Ting 09
RENGENGE isih rada dhuwur. Nanging wong-wong sing arep bukak warung dadakan wis padha nyicil nyeleh mejane ana pinggir-pinggir dalan cedhak omahe Tarmijan, ing pamrih supaya ora kedhisikan bakul liyane.

 
Cêrita Sambung - Ting
  

Ting 09

RENGENGE isih rada dhuwur. Nanging wong-wong sing arep bukak warung dadakan wis padha nyicil nyeleh mejane ana pinggir-pinggir dalan cedhak omahe Tarmijan, ing pamrih supaya ora kedhisikan bakul liyane. Kabeh padha njagakake tumetese rejeki ing gebyagan wayang mengko bengi. Dhasar wiwit esuk mau langite katon sumilak padhang nandhakake yen sedina iki mengko mbokmenawa ora bakal ana udan. Apa maneh ujaring kandha sing dipercaya nulak udan Mbah Wakijan sing jenenge wis kondhang tekan ngendi-endi. Siwerane mandi lan ampuh, jarene.
Sadurunge peteng sakiwa tengene omahe Tarmijan wis malih kaya pasar malem cilik-cilikan saka akehe bakul. Wiwit warung dadakan sing ngedhep wedang lan panganan nganti bakul dolanan lan maneka warna jajan bocah kayata sagon, glali, rembesi lan liya-liyane.
Saya bengi swasana saya regeng. Lampu-lampu petromaks pating klencar puluhan cacahe, isih ketambahan maneh oncore bakul-bakul kacang goreng sing racake mung nggelar klasa kanggo lemek, lesehan.
Ing plataran omahe Tarmijan, genjot jembar sing olehe gawe kanthi gotong royong sing digantung ing saben pojokan. Rontek saka dluwang maneka warna uga wis dipasang ngubengi panggung. Sateruse, katon mikropun modhel bathok rong iji gumandhul ana tengah udakara rong meter luwih dhuwure.
Ing sisih kulone genjot utawa panggung wayang, ana maneh genjot rada endhek sing wis ditatani gamelan rong prangkat, pelog lan slendro. Padha karo ing panggung wayang, ing panggonan gamelan kono uga dicepaki mikropun sing cacahe malah luwih akeh, telung iji. Siji digantung ana dhuwur gender dene sing loro diglethakake ana klasa, sing bakale digunakake siji edhang antarane waranggana lan dhalange.
Saya bengi sawasana saya mundhak regeng. Suwarane plembungan thet-thot lan glindhingan orog-orog keprungu ana ngendi-endi, binarung suwarane tangise bocah-bocah sing penjaluke ora dituruti dening wong tuwane. Ing petengan saburine pager bata keprungu swarane bandar dhadhu lagi ngocok dhadhune, dikupeng wong-wong sing padha tombok ngedu nasib.
Nalika para pengrawit wis mapan siyaga ing panggonan dhewe-dhewe, sebageyan penonton sing umume bocah-bocah wiwit ngangseg maju nyedhaki panggung, rebutan golek panggonan ngarep dhewe. Let sedhela gamelan talu, ngiringi suwarane waranggana sing jenenge cukup moncer ing tlatah kono. Krungu unine gamelan, bocah siji loro sing pancen kulina pencilakan padha munggah genjot banjur jogedan pating jligut sapolah-polahe.
Jam setengah sanga Tarmijan sing wis macak bregas katon munggah panggung saperlu aweh sesorah. Lan bokmenawa pancen wis semayan sadurunge, salah siji saka mikropun sing ana dhuwur panggung mlorot mudhun sing nuli ditampani dening Tarmijan.
Olehe menehi sambutan ora nganti ngentekake wektu sepuluh menit jalaran weruh yen penonton semono kehe kuwi ora pati ngrungokake. Mung bae sadurunge mudhun dheweke isih kober mbengok ngunggar semangat,
“Ganyang kabir ...! Ganyang Nekolim ...! Hidup rakyat ...!”
Minangka pambuka, pagelaran diwiwiti kanthi nyuguhake tari Genjer-genjer sing olehe latihan cukup suwe. Nanging jebul ana pepalang, sindhene durung bisa tembange. Nanging Sugeng sing utege klebu encer cepet tanggap. Karo sila ngedhep kendhang dheweke kongkonan ngundang Gemi sing lagi nunggoni pemain wayang sing lagi paes lan dandan.
