19. Ngudhari Masalah Síng Nggubêl Bahasa Jawa

Ånå ing kålåwarti Panyêbar Sêmangat (PS) nomêr 8 taún 2006 kapacak palapurané AT nganggo irah-irahan ’Isíh Akèh Masalah síng Nggubêl Båså Jåwå’.
Isiné mêthik såkå andarané Bapak Sutadi ånå ing sêminar

 
Puspåwarnå - ᭙

19. Ngudhari Masalah Síng Nggubêl Bahasa Jawa

Ånå ing kålåwarti Panyêbar Sêmangat (PS) nomêr 8 taún 2006 kapacak palapurané AT nganggo irah-irahan ’Isíh Akèh Masalah síng Nggubêl Båså Jåwå’.
Isiné mêthik såkå andarané Bapak Sutadi ånå ing sêminar ‘Pêmbêlajaran Båså Jåwå’ kang dianakaké déníng MGMP Båså Jåwå SMP Pónórógó.
Masalah síng lagi nggubêl båså Jåwå prayogå diudhari ånå ing kongrès båså Jåwå síng arêp diadani ing sasi Juli taún 2006.
Wiwit wêktu iki prêlu ancang-ancang kêpriyé carané bisa ndhudhah, lan ngudhari masalahé.

Sêpisan, prêlu ngrêtèni anatomi masalah síng diadhêpi.
Kabèh masalah síng lagi disandhang båså Jåwå prêlu di-idèntifikasi siji mbåkå siji.
Masalah prêlu di-invèntarisasi arupå daftar invêntarisasi masalah (DIM).
Kapindho, nlusuri lan njingglêngi masalahé wêwatón hukúm sêbab-akibat, upamané nganggo pitakónan ‘kênå (ng)åpå’ kók dadi masalah. Sabab åpå kók banjúr kêdadéan kåyå mangkono, wiwít kapan masalahé, lan liyå-liyané.
Kabéh mau mujúdaké ‘kêrangka logis’ síng nuntún cårå utawa tèknik kanggo ngudhari masalah.
Masalah síng lagi nggubêl båså Jåwå ora sit?ík malah kêpårå akèh.
Ånå síng tinêmu ing pasinaón utåwå sêkolahan,
Ånå ing lingkungan kulåwargå lan masyarakat.
Ånå ing ranah pasinaón tinêmu masalah-masalah sing gayút karo kurikulum síng dicakaké wêktu iki wiwít SD lan SMP.
Åpå wís wêktuné kurikulum mau dièvaluasi utåwå di-réview manèh?
Nyêmpurnakaké kurikulum pancén ora gampang lan mbutúhaké wêktu síng ora sêdhèla.
Åpåmanèh kudu trêp karo kompêtènsi, síng ditêmbungi KBK utåwå ’kurikulum bêrbasis kompêtènsi’.
Ånå ing babagan implêmèntasi supåyå muríd trampil nggunakaké båså Jåwå ora múng bab kurikulum.
Ånå ing kèné buku ajar dadi sarånå síng pêntíng kanggo mulang.
Buku ajar síng dicakaké ing pamulangan prayogå dijingglêngi manèh åpå wís trêp karo kaanan saiki.
Mênåwå kurang trêp amargå obahíng kaanan prêlu ditåtå manèh.
Mênåwå ånå buku ajar síng kurang pas utawa bólóng-bólóng prêlu ditambal.
Mênawa ånå síng kliwatan prêlu disulam.
Pårå pakar båså lan sastrå Jåwå síng kulinå nyusún buku ajar prêlu ngrêmbúg bab iki.
Sarasèhan prêlu diadani kanggo nyusún buku ajar ’gagrag anyar’ supåyå jumbúh karo kaanan wêktu iki.
Sawisé buku ajar ditåtå lan tumåtå apík prêlu survey kaanan guru.
Kaanan guru prêlu ditliti.
Thêk kliwêré guru anggóné mulang (wurúk) prêlu dingêrtèni.
Buku wacan síng diwåcå åpå waé, pirå cacahé, tinêmu angèl åpå ora.
Guru åjå mung watón mulang níng prêlu mulang síng nganggo watón utåwå program síng disiapaké kant?i prêmati.
Guru prêlu nyinau lan nguwasani bahan ajar.
Ånå ing kéné guru kudu mumpuni ing kawrúh (pangawikan) ngênani båså lan sastrå Jåwå.
Émané, ora kabèh guru lulusan sêkolah guru (SPG) utåwå institut síng ånå program studi båså Jåwå.
Kanggo guru ånå ing tataran SD tambah bêban amargå buku ajar síng kudu dikuasani ora mung båså Jåwå.
Akèh bahan ajar liyané síng prêlu diwåcå.
