékakên sadåyå, |
| Bharatayuddha - |
|
![]()
| Wangsul Manginggil |
























Lampahipún Prabu Krêsnå akaliyan Sêtyaki ngajêngakên dumugi ing nagari Wiråtå. Samargi margi sang nåtå angrêntahakên waspå. Anuntên balanipún Pandhåwå sami amêthúk rawuhipún Prabu Krêsnå. Sarêng sampún dumugi ing kadatón Wiråtå, pårå ratu sami ambagékakên sadåyå,
Enjingipún têngårå mungêl, kêndhang góng asauran, pårå ratu gumêrah sami anåtå barís. Sarêng sampún sami rakít sadåyå, lajêng bidal sakíng nagari íng Wiråtå. Kathahing bålå tanpå wicalan. Panganggenipún gumêbyar, kadós cahyanipún srêngéngé sawêg malêtèk, bade amadhangi jagat. Sakíng kathahíng prajurít, kadós sagantên ambalabari wånå sartå rêdi rêdi. Sakathahíng margi jêjêl deníng prajurít. Íngkang panganggénipún abrít agólóng sami abrít, íngkang jêné sami jêné, ijêm sami ijêm, cêmêng sami cêmêng, biru sami biru, wungu sami wungu, pêthak sami pêthak, bótên wóntên íngkang kasêlanan sanésipún. Swaraníng bålå kadós galudhúg, Gêbyaríng rêrêngganíng lêlayu, kadós urubíng rêdi sèwu sarêng kabêsmi.
Prabu Suyudånå sarêng midhangêt wartos yèn mêngsah sampún masanggrahan wontên ing Têgal Kuru, lajêng andhawah paréntah amêpak balanipún. Anuntên Yåmåwidurå munjuk dhatêng sang nåtå, yén pårå ratu ingkang ambiyantoni Pandhåwå sampún sami ngalêmpak wontên ing Têgal Kuru. Botên antawis lami bålå ing Ngastinå sampún mirantos. Bidal saking kitå. Balanipún pårå ratu såhå pårå dipati tanpå wicalan. Lampahipún kados umobing toyå sagantên, ambalèbèr dhatêng dharat.
Radén Sétå nêpsu sangêt, awít sakíng pêjahipún íngkang rayi kêkalíh, íngkang nåmå Wirasångkå kaliyan radén Utårå wau.
Anuntên déwå anyuwårå sakíng ngawang awang : “Hèh, Bísmå, åpå mulané sirå mundúr såkå íng paprangan?” Wruhanamu, patiné putrå íng Wiråtå iyå déníng sirå Bísmå mirêng swaraníng déwå, 1ajêng wangsúl, sarwi amênthang jêmparíng latu, lumêpas kéngíng jajanipún Séta butul, lajêng pêjah. Bålå íng Ngastinå surak gumêrah, íngkang sampún sami lumajêng wangsúl sadåyå, giyak giyak sami anjogèd. Aryå Dursåsånå akiprah kiprah, aryå Sindurêjå anggêndhíng, Jayasusénå, Jåyåwikåtå, Srutåyudå, Jutåyuni, Sudirgå, Sudirå, Rékådurjåyå, Wíryå sartå Kartåmarmå sami surak surak. Wóndéníng bålå Pandåwå sami prihatós kêkês, awít sénapatinipún pêjah. Gumrudug sakíng wingkíng sami datêng ngajêng.