“Eneng apa, mas ...?” pitakone Gemi saka jaba genjot.
“Sampeyan munggah rene, oleh bageyan nembang wong sindhene rung isa.”
“Emoh, ah! Isin aku. Karo maneh aku lak rung tau nyekel sepeker!”
“Wis ta, ra usah wedi. Engko karo tak tuntun,” Sugeng nggedhekake ati. Pungkasane Gemi manut banjur munggah genjot nyedhaki lungguhe Sugeng. Mike sing gumlethak dicandhak rada minggrang-minggring samar kesetrum. Tembang diwiwiti nganggo buka gender sing banjur disaut cakepan dening Sugeng sing kepeksa ngendhang jalaran tukange kendhang durung wani ngendhangi joged sing pancen isih anyar kuwi. Gemi gage mbarengi. Nanging larase gamelan jebul ora cocog karo suwarane, kepethiten. Sidane Gemi kepeksa ngeden kanggo madhakake suwarane karo laras gamelan.
Tujune kok banjur ana remaja putri loro nyedhaki genjot karo tetembangan mbarengi iramane gamelan. Bocah-bocah mau tibane wis padha apal marga saka kerepe ndeleng latihan neng omahe Mbah Jumali, lan kebeneran suwarane uga pas karo larase gamelan. Sugeng gage ngawe bocah loro mau supaya munggah banjur lungguh awor Gemi. Tembang Genjer-genjer kanthi iringan gamelan wis mlaku apik. Nanging nganti sawetara sing padha njoged durung ana metu senjaan Sugeng wis makaping-kaping menehi aba-aba nganggo kendhange. Nanging jalaran sing nged padhane durung atu dikendhangi, dadine ora ana sing ngerti. Sugeng sing wis kringetan nuli mbisiki penabuh peking sing ana burine dijaluki tulung ngandhani sing njoged supaya enggal metu.
Let sedhela penari limang paang kuwi wis njedhul saka walike slambu banjur mlaku urut kacang ngunggahi panggung lan mapan maut panggonane dhewe-dhewe kaya nalika latihan. Tanpa nganggo ngenteni aba-aba saka kendhang jalaran pancen ora ngerti, Sunthi pasangane Midi wiwit njoged mung nganggo pathokan iramane tembang. Weruh kancane sing manggone ana tengah wis wiwit, Midi lan bocah liyane uga banjur melu-melu. Tujune kok Sunthi sagandhengan rada ngerti irama, saengga senajan tanpa ngreken aba-abane kendhang jogede bisa katon apik. Sing kaya ngono mau mesthi bae gawe bingunge pelatihe. Nanging Sugeng enggal tanggap. Sidane dheweke malah banjur ngetutake solahe sing njoged. Dheweke wis nglenggana yen kabeh mau dudu salahe bocah-bocah, jalaran sasuwene latihan pancen ora tau nganggo diiringi kendhang.
Tujune penonton semono kehe kuwi kok ora ana sing ngerti yen suguhan tari kuwi wiwitane rada semrawut. Buktine nalika remaja limang pasang mau mudhun saka panggung, surake penonton prasasat mabta rubuh. Gemi si pesindhen dadakan uga melu keplok kebak semangat, tanpa maelu yen mikropun sing dienggo mau tumumpang ana pangkone. Kedadeyan wis cetha, suwara keploke Gemi keprungu banter banget ing corong sing ditaleni ana pang wit nangka ing pojok plataran.
Sateruse adegan mbaka adegan bisa lumaku kanthi becik. Ngadhepake parak esuk iringane gamelan wis tekan pathet manyura. Ing dhuwur pangggung lagi nyuguhake adegan paling pokok, Prabu Anom Gathutkaca lagi adhep-adhepan karo Bomanarakasura. Sugeng sing nalika melu latihan sepisanan gawe gelane wong akeh, bareng wis main tenan kok bisa luwih apik. Antawecanane uga wis ora pating slengkrah. Sing kaya ngono mau jalran saka tlatene mister Suhadi sing tansah aweh pituduh lan mbenerake sing kurang apik. Tujune Sugeng sing maune rumangsa pinter kok banjur manut.
Gemi sing isih timpuh cedhak panjak kendhang prasasat kedhep tesmak olehe nyawang sapari polahe si Boma Sugeng. Dene Gathutkaca sing sandhangane luwih mabyor maung disawang arang kadhing. Lucune, jroning batin Gemi kok malah njagokake supaya Boma sing bakal unggul jurite senajan wis ngerti yen mengkone ratu Trajutrisna kuwi bakal kasoran. Nanging embuh, batine kok tetep ngeyel mujekake supaya Boma sing menang.