Supåyå prosès pêmbêlajaran båså Jåwå ing SD dadi luwih apík prêlu diadani kajian ngênani cak-cakané pamulangan båså Jåwå.
Såpå síng kudu naliti? Jawabané yå pakar båså Jåwå, Dinas síng tugasé gayút karo båså lan sastrå, disêngkuyúng pårå panggilút lan pêndhêmên båså Jåwå.
Tuladhå ngênani ayahan utåwå agênda pênêlitian, upamané: åpå wís wêktuné diangkat guru bidang studi båså Jåwå ing tataran SD?.
Åjå nganti guru ing tataran SD kakèhan utåwå kabótan sanggan amargå kudu nguasani bahan ajar síng akèh bangêt.
Kompêtènsi lan kualitas guru ånå ing pamulangan prêlu ditliti.
Buku ajar lan buku wacan síng ånå uga prêlu diinvêntarisasi.
Kanggo ngudhari masalah kualitas ing pasinaón guru prêlu dikúrsús båså lan sastrå Jåwå.
Kursus síng diadani mbutúhaké wêktu síng cukup åjå múng ’karbitan’.
Nyêmak dudutan kongrès båså Jåwå síng wís diadani rambah píng têlu ånå ing Sêmarang, Malang lan Yogya, isíh akèh bab síng kudu diinvêntarisasi lan diudhari.
Masalah síng nggubêl båså Jåwå ora múng tinêmu ånå ing pamulangan.
Ånå ing lingkungan kulawårgå ugå ånå masalah síng nggubêl.
Wêwatón asíl pênêlitiané Pak Edi Subrótó såkå UNS antarané nyêbút mênawa cak-cakané båså Jåwå ing kuthå-kuthå wís mlórót kualitasé.
Masalah síng nggubêl båså Jåwå uga tinêmu ånå ing lingkungan masyarakat.
Akèh bangêt pahêman lan paguyuban síng isíh nrêsnani lan nggilút båså lan sastrå Jåwå.
Kabèh prêlu cancút lan gumrégah ngudhari masalah.
Program lan ayahan síng ditindakaké pêrlu sinèrgis karo program pamaréntah.
Paguyuban Pênulís lan pêngarang Sastrå Jåwå ugå prêlu tumandang ngudhari kaanan.
Prêlu saiyêg saékå pråyå mbudi dåyå muríh lêstariné båså lan sastrå Jåwå.
Ånå pakar båså síng usúl supåyå têmbúng ’nguri-nguri’ diganti nganggo têmbúng ’mbudidåyå’ síng têmbúng mancané ’em-powerment’.
Pakar mau ngêndika mênåwå nggunakaké têmbúng nguri-uri kêsané kók kåyå ngopéni dinosaurus utawa kéwan liyå síng kudu diopèni.
Masalah síng nggubêl båså Jåwå uga tinêmu ånå ing ranah birokrasi pêmêrintahan. Umumé ngênani bab wragad utåwå anggaran kanggo pêmbinaan båså lan sastrå Jåwå.
Wêwatón amandêmèn pasal 32 UUD 1945 pamaréntah tataran Provinsi, Kabupatèn lan Kota prêlu macak anggaran kanggo båså lan sastrå Jåwå.
Pangajabé, lumantar anggaran síng kapacak ånå ing APBD Kabupatèn / Kota, masalah síng nggubêl båså jåwå bisa diudhari siji mbåkå siji.
Jêr basuki måwå béyå.
Muríh lêstariné båså lan sastrå Jåwå mbutúhaké prabéya síng cukúp.
Akèh bangêt ayahan síng kudu dibandhani nganggo APBD sabên tauné.
Para sutrêsna, pandhêmên, panggilút båså lan sastrå Jåwå prêlu luwíh cakêt lan rakêt karo wakíl-wakilé ånå ing légíslatif.
Informasi síng magêpókan karo båså lan sastrå Jåwa karo prêlu diandaraké karo wakíl-wakilé ånå ing DPRD.
Kanggo nanggapi kongrès båså Jåwå síng arêp diadani sasi Juli 2006 prêlu disiapaké daftar invêntarisasi masalah (DIM) síng nggubêl båså Jåwå.
Mugå-mugå biså dirêmbúg lan diudhari.


Déníng : Ki Sutadi

 kds penutup
wangsul-manginggil

Логофет Вадим Геннадьевичсковорода казансайты отзывов

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9896221
  Hari ini     :  Hari ini :1202
  Kemarin     :  Kemarin :1666
  Minggu ini   :  Minggu ini :5304
  Bulan ini   :  Bulan ini :41002
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang