Situs Sutresna Jawa

ikon-kaca-ngajeng

ikon-buku-tamu

ikon-penanggalan

ikon-piwulang-kautaman

ikon-puspawarna

ikon-pasinaon

ikon-referensi

ikon-naskah-kuno

ikon-cerkak

ikon-galeria

ikon-lelagon

ikon-resep-masakan

ikon-download

Jumlah Pengunjung

5160768
Hari ini :Hari ini :384
Kemarin :Kemarin :1299
Minggu ini :Minggu ini :2897
Bulan ini :Bulan ini :25527
s/d Hari ini :s/d Hari ini :5160768
Online : 45

Pagerank

01 Bebuka
Íngkang sagêd mastani utawi ngraósakên manawi sêrat: Bråtåyudå punikå saé, punikå inggíh namúng tiyang íngkang sagêd maós sêrat wau, ngrêtós dhatêng basanipun utawi ngrêtós dhatêng sêkaripún.
Tumrap jaman samangké tiyang íngkang ngrêtós kadós
Bharatayuddha -  
 
BÊBUKA

 

sampul_baratayuda


Íngkang sagêd mastani utawi ngraósakên manawi sêrat: Bråtåyudå punikå saé, punikå inggíh namúng tiyang íngkang sagêd maós sêrat wau, ngrêtós dhatêng basanipun utawi ngrêtós dhatêng sêkaripún.
Tumrap jaman samangké tiyang íngkang ngrêtós kadós makatên wau nåmå långkå, såyå malíh ngèngêti kirang sumêbaríng cariyós. Milå inggíh bótên anggumúnakên manawi dèrèng badhé ambikak sêrat Bråtåyudå punikå kéngíng dipún wastani bótên wóntên.
Balé Pustaka ngêdalakên sêrat Bråtåyudå gancaran, têtilaranipun R. Ng. Kartapråjå, guru båså Jawi íng pamulangan calón guru íng Suråkartå jaman kinå, íngkang lajêng kaêcapakên datêng tuwan C. F. Winter, punikå inggíh mêngku kajêng kêkalíh :

1. Nyumêrêpakên tiyang kathah dhatêng isinipún sêrat Bråtåyudå;
2. Awít sakíng sumêrêp wau lajêng tuwuhå kêpéngínipún maós sêratipun íngkangbaku.

Mugi mugi kajêngipún Balé Pustaka íngkang kadós makatên wau angsalå pambiyantunipún pårå sêpuh, karså mêméngín pårå nénéman íngkang sampun wanci, samångså mrangguli lêlampahan utawi cêcriyósan íngkang wóntênipún íng sêratipún baku kaandarakên ngantós saé, mångkå wóntênipún íng gancaran namúng kacêkak, lajêng ngandikå makatên : ”Wah lah kuwi ånå ing layangé baku critané bêcík bangêt, mangkéné ......................”
Sarånå lampah makatên, pårå nénéman bótên namúng badhé wêwali sêsêrêpanipún íng bab cariyós kémawón, nangíng ugi badhé tuwúh dêrêngipún marsudi dhatêng basanipún piyambak.

Mugi kabulå

BALÉ PUSTAKA.

 kds penutup

Wangsul Manginggil

 

  • < 02 Prabu Kresna Ngrembag Alihan Nagari

Situs Sutresna Jawa, Powered by Joomla!