Kaya lumrahe pagelaran wayang, sadurunge perang tandhing antarane wayang-wayang gedhe keh-kehe diwiwiti nganggo nembang isi panantang. Semono uga perang tandhinge Boma mungsuh Arimbiatmaja nalika kuwi. Boma ndhisiki nembang kanthi solah briga-brigi.
“Keparat si Gathutkaca
Arsa ngrayah praja mami ...!”
Nanging nalika olehe sesumbar lagi oleh rong gatra dumadakan saka pener sirahe keprungu swara kumeclag rada seru. Mak klakep, olehe nembang mandheg dadakan karo nekem sirahe nggon kuping tegen. Let sedhela si Boma katon ndheprok karo mrecing-mrecing kaya ngempet lara.
Meruhi kedadeyan sing nyebal saka skenario mau Suhadi sing bengi kuwi sing dadi dhalang cepet tanggap, banjur mencolot munggah panggung. Disusul wong-wong liyane pating brubul metu saka tobong. Kabeh padha kepengin nyatakake ana kedadeyan apa satemene.
Upama nalika kuwi mbeneri ana penonton anyar sing lagi teka, mesthi bingung weruh adegan kaya ngono kuwi. Gek lakon apa kok ana wayang sepirang-pirang nglumpuk dadi siji. Ana sing pacakane isih ganep, ana sing ora nganggo irah-irahan, malah ana uga sing raine isih paos nganging kok mung sarungan. Ing antarane wong-wong kuwi katon Gemi lagi ndheprok, sikile kaya theklok ora kuwat nyangga awake. Ing jaba panggung, tanpa ana sing ngabani penonton sepirang-pirang padha gemrudug nyedhak.
Sing padha ngrubung dadi saya kaget bareng weruh ana getih ndlewer saka sela-selaning drijine Sugeng sing sajak wis tanpa daya. Suhadi banjur aba supaya Sugeng didhabyang melbu menyang omahe sing duwe gawe.
Let sedhela ndhuwur panggung wis sepi, kari Gathutkaca Yanto ngadeg kijenan jalaran kelangan mungsuh. Dumadakan dheweke weruh ana barang gumlethak ing panggonan sing kanggo ngadeg Boma mau kae. Tanpa mikir dawa barang nyleneh mau dijupuk banjur digegem. Sawise kuwi tanpa nganggo njoged apadene sabetan, Gathutkaca sing mentas menang sadurunge perang nuli ngluntrung mudhun saka genjot nyusul liyane menyang jero omah.
“Piye ...?” pitakone marang Parman sing wis ora nganggo congkop lan irah-irahan Cakil.
“Wis ra apa-apa, kok. Ming nggon buri kuping gosong, eneng tatune. Tujune kok ketutupan sumping, upama ora lak sida blai tenan. Sing dadi pitakonan, kira-kira barang apa sing ngenani sirahe dhik Sugeng kuwi mau,” tembunge Parman kanthi bathuk njengkerut kaya ana sing dipikir.
Gathutkaca Yanto manthuk-mnathuk, barang bunder olehe nemu ana dhuwur genjot mau isih digegem rapet, krasa anyes ana epek-epek.
Ing wektu candahake saka pengeras suara keprungu swara pengumuman. Wose nerangake yen pagelaran wayang wong kepeksa dipunggel tekan semono, ora bisa tutug nganti enteke lakon. Kanthi ati ngendhem rasa gela, sebageyan penonton sing dumadi saka wong tuwa lan wong wadon katon ngedhohi panggung banjur metu saka plataran. Nanging sing akeh-akeh tetep durung gelem mingket, isih kepengin weruh ana apa satemene.


dening : Dyah Kushar
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.

 kds penutup
wangsul-manginggil

игровые автоматы keksкерамические кастрюли купитьотзывы полигон

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7301398
  Hari ini     :  Hari ini :824
  Kemarin     :  Kemarin :1225
  Minggu ini   :  Minggu ini :8176
  Bulan ini   :  Bulan ini :28674
Kunjungan Tertinggi
08-22-2016 : 1963
Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang