Ting 10
ANTO sing isih nganggo sandhangan Gathutkaca nrenjel, miyak wong-wong sing kupeng sakiwa tengene amben. Tibane kahanane Sugeng ora pati nguwatirake, wong ora nganti kebacut semaput. Malah isih bisa crita apa sing     
 
Cêrita Sambung - Ting
  

Ting 10

ANTO sing isih nganggo sandhangan Gathutkaca nrenjel, miyak wong-wong sing kupeng sakiwa tengene amben. Tibane kahanane Sugeng ora pati nguwatirake, wong ora nganti kebacut semaput. Malah isih bisa crita apa sing dirasakake dhek mau kae. Mung bae sedhela-sedhela dheweke pringisan ngempet rasa ngelu ing sirahe.
“Sampeyan mau weruh apa, Dhik Yanto? Sampeyan lak sing paling cedhak,” pitakone Sardi sing isih macak Werkudara.
“Ora weruh apa-apa, Kang Di. Ming krungu suwara mak klethag, ngono. Bar kuwi kok Dhik Sugeng nekem sirahe terus niba mau kae. Nanging anu, dhek ana genjot mau aku nemu barang iki,” sing ditakoni mangsuli karo ngegarake epek-epeke.
Mripat pirang-pirang pasang kaya rebut dhisik olehe nyawang barang sapucuk jempolan sing ana tangane Yanto. Tubane wujud mur sing warnane soklat jalaran teyengen.
“Ooo ..., tibane baut, ta,” cluluke Karsa sing mau dhapuk Pancadnyana.
“Kuwi emur, Kang. Baut kuwi pasangane, sing dawa eneng drate kae!” Sugi ngadeg ana burine mbenerake. Dheweke pancen nyambut gawe ana bengkel montore Koh Tik cedhak gedhong bioskop.
“Nek ngon Dhik Sugeng mau genah diplintheng uwong,” Sardi komentar.
“He-eh, bener sampeyan Kang Di. Mosok nek disawat kok nganti kaya ngono. Upama ora nganggo sumping, dadi apa ...,” Tarmijan melu urun.
Parman sing durung kawetu guneme isih ngadeg ana pernah sikile Sugeng. Kaya mau kae, kulit ing bathuke isih ketara njengkerut. Nanging let sedhela dheweke mlangkah nyedhaki Suhadi, dicandhak lengene dijak ngalih rada ngedoh.
“Enten napa, Kang Man ...?” pitakone Hadi sawise tekan pojokan cedhak kurungan manuk puter.
“Kadose kok empun genah nek Dhik Sugeng wau kenging plintheng, kados pemanggihe tiyang-tiyang nika wau.”
“Sing diajak guneman manthuk-manthuk, banjur kawetu tembunge :
“Sareng semerap mur sing dicepeng Yanto mau, kula nggih langsung mbatos ngoten kok, Kang. Nek sanes plinthengan, lajeng ndamel alat napa kok ngantos saged kados ngoten. Kalih malih, kok angsale titis niku. Sakniki sing kedah dipikir dospundi carane manggihaken tiyang sing mlintheng niku wau,” tembunge Suhadi panyawang kothong. Manut etungane kaya tangeh lamun bisane nemokake, wong cacahe penonton kaya ngana akehe.
Dumadakan Parman njenggirat. Ora kaget saka suwarane manuk puter sing manggung dadakan, nanging marga ana ukara sing dumeling ing kupinge, “Nek ra keneng nganggo cara alus, ya dikasar. Kasar ra mempan, golek cara alus ...!”
Let sedhela buta Cakil sing mung kari clorengan rai kuwi manthuk-manthuk banjur ambegan sajak lega.
“Enten napa, Kang ...?”
“Ngeten, Dhik Hadi. Mugi-mugi mawon angsal kula mbedhek mengke boten klentu, wong nggih namung kinten-kinten.”
“Sampeyan nggadhah rasa sujana napa?”
“Enggih leres. Nanging nggih niku wau, dereng kantenan nek leres.”
“Lajeng ..., sinten tiyange?”
Sing ditakoni lingak-linguk sedhela, lagi aweh wangsulan lirih, “Anu ..., Simin.”
“Simin? Yogane Pakdhe Darman nika?”
“Enggih. Kula kinten leres lare niku.”
Parman banjur nyritakake nalika bengi-bengi Simin teka menyang omah, uga ngenani rancangane olehe arep murungake olehe ijab Sugeng karo Gemi.
Sing ngrungokake ketara ya gumun. Marga omahe pancen let adoh dheweke ora ngerti babarpisan yen Gemi si randha sugih kuwi jebul nduweni pakulinan ora apik, seneng gonta-ganti pasangan tanpa iketan sing sah.
“Lajeng sakniki saene dospundi Dhik, napa lapur pulisi mawon?” pitakone Parman sawise mungkasi olehe crita.
“Empun kesesa lapur pulisi riyin, Kang Man. Proyogine benjing enjing mawon engga teng nggone Pak Jagabaya mawon. Wong sampeyan sing ngertos larah-larahe, dados boten namung angger ngarani”
“Ngoten nggih sae, Dhik Hadi. Nanging anu lho, nggih empun wara-wara riyin. Mergi nek ngantos larene mireng, kula kuwatos nek lajeng kasah, minggat,” welinge Parman mungkasi olehe rembugan pating greneng tanpa dirungokake dening wong liya.
Sing ngrubung Sugeng wis ora pati akeh kaya dhek mau. Nalika Suhadi lan Parman nyedhak jebul Gemi lagi iwut ngresiki paes raine Sugeng sing kahanane wis saya apik senajan ngelune durung ilang babarpisan.
Ngarep omahe Tarmijan wis sepi. Ing dhuwur genjot, sawetara bocah cilik sing ora wani mulih katon lagi turu mlungker kemulan sarung. Bakul semana kehe sing dhek sore mau kaya ngebaki ratan uga wis padha kukut. Swasana ing kiwa tengene omahe Tarmijan bali sepi kaya saben dinane, sepi tur peteng. Lampu-lampu gaspon ing dhuwur panggung uga wis dipateni. Kari ing panggonan gamelan sing isih ana lampune petromaks siji. Sijine maneh dipanjer ana jero omah kanggo madhangi wong-wong sing lagi ngupakara Sugeng sing durung digawa mulih menyang omahe Gemi, ngenteni esuk.
Esuke sadurunge srengenge mlethek Sugeng wis diterake mulih kanthi diboncengake Tarmijan nganggo sepedhahe Gemi, dene sing duwe sepedhah malah trima nunut ana boncengan sepedhahe Suhadi. Jalaran wis ora ana sing dikuwatirake, sawise rampung butuhe Tarmijan karo Suhadi langsung pamit.
Marga ngelingi janjine marang Parman sabubare ngeterake mulih Tarmijan, Suhadi ora terus mulih, nanging bablas menyang omahe Parman sing jebul wis thenguk-thenguk ana emper ngenteni tekane.
“Langsung bidhal, Dhik Hadi...?” pitakone sing duwe omah karo menyat.
“Saene nggih ngoten Kang, mumpung tesik enjing. Mengke nek radi siyang sekedhik mesthi kapancal. Tiyange empun bidhal teng sabin.”
“Omahe Jagabaya Marto Sadiran pancen rada adoh, klebu tlatah krajan. Pangirane Suhadi tibane bener tenan. Nalika Parman karo Suhadi menggok mlebu plataran, sing duwe omah wis katon tata-tata arep menyang sawah.
“Eneng apa kok esuk-esuk? Apa eneng gawe sing penting?” pitakone jagabaya sawise wong telu satata lungguh ana kursi pendhapa.
“Niku lho Pak baya, badhe lapur,” sing mangsuli Suhadi.
“Kedadeyan sing dhek bengi kuwi, ta?”
“Njenengan wau dalu napa nggih mirsani, kok empun ngertos?” pitakone Parman karo ngetokake wadhah rokok tingwene.
“Dicritani anakku ragil esuk mau. Malah dheweke wis meh subuh mau lagi mulih. Terus piye kabare Bomane, apa sida mopo tenan ...?”
“Nek tatune ngoten boten sepinten Pak, namung sekedhik. Nanging sumbere perkawis niku, sing kedah dipadosi. Mila anggen kula mriki wau saperlu nyuwun tulung dhateng Pak Baya supados paring bantuwan kangge manggihaken tiyang ingkang mlintheng Dhik Sugeng wau dalu.”
Jagabaya ora enggal aweh wangsulan. Alise sing wis nyambel wijen meh gathuk lan kulit bathuke sing pancen wis kisut saya katon njengkerut.
“Apa ra ana wong siji-sijiya sing ngonangi pas dheweke mlintheng?”
“Kadose kok boten enten wong, nyatane ngantos sepriki boten enten sing cluluk,” Parman mangsuli. Nuli bacutake kanthi suwara rada mangu-mangu. “Nanging anu, Pak Baya. Nek mung kinten-kinten, kula empun manggihaken tiyang sing perlu disujanani. Namung mawon kula boten saged njamin nek mesthi lerese senaosa kula gadhah alasan maton.”
“Terus ..., anu Man, kira-kira sapa sing kok sujanani kuwi mau?”
“Anu ..., nek boten lepat Simin,” tembunge Parman manteb.
“Simin ...? Simin sapa kuwi?”
“Nika lho, yogane Pak Darman tukang ndamel gedheg, nanging wiwit alit diemong mbahe, Mbah Sur tukang pijet nika.”
Jagabaya manthuk-manthuk banjur ngebulake beluk rokoke.
“Terus alasanmu kok wani ndakwa bocah kuwi?”
“Teng dhusun mriki boten enten lare sing nek mlintheng titise ngungkuli kiyambake, wong ben dinten sasat boten nate pisah kalih plinthengan.”
“Ming kuwi sing kok nggo alasan?”
“Enten malih. Sedanten tiyang lingkungane Yu Gemi sami ngertos nek Simin niku waune dados gendhakane Yu Gemi. Nanging sareng diendhih tiyang enggal, nggih Dhik Sugeng sing kenging plintheng niku, Simin lajeng dicuthik ngoten mawon, boten kangge. Napa malih sareng kepengker nika digrebeg lare-lare, Dhik Sugeng nggih sagah nyimah Yu gemi, manahe Simin saya kemropok. Lajeng sing paling ndrawasi, wingenane kula mireng kiyambak angsale sumbar nek ajeng nggagalaken nikahe Yu Gemi kalih Dhik Sugeng nganggo cara napa mawon.”
Jagabaya Marto Sadiran ketara isih nimbang-nimbang. Ndilalah nalika kuwi bocah tukange ngarit katon kemliwer ana latar, gage diceluk.
“Menyanga omahe Darman bakul gedheg. Kandhanana nek Simin, anake, tak celuk mrene, saiki. Nek isa jaken bareng pisan. Kae lho, nyiliha sepedhahe dhayohe,” prentahe Jagabaya marang rewange.
Karo ngenteni tekane simin wong telu banjur nerusake olehe rembugan. Olehe pating greneng dadi saya seru bareng padha ngrembug perkara kasenengane randha Gemi sing siji kuwi, seneng gonta-ganti kemul.


dening : Dyah Kushar
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.

 kds penutup
wangsul-manginggil

Вадим Логофет Сбербанккисточка для румяналександр лобановский харьков класс

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7300066
  Hari ini     :  Hari ini :717
  Kemarin     :  Kemarin :1596
  Minggu ini   :  Minggu ini :6844
  Bulan ini   :  Bulan ini :27342
Kunjungan Tertinggi
08-22-2016 : 1963
Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang